Budi Pekerti Kuwi Landhesan Kamanungsan
Wujud kabudayan Jawa ora mung gaman keris, wangunan joglo, utawa
ricikan gamelan. Kabudayan Jawa kuwi uga kawujud ing basa, etika lan
solah bawa. ”Diwiwiti kanthi wujud verbal, sabanjure laku uripe manungsa, banjur produk peradaban,” ujare Ketua Institut Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Sahid Teguh Widodo, nalika ditemoni Espos ing kantore, Selasa (4/3).
”Solah bawa kang alus lan sopan, ora mung ana ing Jawa. Kuwi bisa
diwulangake dening saben wongtuwa ing ngendi wae. Nanging, Jawa duwe
pakem ing sesrawungan. Marang wong tuwa, enom, cilik lan panguwasa utawa
priyagung,” pratelane Sahid. Tradhisi ngurmati marang wong liya kasebut
dudu feodalisme, nanging budaya kan ngandhut ngelmu urmat marang wong liya.
”Gamblang lan cetha banget nalika sipat-sipate Obama ndadekake
dheweke nggayuh kalungguhan mula. Sipat lan solah bawa sopan kuwi
pondhasine moral. Basane apik nanging ora e sopan, ya dadine ora becik,”
piterange Sahid. Miturut Sahid, generasi mudha Jawa jaman saiki
jan-jane isih akeh sing mancik lan gondhelan marang kabudayan Jawa,
sanajan ora sithik sing ninggalake Jawane.
Dhosen Filsafat Ilmu ing Program Pascasarjana Universitas Sebelas
Maret (UNS), Oesman Arif, ngandharake lamun wong Jawa kuwi ora ngasorake
sapa wae, sanajan kuwi mungsuh. “Obama nuding Mitt Romney nganggo
jempol. Nuding nganggo jempol kuwi ngurmati, sanajan kuwi mungsuh ing
pemilihan presiden,” pratelane Oesman
Mula, miturut Oesman, wigati banget tumrap wong Jawa tansah ndhudhah
oyot kabudayane nganti sumbere. ”Gelem ngombe banyune, nanging ora
ngerti sumure. Nalika sumure reged lan kasatan, lagi bingung. Mula
sumber kabudayan kuwi kudu digatekake dening wong Jawa, kudu diopeni,”
Oesman nandhesake panemune.
Tanggung Jawab
Kabudayan Jawa ing wujud etika nggunakake basa, solah bawa dan
prilaku pancen wus ora diwulangake kanthi temen-temen ing
sekolahan-sekolahan. Kurikulum Basa Jawa ora kuwawa nyakup kabeh
landhesan etika Jawa minangka sumber nggegulang generasi. Miturut
dhalang lan dhosen ing Akademi Seni Mangkunegaran (Asga), Ki Demang Edy
Sulistiyono, mulangake kabudayan Jawa ing jagad pawiyatan formal kuwi wigati supaya generasi mudha ora kelangan jati dhiri.
Kudune wong Jawa kuwi isin lan ora lila nalika ana wong liya gumregut
sing sinau lan ngetrapake kabudayan adiluhung Jawa, dene wong Jawa
malah ora ngerti lamun kabudayan Jawa kuwi ngandhut wulangan adiluhung
kang asipat universal, bisa ditampa dening sapa wae lan saka ngendi wae.
Pendhidhikan budaya Jawa kang becik kudu sinartan wulangan budi
pekerti, kudu ana guru budi pekerti. Dwija budi pekerti ora mung dwija,
nanging ngerti temen-temen apa Jawa kuwi. Ing jaman saiki, sing
diwulangake rata-rata mung kulite, satri pathine ora tau didhudhah.
Samesthinya ing saben sekolahan ana dwija budi pekerti ing saben
sekolah. Iki sing bisa nguwatake jati dhiri lan kapribaden wong Jawa
kang temen-temen njawani.
Kajaba kurikulum ing jagad pawiyatan formal, miturut Oesman, media massa kudune
aja mung mertakake lan nggiyarake asil-asil buday amanca kang racake
saperangan akeh ora trep kalawan jati dhiri budaya Jawa, mligine babagan
etika. Media massa pancen ngrembaka dadi bisnis,
nanging, miturut Oesman, kudune aja nganti lali marang kuwajiban lan
tanggung jawab supaya generasi mudha ngadeg jejeg ing pondhasi kabudayan
Jawa minangka oyot kabudayan lan jati dhiri.
0 komentar:
Posting Komentar