Tetenger Kutha Solo minangka Kutha Wigati
Salebare Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia lan prastawa gerakan swapraja
ing Kutha Solo, feodalisme asumber panguwasane kaum ningrat ing Kutha
Solo ora ana ajine maneh. Kahanan mangkene ini ndadekake R.M. Saptono
lan R.M. Bandi nandhang kapitunan. Sanajan duwe gelar ningrat, wong loro
kuwi uripe dadi kadidene wong cilik.
Kekarone ngrasakake angel mangan, ngrasakake jaman rekasa nalika
perang ora mendha, lan swasana politik ing Kutha Solo kang ndadekake
urip lan panguripan sarwa angel. Bendi sing duwe sipat ora preduli
marang kahanan, nanging wusana dheweke pengin banget melu perang,
dheweke gregetan meruhi polah tingkahe penjajah Walanda.
”Bandi iki wonge pengin banget perang,” ujare panulis novel Tak Ada Nasi Lain, Suparto
Brata, ing adicara dhudhahan novel kuwi ing Balai Soedjatmoko Solo,
Rebo (17/7) wengi. Bandi kuwi kancane Saptono–yaiku Suparto Brata
dhewe–urip ing Gajahan, Solo. Ing pungkasane, Bandi mati ing perang.
”Kijinge ing Jurug [Taman Makam Pahlawan], kanti tenger R.M. Bandi,”
ujare Suparto. Miturut novelis sejarah RM Daradjadi, lumantar novele
kuwi Suparto kasil nuwuhake rasa kesengsem. “Kaca siji nganti satus aku
durung ngerti arahe crita. Nalika mlebu kaca satusan punjul, aku bisa
ngerti lan aku kesengsem,” ujare Daradjati.
Novel kasebut mbeber swasana kutha Solo nalika geger salebare
Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia. Geger kuwi jalaran tentara
Walanda utawa NICA sing arep njajah maneh tlatah Indonesia. Kajaba kuwi,
uga crita laskar-laskar utawa prajurit ora resmi ing Solo kang duwe
kepentingan dhewe-dhewe.
Uga geger jalaran ngrembakane ideologi komunis, salebare feodalisme kasih dirombak lan Indonesia nganut politik terpimpin. “Solo kuwi kutha kang wigati. Ora ana prastawa wigati ing level nasional sing ora diwiwiti saka Kutha Solo,” ujare Daradjadi.
Ing taun-taun salebare proklamasi, yakuwi 1947-an luwih, ing kutha
sing sadurunge dadi wewengkon Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat
lan Pura Mangkunegaran iki duwe prinsip ngregani sapadha-padha. Suparto
ngandharake kahanan Solo kanthi apik lan urut. Paraga Saptono, lakon
utama ing novel kasebut, urip kaya rakyat cilik liyane.
Miturut sejarawan Heri Priyatmoko, sanajan ing novel kasebut ana katrangan sing ora bener lan ora faktual,
nanging kasil nggambarake swasana jaman kuwi. Drajat sosial para
ningrat asumber kraton sansaya entek gara-gara dikuwasani penjajah
Jepang lan wusana dadi wewengkone Republik Indonesia.
Miturut Heri, novel iki uga nggambarake kanthi cetha sesambungan
sosial antara wong cilik lan golongan ningrat. Novel iki bisa mbiyantu
ilmuwan sosial naliti tingkatan sosial ing pabrayan agung kutha tilas
punjere krajan. (Ahmad Hartanto)
0 komentar:
Posting Komentar