Kamis, 04 Desember 2014

Sastra lan Nostalgia

Sastra lan Nostalgia

 

Maca karya sastra kuwi sok-sok ngiras pantes nostalgia. Kuwi sing krasa nalika Pawon Sastra tembayatan kalawan Balai Soejadmoko, Rebo (17/7) wengi kapungkur,  ngadani adicara ndhudhah buku asesirah Tak Ada Nasi Lain, novel abasa Indonesia karyane Begawan Sastra Jawa Suparto Brata.

Buku iki weton Penerbit Buku Kompas, Mei 2013. Novel sing 50 taun kapungkur kapacak minangka crita landhung ing Kompas kuwi  narik kawigatene para sutresna sastra, mligine para nom-noman. Crita sing kababar ing novel iki dumadi ing Kutha Solo lan tlatah sakiwa tengena ing pungkasan penjajahan Walanda, jaman penjajahan Jepang, nganti jaman dumadine paprangan sawise Bung Karno lan Bung Hatta mbiwarakake proklamasi kamardikan Indonesia.
Para sastrawan lan sutresna sastra kang teka ing dhudhahan novel kasebut nelakake lamun novel ”sejarah” iki ditulis kanthi cara mbabar pengalaman kang temen-temen dialami dening panulisme. Cara nulis novel kang mangkene ini ndadake sing maca kaya-kaya bisa ngrasakake apa kang dumadi ing jaman dumadine crita kasebut. Panulis lan crita sing ditulis kaya-kaya ora ana let. Iki ndadekake sing maca uga rumangsa ora keletan kalawan apa kang dicritakake.
Novel ini ngandhut daya ngejak sing maca supaya tansah ngrumat ”rasa sejarah”. Novel iki uga nggambarake lamun ing sejarah bangsa Indonesia, wiwit jaman ngrebut kamardikan nganti ngukuhi kamardikan, Kutha Solo mujudake tlatah kang wigati. Kepara nganti titi wanci iki Kutha Solo tetap dadi tlatah kang wigati gegayutan apa kang dumadi ing madyaning bangsa lan negara Indonesia.
Lelandhesan cathetan sejarah, ora ana kedadeyan penting sing ora ana gepok senggole kalawan warga lan Kutha Solo. Ing novel iki gegambaran kanyatan mangkono mau ketara banget. Kutha Solo lan tlatah sakiwa tengene sing duwe kabudayan apunjer kraton dibabar kanthi “rasa sejarah” kang kandel banget. Lan kanyatan sejarah nalika para ningrat kudu kelangan kaningratane sawise revolusi kamardikan uga dibabar kanthi ”rasa sejarah” sing temen-temen.
Novel Tak Ada Nasi Lain sugih simbol. Ing jaman penjajahan Walanda utawa nalika Paku Buwono X jumeneng nata ing Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, rakyat kudu ngecakake pranatan baku kanggo ngurmati Paku Buwono X, kluwarga lan para ningrat pandhereke. Nanging ing jaman penjajahan Jepang, tata cara mangkono mau sinebut ”perbudakan”. Lurik sing dadi sandhangan rakyat dianggep simbol urip mlarat. Dene coklat pawehe wong Jepang dadi barang sing ngundang rasa cubriya.
Balungan crita ing novel iki apunjer kluwarga ningrat Wirosaroyo sing urip ing jaman ngukuhi kamardikan lan ngupaya ngangkat drajate bangsa Indonesia ing jagad internasional. Novel iki nggambarake wolak-waliking jaman apunjer lelakon uripe bocah lanang sing jenenga Saptono—gegambaran jaman cilike Suparto Brata.
Novel iki kasil nggambarake “kanyatan” kang dumadi ing jaman penjajahan Walanda, jaman penjajagan Jepang lan kawitan jaman kamardikan. Tata cara mangan lan sesambungan kluwarga digambarake kanthi pepak nanging natural. Sing maca novel iki bakal nemokake gegambaran swasana kluwarga sing kadayan dening wolak-waliking jaman.
Novel Tak Ada Nasi Lain iki nyumbang cathetan wigati tumrap upaya ndhudhah sejatining Kutha Solo lan kabeh isine.  Novel sepisanan karyane Suparto Brata iki kuwawa ngejak para sesepuh ngeling-eling, nostalgia, jaman sekolah lan wacan-wacan jaman kuwi sing tansah ndhidhik para siswa murih tansah taberi maca. Suparto Brata ing taun iki ngancik yuswa 81 taun lumantar novel iki nandhesake supaya generasi mudha jaman saiki aja nganti ninggalake budaya maca lan nulis.

 

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Web Hosting