Dadi Guru Pancen Ora Gampang
Mbokmenawa wus kaprah panganggep lamun dadi guru kuwi pancen ora
gampang. Nanging, mbuktekake dadi guru ora gampang mbokmenawa pengalaman
sing ora bisa dirasakake saben wong.
Dadi kuwi sing kanyata pancen ora gampang kuwi sing dirasakake Public
Relations Manager The Sunan Hotel Solo, Retno Wulandari, nalika dheweke
melu dadi guru ing adicara Kelas Inspirasi, ing Kutha Solo, Rebo (20/2). Adicara Kelas Inspirasi kuwi mapan ing sawetara SD ing Kutha Solo.
”Iki dadi pengalaman kang ora bisa dilalekake, seneng lan bungah bisa melu acara iki,” pratelane Retno nalika wawancara kalawan Espos, ing kantore, Senen (25/2).
Ing dina Rebo kasebut, dheweke dadi guru sedina ing SDN Dukuhan, Kerten, Laweyan, Solo. “Taun biyen ora bisa melu [Kelas Inspirasi] amarga mung diadani ing Jakarta. Taun iki sokur bisa melu lan pangajabku bisa andum crita marang bocah-bocah SD,” ujare Retno.
Miturut Retno, melu ambyur dadi guru sedina ing Kelas Inspirasi
kadidene pengalaman yang ora ana pindhane. Sadurunge mlebu ing kelas,
pirang-pirang dina dheweke wus nyedhiyakake piranti-piranti kanggo
mbiyantu nalika kudu wawangunem kalawan para bocah SD ing kelas sing
dadi jatahe.
”Bocah-bocah SD kuwi umume seneng nembang lan dolanan. Miturutku,
supaya para bocah kuwi gelem nggatekake guru ya guru kudu mupangatake
piranti-piranti kang asipat mbiyantu sinau, ya mesthi wae sinambi
dolanan lan nembang,” pratelane Retno.
Juruwarta SOLOPOS, Yusmei Sawitri, uga melu ing Kelas
Inspirasi sing diadani ing sawetara SD ing Kutha Solo. Sawise setengah
dina maragani dadi guru, Yusmei nelakake lamun dadi guru kuwi pancen ora
gampang, kesel lan butuh tenaga sing ora sithik.
”Apa maneh muride isih kelas I. Polahe bocah-bocah kelas I kuwi gaya
gabah diinteri, ana sing nakal, ana sing rewel, mula ya kudu sabar
temen-temen,” pratelane Yusmei.
Supaya apa kang diandharake bisa ditampa, Yusmei nggunakake piranti
foto-foto nalika dheweke ngayaji jejibahan minangka juruwarta utawa
wartawan. Dheweke uga nuduhake foto-foto sawetara narasumber kang nate
ditemoni.
”Kudu nganggo gambar utawa foto, supaya gampang ditampa lan
dimangerteni para bocah. Ing njero kelas uga takracik praktek wawancara.
Bocah siji nggawa gambar narasumber, sijine wartawan. Rame banget
swasanane,” pratelane Yusmei.
Sri Rejeki, juruwarta ing ariwarti Kompas uga duwe
pengalaman kang miturut dheweke ora bakal dilalelake sajroning uripe.
”Nyenengake banget, aku rumangka bungah bisa melu adicara iki,” ujare
Sri. Sadurunge maragani dadi guru setengeh dina, dheweke uga sinau piye
carane supaya apa sing diandharake ing kelas bisa ditampa para siswa.
“Takon kana, takon kene, piye carane?” pratelane Sri.
Retno, Yusmei lan Sri sawise melu ing adicara Kelas Inspirasi
banjur ngrumangsani temen-temen lamnu dadi guru kuwi pancen abot lan
ora gampang. Mula, wus samesthine kabeh warga bebrayan agung ngajeni
guru kanthi temen-temen. Nalika ana guru kang tumindak kliwat wates,
upamane nempiling siswane, kuwi jan-jane dudu patrap asli guru.
”Yen ana guru sing cengkiling, kuwi miturutku kapetung ‘kasus’, ya
kudu prihatin. Nanging, luwih akeh banget guru sing temen-temen bisa
dadi tepa tuladha tumrap para siswa lan warga bebrayan ageng,” pratelane
Retno.
Ing kaskayane kabudayan Jawa, guru kuwi duwe tanggung jawab ora
entheng. Dheweke didunungake minangka manungsa kang bisa digugu lan
ditiru, ing kelas lan ing njaban kelas. Guru ora mung mulang maca lan
nulis, mulang papat ping papat nembelas, nanging uga nandur kapribaden
pinuji lan ngrembakakake ing kabeh jiwane para siswa.
Sawise nglakoni dadi guru setengeh dina, Retno, Sri lan Yusmei duwe
dudutan padha, yakuwi wus samesthine kabeh warga bebrayan ageng aweh
pakurmatan kang dhuwur marang para guru, ya guru TK/PAUD, SD lan
sapiturute. Dadi guru ora mung gaweyan kang asipat raga, nanging luwih
nengenake sing asipat jiwa, yakuwi njurung lan ngrembakakake sipat-sipat
pinuji lan lujur ing kabeh para siswane. Kuwi genah dudu gaweyan sing
gampang.
0 komentar:
Posting Komentar