Kangen
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kana kae katon pucet? Ora padhang kaya biyasane.
“Ah… rembulan ing kene sunare kalah karo sunare lampu mercury, Min. Iki kutha gedhe, Min, dudu desa sing sepi lan peteng kaya desane dhewe.”
“Man, geneya awake dhewe ninggalake desane awake dhewe. Geneya, Man?”
Parman ora nyauri pitakon kuwi. Sarmin sing nyelehake sirahe ing
dhengkule uga meneng. Angin adhem sumilir alon nerak sepining swasana.
Dalan ing sangarepe wengi iku sepi nyenyet. Mung siji loro pit montor
sing liwat banter miyak sepining swasana. Sawuse kuwi sepi maneh.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae pucet, Man?” Sarmin takon maneh
sawuse meneng sauntara wektu. Parman sing wis wiwit liyer-liyer ngantuk
gragapan. Abot rasane arep njawab, dheweke mung bisa mijet-mijet sirahe
mitrane mau.
Sarmin saiki siji-sijine mitrane saka desane sing ana sandhinge.
Nanging mitrane sing mung keri siji iki saiki gumlethak tanpa daya. Wis
meh sepuluhan dina iki lara. Embuh lara apa. Parman ora ngerti amarga
durung dipriksakake menyang dokter. Dheweke uga ora ngerti carane
kepriye nambani larane mitrane raket kuwi. Sing bisa dilakoni mung
ngancani lan mijeti awake sinambi ngerih-erih supaya sabar lan ndonga
marang Sing Maha Kuwasa supaya enggal mari.
“Coba rungokna, Man. Rungokna! Rungokna kae bocah-bocah padha nembang Jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Ing sangisore wit sawo ing latare pak lurah. Jamuuuran… yo gegethok… jamuuuran… piye teruse, Man? Piye?”
“Elinga, Min! Elinga! Iki ing kutha gedhe, ora ana bocah-bocah sing
dolanan jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Tontonen kae lampu mercury
sing padhang njingglang. Tontonen kae gedhong-gedhong dhuwur sing
pating jenggelek. Ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran,” semaure
Parman lirih amarga ngantuk.
Rong sasi kapungkur kekarone teka ing kutha gedhe iki. Saka ndesa
pengin golek pagaweyan. Miturut ujaring wong akeh golek dhuwit ing kutha
gedhe luwih gampang ketimbang ing desa sing mencil ing ereng-erenging
gunung ing pinggir alas. Ora lali ijazah SD sing sing ditampa limang
tahun kapungkur ya digawa. Sangu dhuwit ora sepiraa kekarone teka ing
kutha gedhe iki. Kanggone nom-noman loro iki nyambut gawe apa bae
dilakoni, sing baku halal ora nerak angger-angger. Kekarone dadi buruh
bangunan. Kekarone wis melu mbangun puluhan gedhong lan melu mblasak ing
saindhenging kutha ngetutake juragane proyek.
Kekarone pancen mung duwe tenaga lan otot sing rosa minangka
piyandele. Nanging, kuciwane sepuluhan dina kepungkur Sarmin nandhang
lara. Mundhak dina larane mundhak ndadra. Sidane saiki nglempreg tanpa
daya. Jan-jane Parman pengin ngajak mulih, nanging durung oleh idi
palilah saka mandhore, isih disemayani telung dina engkas.
“Man, aku pengin menyang sawah maneh. Macul, nandur pari, matun lan
pengin ngambu gandane lendhut sing anyep ing sikil. Ooo… tontonen kuwi!
Tontonen kuwi manuk-manuk kuntul padha nunggangi gegere kebo. Rungokna
kuwi kodhok-kodhok sing padha ngorek mbungahi!”
Parman gragapan maneh krungu tembunge kancane iku. Gumun krungu
kandhane Sarmin sing lancar, kamangka lagi nandhang lara sing nemen.
Parman mijet-mijet awake Sarmin. Krasa panas kaya mawa.
“Nanging… ah geneya rembulan ing dhuwur kae pucet kaya ngana!”
Parman mandeng langit. Rembulan ing langit kana pancen katon pucet.
Dheweke kelingan sore mau Sarmin njaluk metu saka brak sing dinggo turu
buruh-buruh bangunan kaya dhewe. Lan saiki kekarone turu ing latar amba
ing ngarep gedhong sing durung dadi, saengga langit wengi kang bawera
lan kebak lintang ngenthang-ngenthang ing ndhuwure.
“Man, kapan awake dhewe bali menyang desa?”
“Sabar Min. Aku wis oleh idi palilah Pak Mandhor, nanging nunggu telung dina engkas amarga dhuwite bayaran durung ana.”
“Eh, ya. Aku wis kangen banget marang bapak simbok. Aku pengin banget
menyang sawah maneh. Mesthi sedhela maneh desane dhewe panen lan ana
wayang rasulan, bersih desa. Nanging ah… geneya rembulan ing ndhuwur kae
sansaya pucet cahyane.”
“Min, elinga, Min!” aloke Parman lirih lan tambah gumun marang kancane sing ngoceh ora karuwan iku.
“Sesuk esuk manawa srengenge wis mlethek, aku ora kepengin ana kene
maneh. aku pengin macul lan ngrungokake swarane manuk prenjak sing
ngayer ing papringan. Aku wis ora kepengin ngrungokake swarane montor
sing mbudhegi kuping lan sengake bensin sing mlebu ing irung.”
