Ngluru Dom Ing Tumpukan Merang
”Awit lakuning wektu tan wurunga bakal gawe kroposing bobot urip panguripan kita,” mangkono Horatius, sawijine pamikir Romawi nate pratela. Panemu kasebut katon ngganepi wawasan Hesoidus, filsuf Yunani kuna ing abad kaping-8 sadurunge Masehi, lamun sejarah mono laku dawa sing nilasake regresi kang kuwat. Selot adoh anggone lumaku, sansaya nandhes dumadine regresi lan degradasi.
Panemu kasebut bisa dadi pancadan lamun ing kalodhangan iki kudu
mawas mungguh kepriye bab Jawa sing ana ing generasi mudha saiki. Ora
bisa diselaki awit perbawaning jaman sarta rosaning teknologi, bobot
Jawa kaum mudha cetha mrihatinake. Embuh iku ing tata wicara, tata
busana, tatakrama, tata susila lan sabanjure. Saperangan gedhe nuduhake
selot adoh saka pakem Jawa, luwih-luwih wewengkon kutha.
Kahanan kasebut tumrap ngaluhur Jawa sayekti dudu barang mokal. Adoh sadurunge, ing jangka Jayabaya
kasebutake yen ing mengkone; kali ilang kedhunge, wong lanang ilang
kaprawirane, wong wadon ilang wirange, kalebu wong Jawa ilang jawane.
Jangka Jayabaya kasebut prasasat saksen sakbil klawan apa sing
katuturake para pinter Romawi utawa Yunani kuna ing ndhuwur. Tan wurunga
salaras lakune wektu, kita sansaya kelangan aji sejati (tata nilai) ing
akeh bab, kalebu wilangan bobot tata budaya.
Nlusur bab Jawa sing ana ing generasi mudha, saemper ngluru dom ing
tumpukan merang. Lire, ana nanging ora kasat mata. Dene yen kudu
digoleki, mbutuhake wektu sarta dudu pakaryan gampang. Paling ora, ana
telung pantha sing kena kanggo ngukur para mudha saiki apa isih mengkoni
jawane?
Manut Koentjaraningrat ing bukune Kebudayaan Mentalitet dan Pembangunan,
telung pantha mau yaiku sepisan ing wewengkon pamikir, gagasan,
norma-norma, sarta tata pranatan. Pantha kapindho, perilaku, tumindak
sarta solah-bawa ing madyaning bebrayan. Pantha pungkasan dumunung ing
karya, sing bisa karasa, karungu lan kadeleng. Prekara pamikir, para
mudha saiki nyata selot kelangan enggok klawan pamikir-pamikir Jawa,
pethaning ati akeh sing wis nyaplok gagasan-gagasan Kulon.
Sakalire pilih metung mawa akal lan nalar, mburu cepet nadyan kudu
nyebal kautaman. Wawasan narima ing pandum, alon-alon waton kelakon,
becik ketitik ala ketara, wani ngalah luhur wekasane, empan papan, tepa
selira lan sawernane kaya wis arang digape. Ing bab pamikir Jawa,
generasi saiki tuhu mrucut saka gendhongan, luput saka kekudangan. Angel
nemokake ing endi sing isih kasisan pamikir-pamikir Jawa.
Wondene ing perilaku, tumindak sarta solah bawa ing madyaning
bebrayan, generasi saiki uga sansaya nyebal saka ukuran-ukuran Jawa.
Saiba kita angel nyipati maneh, generasi saiki sing nuduhake kurmat,
tata trapsila sarta unggah-ungguh basa sing njawani. Trap-trapaning basa
kang ing kono mapan dayaning tatakrama malah katudhing minangka gaya
feodalisme. Gilirane wis ora ana perbeda maneh nalika pirembugan utawa
srawung klawan kang sepuh sing pantes kakurmati, apadene klawan sing
sapantaran utawa kang luwih mudha.
Mbokmanawa yen kena diarani bab sing isih bisa katonton marang apa
sing ana ing generasi mudha klawan bab Jawa, yaiku karya. Kita ora bisa
nutup mata, nadyan lamat-lamat generasi saiki ana kang tetep sudi padha
ngukuhi budaya Jawa. Utamane ing bab seni, ana seni beksa, seni dhalang,
seni tembang lan seni-seni liyane ing ukuran sing tetep cilik katon
isih kabebudi. Becik ing madyaning bebrayan apadene pawiyatan.
Amung emane, kabeh mau winates ing ajining kulit. Awit seni ing
wawasan Jawa tetep ngemu daya adiluhung, jalaran sakehing tontonan ing
Jawa iku kuwawa kagarba minangka tuntunan. Ewasemana ing wektu saiki,
wewengkon seni amung mandheg ing blabaring gatra tan kuwawa mancik ing
jiwa. Dhapur seni sing tetep metung bathi lan rugi. Dudu ngukuhi
luhuring wawasan-wawasan utawa ngelmu Jawa.
Mangkono, yen kudu ngluru bab tilas Jawa ing generasi mudha saiki.
Banjur kita bakal kandha piye, yen sanyatane pancen selot adoh saka
pakem. Nadyan ora diselaki tetep ana sing mrojol selaning garu, nanging
iku ora kuwawa makili angka mungguh generasi kita sing tetep setya
marang apa-apa sing mambu Jawa. Ewasemono, kanyatan iku dudu sawutuhe
lirwane para generasi mudha.
0 komentar:
Posting Komentar