Etika Jawa Trep Tumrap Sapa Wae
Nalika warga Amerika Serikat milih Barack Obama minangka presiden ing
2008, Indonesia lan Jawa katut disebut dening medhia-medhia
internasional. Indonesia pancen negara sing ana gandheng cenenge kalawan
laku uripe Obama. Jaman isih cilik, dheweke urip ing tengah-tengahe
warga Jakarta.
“Maturnuwun baksone, sega goreng, emping lan kerupuke,” ujare Obama
nalika tumeka ing Istana Merdeka, Jakarta, November 2010 kapungkur.
“Kabeh enak,” ujare Obama ing basa Indonesia sing grothal-grathul,
nanging nengsemake tumrap sapa wae.
Maneka jinis panganan kasebut pancen dadi perangan uripe Obama, lan
nalika dheweke ketemu lan ngrasakake maneh, ndadekake dheweke kelingan
jaman isih cilik lan urip ing Jakarta.
Sanajan Obama keturunan Kenya lan lair ing Hawaii, Amerika Serikat,
dheweke kabiji duwe sipat-sipat lan solah bawa sing nuduhake
simbol-simbol kejawen. Bab kasebut diandharake penulis esai warga
Inggris, Edward Fox, ing ariwarti Guardian Februari kepungkur. Irah-irahan tulisan kasebut The Obama From Java (Obama Saka Jawa).
Ing tulisan kasebut, dheweke njlentrehake maneka falsafah lan etika
Jawa kang bisa kadulu ing jati dhirine Obama. Antarane yakuwi
pakulinane Obama nggunakake jempol, dudu driji panuding, nalika
nyumanggakake wong liya utawa nalika nuduhake sawijining wong .
Ing debat calon presiden AS, Obama nuding calon presiden saka Partai
Republik, Mitt Romney, nggunakake jempol. Nuding wong liya nggunakake
driji panuding miturut etika Jawa kalebu patrap ora sopan.
Obama tansah nyuwara alus lan kebak sopan santun nalika guneman.
Obama uga tansah gelem srawung karo kabeh wong, ora mbedak-bedakake
suku, agama lan ras. Obama uga luwih nengenake laku ngrungokake swara
warga bebrayan ageng tinimbang kakehan debat adu argumentasi.
Miturut pamerdi budaya Jawa kang uga dhosen ing Akademi Seni
Mangkunegaran (Asga) Solo, Ki Demang Edy Sulistiyono, ora mokal nalika
Obama tansah nuduhake patrap lan sipat-sipat kang raket banget kalawan
budi pekerti asumber budaya Jawa. Sanajan ora suwe urip ing tlatah Jawa,
miturut Edy, nanging Obama pancen nuduhake sipat lan etika kejawen.
Lire, miturut Edy, etika Jawa kuwi pancen gampang ditampa dening sapa
wae lan mesthi trep ing pribadine saben manungsa kang tansah ngudi
kabecikan. ”Etika, estetika lan kaendahan budaya Jawa nalika manjing
minanga atmosfer pribadi ora bakal ilang sanajan wong kuwi pindhah-pindhah panggonan utawa nganglang jagad,” pratelane Edy nalika disowani Espos ing kantore, Senen (3/3).
Simbol-simbol lan etika kejawen ngandhut kaskaya tan winates kang
bisa diudhari, disinau lan dilakoni. Wong Jawa duwe sipat tepa selira,
medhang miring, tanggap ing sasmita lan isih akeh maneh. Tepa selira
yakuwi nggambarake wong liya kaya awake dhewe.
”Nalika ora kepingin dijiwit, ya aja njiwit wong liya, kuwi tepa
selira,” pratelane Edy. Medhang miring yakuwi ”nyandhak” wong liya
nanging kanthi cara ora langsung nuding wonge supaya ora kelara-lara lan
njaga rasa. ”Nalika ana tamu kandha: sumure apa asat, ta? Hla, sing
duwe omah krasa, tanggap sasmita, kuwi tandha dhurung disuguhi wedang,”
piterange Edy.
