Novel kanggo Ngrumat Sujarah
Maca buku sejarah wigati kanggo mangerteni sejatining kang dumadi ing
jaman kawuri lan ing titi wanci saiki. Hamula buku sejarah sing kababar
arupa buku dening penerbit dadi buku wajib tumrap para siswa ing
sekolah formal.
Buku sejarah kuwi ngamot katrangan maneka warna kang anjoge bisa dadi
kaca benggala tumrap urip ing jaman saiki lan ing jaman yang bakal
teka. Emane, isih akeh bab-bab wigati kang dumadi ing jaman kawuri ora
kacathet ing buku-buku sejarah kuwi mau.
Dina Jemuah, 17 Agustus 1945, Bung Karno lan Bung Hatta mbiwarakake
kamardikan Republik Indonesia kanthi maca teks proklamasi. Tegese, ing
dina kuwi ngadeg negara Republik Indonesia sing mardika. Nanging
generasi mudha jaman saiki ora padha ngerti piye swasana pabrayan agung
nalika prastawa kang kebak tapsiran sejarah kuwi dumadi.
Apa kabeh warga pabrayan agung sing wiwit dina kuwi sabanjure kasebut
Republik Indonesia kabeh padha seneng? Yen ta seneng, senenge kepriye?
Swasana kasebut ora digambarake ing buku-buku sejarah. Swasana kang
mangkono mau bisa dibabar dening Begawan Sastra Jawa, Suparto Brata, ing
novel abasa Indonesia asesirah Tak Ada Nasi Lain, weton Penerbit Buku Kompas, 2013.
Novel “sejarah” sing kababar sepisanan 50 taun kapungkur ing wujud crita landhung sing kamot ing ariwarti Kompas
kuwi katulis ing basa Indonesia nanging crita sing kakandhut kenthel
dening kabudayan Jawa, mligine kabudayan ing Kutha Solo lan sakiwa
tengene. Ing buku kasebut Mbah Parto—mangkono sesebutan sing kaprah
tumrap Suparto Brata—nyritakake swasana nalika kluwarga pegawai sepur
padha ngungsi saka Garut tumuju Sragen.
Uga ada gegambaran swasana nalika tentara Divisi Siliwangi iang Jawa
Barat kudu long march, ngungsi menyang Solo. Malah ana uga gegambaran
swasana nalika Partai Komunis Indonesia madeg kraman sedya ngrebut
panguwasa ing taun 1948. Kedadeyan-kedadeyan wigati kanggo merdeni apa
kang dumadi ing jaman kawuri kasebut dening Mbah Parto diracik
adhedhasar pengalaman pribadine, ora asumber saka buku-buku utawa
critane wong-wong liya.
”Novel iki [Tak Ada Nasi Lain] dak tulis seket taun kepungkur. Ora bisa kababar nganti 1990-an kamot ing ariwarti Kompas
minangka crita landhung. Wulan Mei wingi [Mei 2013] bisa bisa kababar
ing wujud buku,” ujare Mbah Parto nalika medhar andharan ing dhudhahn
novel Tak Ada Nasi Lain ing Balai Soedjatmoko Solo, Rebo (17/7) wengi kapungkur.
Novel kasebut nyritakake paraga bocah keturunan ningrat sing jenenge
Saptono. Paraga bocah iki gegambaran pribadine Suparto Brata dhewe.
Bocah kuwi dititipake ing kluwarga ningrat ing Gajahan, Solo. Novel 545
kaca kasebut mbabar kahanan Kutha Solo lan sakiwa tengena ing antarane
taun 1938-1958. Maca novel ini bakal nuwuhake gegambaran kahanan
pabrayan agung ing Solo lan sakiwa tengene ing jaman penjajahan Walanda,
Jepang, jaman perang kamardikan lan jaman ideologi komunis ngrembaka
ing tlatah Indonesia.
