Ngulir Budi
Albert Einstein sing kondhang kaloka kae lair ing Ulm, Jerman, 14 Maret 1879. Nalika isih bocah lan ngrembaka dadi remaja, dheweke ora kapetung bocah pinter. Miturut andharan ing sawetara buku kang nyritakake riwayate, nalika wiwit mlebu sekolah Einstein kapetung bocah sing kangelan nampa wulangan saka guru-gurune.
Miturut andharan ing sawetara buku, Einstein uga kangelan nampa wulangan Matematika. Dheweke malah kaprah diarani bocah nakal lan bocah ndableg. Nalika ngancik dewasa lan wancine mandhireng pribadi, dheweke uga kapetung wong sing ora genah. Ing kantor senenge mung lonthang-lanthung.
Kahanan owah temen-temen nalika Einstein dewasa. Bakate wiwit ketara.
Ngancik dewasa iki Einstein dadi seneng ndhudhah filsafat lan mikir
kanthi cakepan ilmiah. Ing 1921, Albert Einstein nampa bebungah Nobel
jalaran panalitene. Lan miturut andharan ing sawetara buku, ora mung teori relativitas sing dilairake Einstein.
Einstein uga ndhudhah lan ngrembakakake teori efek fotolistrik, teori kuantum cahaya, mekanika kuantum
lan maneka teori liyane ing wewengkon ilmu Fisika. Lan, kanyata,
Einstein uga nulis babagan kabudayan, seni, kapitayan lan maneka tulisan
babagan manungsa lan kamanungsan.
Einstein nuduhake lamun pendhidhikan kuwi dudu laku gawe barang.
Dheweke ndunungake pendhidhikan minangka laku ngulir budi. Nalika laku
ngulir budi kuwi dumadi kanthi apik, asile mesthi apik. Sinau minangka
peranganing pendhidhikan ora bisa dipathok ing wujud tinamtu utawa ing
pathokan kang asipat baku.
Miturut Einstein, bebener ing jagad pendhidhikan kuwi kawujud saka dialektika,
saka laku ngulir budi kang anjoge ndhudhah ilmu. Sawijining bebener
bisa wae jugar jalaran ana bebener kang anyar. Laku ngulir budi ora
bakal kandheg amarga ora kawengku ing wujud utawa pepesthen kang asipat
baku.
Ngulir budi mujudake laku kang tanpa kendhat kanggo ngudi bebener
kang tanpa wates. Ngulir budi ing jagad pendhidhikan iki nengenake laku,
dudu asil. Kanthi mangkono, sekolahan kang lelandhesan laku ngulir budi
ora mung wates dadi papan nyekoki para siswa. Ilmu kuwi dudu barang
mati.
Ing pangajab murih ilmu ora mati, sekolah kudu tansah nggegulang para
siswa supaya tansah ora kendhat anggone ngulir budi. Bocah sing nembe
sinau kuwi ora nglakoni jejer minangka baut yang jejibahane nggathukake
perangan siji lan sijine. Bocah sing nembe sinau kudu didunungake
minangka pribadi. Dheweke dadi subjek utawa jejer, paraga. Minangka jejer, bocah ya kudu ngempakake dayane urip, ya ngulir budi kuwi mau.
Sekolah wajib njurung para siswa urip temen-temen, ora mung
ndunungake siswa kadidene gelas sing diisi banyu nganti kebak.
Kapribadene para siswa ora bisa diracik, digawe, diukir kanthi pangucap,
nanging kudi sinartan laku. Gegayuhan kang dhuwur, gegayuhan kang
luhur, tan bakal kaconggah mung lumantar pocapan, tetembungan utawa
tulisan.
Bocah kudu ”digitik” supaya kuwawa ngulir budi, ngracik langkah,
ngudi dalan kanggo nggayuh apa kang dadi gegayuhan ing dina tembe mburi.
Iki bakal bisa kawujud lamun pendhidhikan ing sekolahan lan kulawarga
nengenake laku, nengenake ngulir budi. Wajibe guru ing sekolah mesthi
wae ora mung mulangake ilmu nanging uga kudu nyengkuyung ngrembakane
jiwa lan kapribadene para bocah.
Guru kudune ora mung mulang. Wajibe guru ya ndhidhik para siswa,
nggegulang para siswa. Nggegulang ateges ora mung wates netepi wajibe
kurikulum. Wose nggegulang ora liya ngrembakakake jiwa lan kapribadene
bocah jumbuh apa kabisan lan bakate bocah kuwi. Guru sing mung netepi
wajibe kurikulum tangeh lamun bakal nggayuh tataran iki. Lan yen ora
kasil nggayuh tataran iki ateges ora kuwawa njurung bocah ngulir budi.
Ing laku ngulir budi kuwi, bocah dijarke ngudi apa sing dadi
gegayuhane. Wusana, bocah bakal bisa netepake laku kanggo nuju
gegayuhane. Ngulir budi iki ngejibke laku pendhidhikan kang asipat
mardikakake jiwane bocah. Bocah kang mardika bakal kuwawa ngudi dalan
urip nuju kamulyan tumrap pribadine lan tumrap sapadha-padha.
0 komentar:
Posting Komentar