“Ya… ya… aku mangkono uga, Min. Sing sabar ya! Suk yen Pak Mandhor
wis menehi dhuwit kowe mesthi tak jak mulih. Kowe bakal ketemu bapak lan
simbokmu maneh.”
“Tenan ya, Man?” swarane Parman sing mau lirih saiki dadi rada banter kebak pengarep-arep.
“Tenan, Min! Aku uga pengin macul ing sawah maneh. Ngrasakake anyepe
banyu kalen sing mili. Ngrungokake ocehe manuk ing papringan. Nonton
wayang lan nyawang bocah-bocah dolanan jamuran,” ujare Parman
ngeyem-ngeyemi kancane amarga mesakake nyawang kahanane.
Sajake Sarmin marem, amarga sawise kuwi dheweke banjur meneng.
Kahanan dadi sepi maneh. Kadhangkala saka arah brak keprungu swara
watuk-watuk lan napas sing sajak abot saka buruh-buruh sing turu
kekeselen. Mesthine buruh-buruh kancane mau padha turu kepati nyaur
kesel sing disangga sawise sedina muput meres tenaga.
Ing dalan krungu swarane mobil kang ngebut banter. Sawenehing mobil
liwat, lan dumadakan saka njero mobil mau kumleyang gendul-gendul
minuman keras kang diuncalake, ngantem aspal lan ambyar dadi
sawalang-walang. Banjur lamat-lamat keprungu guyune wong sing lagi padha
mendem ing sajroning mobil mau. Lan ing emperan gedhong sing durung
dadi mau, Parman liyer-liyer nyangga ngantuk. Sirahe Sarmin isih ana
pangkone.
“Man, Parman!” lirih Sarmin aruh-aruh. Ora ana jawaban.
“Maaaan!” saiki rada banter.
“Heeemm… ya. Ana apa?” saute Parman aras-arasen.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae katon pucet.”
Parman tambah gumun amarga kancane sing lagi nandhang lara iku takon bab rembulan sing pucet maneh. Rembulan lan sawah. Geneya?
Ah, mesthine Sarmin kangen banget marang desane lan kelingan marang
jaman isih cilik nalika saben padhang mbulan bareng-bareng dolanan ana
latar kang jembar lan padhang. Parman dadi kelingan jaman nalika isih
cilik lan manggon ing desa pinggir alas kana. Bebarengan wong loro angon
kebo. Dheweke kelingan nalika kekarone dioyak-oyak Mbah Suta sing
kondhang galak amarga kebo-kebone mangani parine Mbah Suta. Menyang
sekolah sawise angon kekarone uga bareng, turu ing langgar nganti
nyolong pelem ing kebone Pak Lurah uga bareng.
Nanging saiki Sarmin nglempreg tanpa daya. Awake panas kaya mawa. Ya
Sarmin sing sregep menyang sawah lan terus bae macul ing sangisore
srengenge kang panas. Sarmin sing seneng dolanan jamuran sing
sangisoring sunar rembulan. Sarmin sing sadurunge mangkat menyang kutha
terus terang kandha marang dheweke manawa kepencut marang Sumini, anake
Lik Wongso, lan duwe rencana manawa wis oleh dhuwit sing akeh saka kutha
bakal nglamar Sumini. Ah, apa Sumini ngerti manawa saiki Sarmin
nglempreg tanpa daya?
“Aku kangen marang sawah lan pengin dolanan jamuran maneh, Man!”
“Ya…ya… aku uga mangkono, Min!”
”Jamuran…ya gegethok…jamuran ya gegethok… Ah nanging geneya mbulane tambah pucet!” grenenge Sarmin.
Sepi sauntara. Hawane sansaya atis. Parman pengin ngajak Sarmin mlebu menyang brak. Nanging…
“Man, apa gelem kowe tak jak munggah menyang rembulan?”
“Oooo… mesthi bae! Mesthi bae!” saure Parman kanthi bingung. Tangane
ngelus-ngelus bathuke Sarmin. Panas sing kaya mawa ora mendha-mendha.
“Ohh… Man! Awake dhewe bareng-bareng munggah menyang rembulan. Apa ing kana ya ana sawah lan kebo ya, Man?”
“Ohh… mesthi ana, Min! Mesthi ana!”
“Oohh… senenge manawa mangkono,” lirih kandhane Sarmin. Banjur sepi maneh. Rada suwe, Parman tambah ngantuk.
Bebarengan karo Sarmin, Parman mabur menyang rembulan. Tangane wong
loro gegandhengan. Nanging dumadakan ing satengahing dalan tangane
Parman uwal saka tangane Sarmin. Parman tiba kumleyang ing langit kang
jembar, dene Sarmin terus bae mabur. Mabur. Mabur menyang rembulan.
Parman mbengok sarosane nyeluki Sarmin. Nanging Sarmin ora nggape. Lan
wekasane awake Parman tumiba ing bumi. Parman mbengok sora. Mripate
melek pendirangan. Aahhh… tibake mung impen. Nanging…
Min…Sarmin! Min…Sarmin…!” Parman ngoyog-oyog awake Sarmin sing isih turu ing pangkone. Nanging ora ana wangsulan…
0 komentar:
Posting Komentar