Jawi Kedah Njawani
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih
lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen
sariranira, sudanen dhahar lan guling (Serat Wulangreh, PB IV)
Unggah-ungguh/tata krami salah satunggalipun tembung ingkang wigati
tumrap bebrayan Jawi. Unggah-ungguh nedahaken tindak-tanduk lan
pakartinipun budaya tiyang Jawi anggenipun sesrawungan kaliyan tiyang
sanes.
Tata krami sumberipun saking kabudayan Jawi mliginipun basa Jawi.
Tiyang Jawi ngginaaken basa Jawi mboten namung sarana kangge sesrawungan
nanging ingkang langkung utami kangge atur pakurmatan tiyang sanes
utawi nglenggahaken status sosial ingkang kedah dipun kurmati.
Para leluhur ing tanah Jawi ndadosaken tata krami minangka way of life ingkang sampun ambalung sungsum dados perangan
gesangipun manungsa. Pramila kangge mengertosi budaya Jawi sawetahipun
ingkang kebak pralambang lan pasemon ingkang sinamung samudana, kedah
dipun sinau, dipun gegulang kanti raos ingkang sareh lan sumeleh saha
kanthi lantiping sasmita.
Kados kasebat wonten ing Serat Wulanreh pupuh Kinanthi yasan
dalem PB IV ing inggil. Tiyang Jawi sanget nemenaken olah rasa lan olah
jiwa. Pramila babagan tata krami kedah dipun persudi, dipun
lestantunaken minangka jati dhirinipun tiyang Jawi.
Nanging ing wekdal sapunika, wonten raos prihatos amrih lestantunipun
budaya Jawi. Unggah-ungguh tumrapipun saperangan para mudha dipun
lirwaaken, nilar tata krami, tebih saking subasita. Sansaya dangu
mboten ketingal gregetipun nggegulang kawruh budaya nanging kepara
nyingkuri jati dhirinipun piyambak.
Para mudha ingkang kagadhang-gadhang saget nglajengaken kagunan
budaya ing madyaning bebrayan, malah mboten wonten rumaos melu
handarbeni budayanipun. Punika sampun kabukten kathah para mudha ingkang
mboten saget matur mawi basa Jawi, langkung remen ngginaaken basa
manca, sarwa kebat kliwat, kirang duga lan prayoga, kirang trapsila,
grusa-grusu lan sanesipun.
Babagan kawontenanipun para mudha ingkang kados mekaten, tebih
sakderengipun, raja ing Surakarta Sinuhun PB IV sampun paring cecala
ing pupuh Kinanthi pada kaping 8: Yen wong anom-anom iku, kang
kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging
dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.
Kasinggihan, sapunika sampun arang kapireng tembung: nyuwun sewu, ndherek langkung, nyuwun pangapunten, kepareng matur tumrapipun para mudha. Tetembungan punika, sanajan namung sapala, nanging mengku tata krami menawi badhe matur dhumateng tiyang sanes.
Lunturipun tata krami, salah satunggalipun sabab nyebataken awit
majengipun teknologi informasi lan globalisasi, ingkang ndadosaken jagad
pasrawungan sarwa instan.
Samubarang tumindak kedah cepet supados mboten tinilar jaman. Punika
wonten leresipun, nanging sampun ngantos budaya Jawi, mliginipun unggah
ungguh/tata krami, ical musna kados dene basa Jawi Kina ingkang sapunika
sampun mboten saged dipun magertosi malih. Sumangga sadaya gumregah,
gumregut lan mbudidaya amrih lestantunipun.
0 komentar:
Posting Komentar