Etika Jawa sing dianggep sepele nanging wigati yakuwi nalika liwat
ing ngarepe wong liya, samesthinya ngucap ”nyuwun sewu” utawa
”amit-amit”. Nanging, bocah saiki, akeh kang ora mudheng etika mangkene
ini, biyasane jlag-jlug wae liwat tanpa ngucap nyuwun sewu.
Kadidene Samodra
Durung suwe iki nalika Joko Widodo isih nglenggahi kursi Walikota
Solo lan duwe panemu kang beda kalawan Gubernur Jawa Tengah, Bibit
Waluyo, babagan rengrengan mupangatake tilas Pabrik Es Saripetojo,
Gubernur Bibit nelakake lamun Walikota Solo kuwi bodho. Nanggapi
pratelane Gubernur kuwi, Jokowi ora nyelaki.
”Nalika kuwi Jokowi malah nglenggana lamun dheweke pancen walikota
sing bodho. Patrape Jokowi kuwi Jawa banget, njawani. Pancen dheweke
pinter ing babagan iki,” pratelane Edy.
Jalaran sipat lan solah bawa kang njawani kuwi malah akeh warga
bebrayan ageng sing mbelani Jokowi. Wong sing gampang ngasorake wong
liya, sanajan kuwi bener, malah bakal digenthingi dening wong akeh.
Sipat gampang ngasorake wong liya kuwi asumber watak umuk lan gumedhe.
Miturut dhosen ing Jurusan Sastra Daerah (Sastra Jawa) Fakultas
Sastra dan Seni Rupa (FSSR) Universitas Sebelas Maret (UNS), Christiana
Dwi Wardhana, isih akeh patrap utawa solah bawa sepela kang mengku
wigatine etika Jawa. Wong sing njawani kuwi nalika mangan mesthi lungguh
anteng tanpa kakehan swara, yen mamah panganan ora kumecap.
”Aku isih kelingan, nalika aku isih cilik tau ditapuk cangkemku
jalaran nalika mangan nywara, pancen ngono kuwi dianggep ora njawani,”
piterange Christiana.
Mangan kanthi ngadeg ing adicara tinamtu kadidene pawiwahan jan-jane
uga dudu budaya Jawa, kuwi budayane wong Kulon. Wong Jawa ora bisa
nampa patrap mangan sinambi ngadeg, mlaku mrana-mrene, guneman lan
guyon.
Nalika ana wong loro utawa luwih sapatemon, sipat njawani kang bener
yakuwi ngrungokake apa sing dikandhakake dening wong liya. Nalika
nggatekake lan ngrungokake omonange wong liya ya aja disambi dolanan handphone utawa ngrungokake Ipod.
”Anakku tak seneni jalaran dijak omong dening wong sing luwih tuwa malah dolanan handphone.
Tak saut HP-ne. Kuwi ora bener, kurang sopan,” pratelane Christiana.
Miturut Edy Sulistiyono, wus pitrahe manungsa ing tlatah Jawa ora bakal
ilang Jawane. ”Nalika isih ana wong Jawa urip, Jawane uga urip,”
pratelane Edy.
Jawa bakal urip lan manjing harmonis ing antarane laku uripe wong
Jawa kasebut. Sanajan siji loro wus rumangsa ilang Jawane amarga njupuk
kabudayan liya, kuwi dudu mayoritas. Budaya Jawa, miturut Edy,
tansah kuwawa manjing ing jaman apa wae. Watake budaya Jawa kuwi yektine
kadidene samodra, bisa dileboni apa wae nanging ora bakal ilang jati
dhirine.
Apa kang dumadi ing pribadi Obama, miturut Edy, nuduhake lamun watak
lan sipat kang njawani kuwi bisa ditampa lan trep marang saben
manungsa. Lire, kabeh manungsa kuwi seneng lan cocok marang watak alus,
tepa selira, ngregani liyan, andhap asor lan sapiturute.
0 komentar:
Posting Komentar