Miturut panulis novel wayang, Pitoyo Amrih, kang rawuh ing dhudhahan
buku kasebut, novel karyane Mbah Parto kuwi kapetung novel ing basane
samadya, kepenak diwaca. Miturut Pitoyo, Mbah Parto kasil nggawa swasana
batine, rasa wedi lan seneng, sarta swasana wewengkon Solo nalika jaman
penajajahan Walanda, jaman penajajahan Jepang, jaman ideologi komunis
ngrembaka lan jaman nalika akeh cecongkrahan ing antarane warga Republik
Indonesia.
Miturut Pitoyo, novel abasa Indonesia sing kenthel banget Jawane kuwi
bisa dadi kaca benggala kanggo merdeni laku jantraning urip pabrayan
agung ing Kutha Solo lan tlatah sakiwa tengene. ”Aku nyathet ana sing
langka temen-temen ing novel iki. Panulis ngandharake pengalaman uripe
ing novel ini, ora ana let antarane panulis lan crita sing dibabar,”
pratelane Pitoyo.
Basane uga kepenak lan bisa nuwuhake rasa katut, keli, lan kaya-kaya
bisa ngrasakake apa kang dumadi ing jaman sing dadi latare crita
kasebut. Miturut Pitoyo, bab mangkene iki tangeh lamun bisa tuwuh nalika
maca buku sejarah, cathetan sejarah, utawa ensiklopedia sejarah. Ana
pasarta dhudhan buku kasebut, Susanto, sing nyaruwe jalaran nemokake ana
fakta utawa kanyatan yang beda utawa cengkah kalawan apa sing kababar
ing novel kasebut.
Susanto uga nyaruwe novel kasebut ora ngamot tanggal, sasi lan taun
tumrap kedadeyan-kedadeyan yang mujudake kedadeyan ngamot tapsiran
sejarah tumrap laku jantraning pabrayan Kutha Solo lan Republik
Indonesia. Susanto nelakake ing novel kasebut Proklamasi Kamardikan
Republik Indonesia mung ditulis dumadi ing dina Jemuah, tanpa tanggal,
sasi, taun lan jam.
Nanging Susanto uga ngalem novel kasebut jalaran kebak simbol. Simbol
kasebut kayata nalika jaman penjajahan Jepang para abdi dalem kraton
disebut “budak raja”. Sesebutan mangkene iki ora ana nalika jaman
penjajahan Walanda. Krungu panyaruwe mau, Mbah Parto nelakake duwe
krenteg bakal gawe revisine ing babaran sing kapindho.
Nanging, Pitoyo ora sarujuk marang krentege Mbah Parto mau. Miturut
dheweke novel asli kasebut wigati minangka “cathetan sejarah
kasusastran”. Novel sing asli kasebut—tanpa revisi—nuduhake gegambaran
kahanan, pengalaman dan swasana ing jaman sing dadi latare novel kuwi.
Pitoyo nelakake novel kasebut genah dudu buku sejarah, sanajan crita
sing kababar pancen pengalaman nyata.
”Ora prelu direvisi, kareben asli kaya iki,” pratelane Pitoyo. Apa
kang ndayani Mbah Parto saengga seket taun kapungkur nulis novel
kasebut? Miturut Mbah Parto, nalika dheweke sekolah ”angka loro” ing
Sragen, saben dina mung sinau maca buku lan maca buku. Maca buku ing
jaman kuwi mujudake laku kang wigati banget. Nalika jaman Walanda, para
siswa keturunan ningrat kudu maca buku. Ing jaman penjajahan Jepang,
para siswa uga wajib maca buku.
”Jaman saiki para siswa sekolah ora dikulinakake maca buku. Aku
prihatin kahanan saiki. Bocah lulus SMA rata-rata durung ngrampungake
buku siki. Jaman nalika aku isih sekolah biyen sinau kuwi ya maca buku.
Tangeh lamun gegayuhan dadi kanyatan tanpa maca buku,” pratelane Mbah
Parto. Ing pungkasan adicara dhudhahan buku kuwi, Mbah Parto ngelingake
kabeh sing teka lamun siji-sijine dalan kanggo mbangun bangsa iki ora
liya ngulinakake maca buku.
0 komentar:
Posting Komentar