Ngugemi Budaya Jawa Sithik Mbaka Sithik
Bebrayan agung Jawa ing titi wanci iki jan-jane ing kahanan kadidene nglilir nalika budaya Jawa sansaya angslup lan kedheseg dening budaya manca. Teknologi televisi lan Internet dadi dalan mlebu kabudayan asing kasebut. Ora kabeh kabudayan asing ala, nanging wus bukti lamun kabudayan kasebut ndheseg lan nyingkirake budaya Jawa.
Karya seni budaya kethoprak, wayang purwa utawa wayang wong lan
liyane sansaya kalah dening karya seni budaya saka manca. Kepara
tapsiran budaya Jawa kang adiluhung kaya ta gotong royong lan tepa
selira saiki uga sansaya kasingkir, sansaya ilang.
”Wong Jawa saiki bisa diarani kelangan rasa ikhlas lan samubarang
gawe ngemu pamrih. Gelem mbiyantu liyan nanging mesti ngajab pituwas,”
ujare Pangarsa Kepemimpinan Spiritual Indonesia, Eka Sapta Wijaya, ing
adicara sarasehan lan bawa rasa Balekno Jawaku ing Gedhong Krisna, Techno Park Sragen, Kemis (28/3). Sarasehan kuwi diadani dening Paguyuban Budaya Nusantara Cabang Sragen.
Wong Jawa, miturut Eka, uga wus kelangan jagad lan jamane. Kelangan
jagade jalaran apa-apa sing kesimpen ing njero bumi, apa sing ana ing
segara, malah dikuwasani bangsa manca. Kelangan jamane jalaran wong Jawa
wus ora bisa ngatur urusane dhewe, kabeh dikuwasani pehak asing.
Ing titi wanci iki, jarene Eka, wong Jawa wus kelangan rasa tatag
kang dadi landhesan mbangun bebrayan agung. Mula, rasa tatag kasebut
kudune didhedher lan dirumat maneh supaya thukul lan ngrembaka ing saben
pribadi wong Jawa. Wong Jawa ora patut rumangsa luwih cilik tinimbang
bangsa liya.
Banjur kepriye supaya wong Jawa bali ngregem budayane maneh, ora
rumangsa asor lan ora rumangsa dadi wong kuna nalika sapatemon lan
sesandhingen kalawan budaya liya? Cara gampang dhewe sing bisa dilakoni
yaiku nyinau maneh lan bali maneh marang basa Jawa. Miturut Pangarsa
Paguyuban Kawula Karaton Kasunanan Surakarta (Pakasa) Sragen, KRA Rawuh
Suprijanto Hadiningrat, generasi mudha Jawa apike diwajibake sinau basa
Jawa.
”Basa Jawa diwulangake pawiyatan tataran SD nganti tataran SMA utawa
universitas. Dadi bocah cilik nganti dewasa tepung lan dunung marang
budayane dhewe, ngugemi tata krama Jawa, ngerti marang tapsiran budi
pekerti lan kesenian asumber budaya Jawa,” pratelane Rawuh.
Pasarta sarasehan, Siswadi, nelakake murih kupiya nyinau nynau lan
nresnani budaya Jawa kasebut bisa kawujud kanthi mantep luwih prayoga
menawa sarasehan ngrembug Jawa lan budaya Jawa kuwi uga diadani tumrap
para guru. ”Guru kuwi tepa tuladha ing jagat pamulangan. Lamun para guru
nuduhake sikep lan tumindak kang temen-temen ngugemi budaya Jawa, para
siswane mesthi bakal niru,” piterange Siswadi.
Ajeg
Budayawan Jawa saka Karaton Kasunanan Surakarta, KRA Suseno Bumi Moyo
Renggodipuro, mratelakake lamun ngrembug budaya Jawa pancen kudu nyakup
para guru. Nanging, miturut Suseno, kabeh warga bebrayan agung Jawa
wiwit saiki kuwu tangi lan cancut taliwanda bali ngugemi budayane dhewe.
Sapa wae warga bebrayan agung Jawa kang duwe latar jembar, duwe omah
amba, utawa duwe kapustakan ing omah, sakbisa-bisane kudu didayakake
kanggo ngrembalake krenteg lan kupiya nyinau, ndhudhah lan ndayakake
budaya Jawa. Punjer pasinaon budaya Jawa kudu didhedher, didegake, ing
ngendi wae, ora kudu ing sekolahan utawa pamulangan resmi.
Latar jembar, omah amba, kapustakan kuwi mau bisa didayakake kanggo
ndhudhah tapsiran adiluhung ing maneka dolanan bocah asumber budaya
Jawa. Bocah-bocah Jawa jaman saiki wus kelangan papan kanggo ngrembakake
kapribaden lan ragane. Para bocah kang gelem nglumpuk ing latar jembar,
omah amba utawa kapustakan bisa ditepungake marang samubarang budaya
Jawa kanthi cara dolanan.
”Kanthi cara ditepungake sithik mbaka sithik marang budaya Jawa,
nanging kanthi cara ajeg, ing samengkone ing jiwane bocah-bocah kuwi
bakal nabet tapsiran budaya Jawa kang adiluhung lan wusana bakal
dicekeli lan diugemi minangka pancatan nglakoni urip nganti dewasa,”
piterange Suseno.
0 komentar:
Posting Komentar