Landheping Krikil
Langit Kutha Solo awan iku resik, ora kaya dina-dina kepungkur sing
amung mendhung angendanu lan pijer nggrejeh wae. Mega tipis pancen
ngrenggani akasa, nanging datan nuduhake tenger bakal udan. Angin
sumidit alus nilasake hawa seger. Ewasemana tiba kosok-bali tumrap atine
Sayekti, dhadhane krasa semumpel, prasasat kinebakan mendhung
lelimengan. Anyel, mangkel, sedhih, nesu, campur-adhuk dadi siji.
Sapa sing ora rumangsa tatu lan pingget ati, jejering wanita
kablenjani tresnane. Pancen iki crita wis kaprah, wanita ditinggal
slingkuh sing lanang. Nanging kanyatan iku saiki wis wela-wela gumelar
ing ngarepe. Njur sapa bisa kandha lumrah. Embuh, iblis ngendi kang
manjing ing atine sing lanang. Mengku wanita kaya Sayekti, sing wis ayu.
Kathik darbe pakaryan mesthi, ewasemana isih ngumbar ati baya. Kencut
wanita liya.
Jaman pancen wis kliwat gendheng, tatatanan, paugeran, moral lan
tata-susila selot dadi bab sing kurang kajen. Akeh sing padha
ngidak-idak kautaman, embuh iku sing buruh apa majikan, sing mlarat apa
sing sugih, sing nganggur apa pejabat. Mbokmanawa bener, jagade wis arep
digulung, giliran akeh manungsa kentekan petung.
Sayekti, kerep katlikung rasa bingung. Banjur bakal tumindak piye
dheweke? Mula dina iki dheweke mlayu saka kantor, atine katindhih rasa
isin. Kepengin ngipatake rasa sing banget lara iki, pirang-pirang
pambudi katindakake nanging kaya methuki dalan buntu. Sansaya mlayu
ngadoh, sansaya wela-wela wewayangane sing lanang kang lagi andon tresna
klawan wanita liya. Periiih!
“Mbok wis Dhik, aja mbokgawe abot. Harak jagad ora mung sagodhong
kelor, priya ora mung Guntara. Isih akeh lho wong lanang liya sing gelem
setya. Aku yakin kowe bakal gampang golek gantine. Malah sing luwih
saka kuwi,” Murti kanca sakantor ngarih-arih.
“Sajane ya wis dakcoba kanggo kuwi, Mbak. Nanging ati iki tetep
wangkal kanggo nampa kanyatan,” Sayekti nanduki klawan mripat
kembeng-kembeng.
Pancen Guntara, priya sing wiwit rong taun kepungkur ngisi ati ing
dina-dinane dudu perkara gampang kanggo dilalekake. Guntara kanthi
pawakan sedheng, pakulitan resik lan brengos tipis iku pindha dermaga
mungguh Sayekti. Papan kanggo jumangkah utawa ngluruhake sayah ing
sela-selaning dina ngrakit impen uripe. Eman, dermaga iku saiki rubuh,
kerut ing ombak lamis.
“Aku ngerti kuwi pancen abot, Dhik Yekti. Lara-laraning atine wanita,
yen kacidrani priya sing ditresnani. Mula sing sabar wae ya,” maneh
Murti nglipur.
Dudu amung Murti sing semune welas klawan lelakone Sayekti, akeh
kanca kantore kang trenyuh. Embuh iku Rina, Damar, luwih-luwih Santosa.
Kanca kantore siji iki ora mung cukup welas, nanging melu ngigit-igit
klawan trekahe bojone Sayekti.
“Ora idhep eman cah ayu-ayu kok kagawe lara ati,” mangkono grenenge
Santosa sawijine dina. “Mbok katimbang disia-sia dilungsurke aku wae,
wis mesthi bakal daklela-lela,” celathune Santosa sing pancene isih
legan iku kasusul guyune sakanca kabeh.
Mancik tengah dina, kutha Solo tambah sumelet. Ratan Slamet Riyadi
sansaya kinebakan kendharaan. Sinawang saka kadohan prasasat padha
bujung-binujung, embuh padha mbeburu apa. Siji lan sijine kaya terus adu
banter, adu dhisik, kaya kaselak katinggal wektu. Kaselak ora komanan
marang apa sing padha dadi rebutan dina iku. Bledig binledig, njarah
pepenginan. Ing kutha iki selot angel nemokake ati sareh, sabar lan
sumeleh.
Semono uga rasa kang terus kabudi dening Sayekti, kanggo sabar
ngadhepi lelakon kang katemben nyandhung uripe tetep angel kacandhak.
Dhadhane tetep kinebakan rasa goreh, mangkel lan nesu. Wis pirang-pirang
dina mbudi kanggo sabar tetep wae cabar. Ana rasa kang loruu..,
periiih.., sing angel dikipatake.
Saiki jangkahe Sayekti mancik ing undhak-undhakan sawijine mall sing
kondhang gedhe ing Kutha Bengawan iki. Dheweke mecaki jrambah klawan ati
suwung. Senadyan kiwa lan tengene pating sliri pawongan kang padha
ngumbar mata golek panglipur. Ewasemana Sayekti rumangsa katindhih sepi.
Prasasat kabeh sing sinawang katon wong-wong asing kang ora ditepungi.
Wong-wong mau padha sesliweran, embuh mbeburu apa ana papan kang
kaanggep super mewah iku.
Semu. Wong-wong saiki amung kapincut semu. Papan mewah iki amung
dhapur ngandelake rasa goroh. Mall mentereng klawan barang-barang larang
lan luks satemene lamis wae. Wong-wong sing teka kuwi satemene nyelaki
batine. Dudu iki sakjane sing dibutuhake dening ati. Kabagyan mono tetep
manggon ing kaprasajan. Apa anane. Njur apa tegese wong-wong iku teka
kene, yen sing ana iki satemene ora nate bisa paweh pemarem? Suwalike
tambah gawe sansaya ngelak.
Mbokmanawa mangkono uga kang saiki nguwasani atine Guntara, kanggo
apa dheweke kecanthol wanita liya. Njur golek apa? Guntara sajake
kapeksa nggorohi atine dhewe. Ing sisihe wanita kang setya kathik
kecanthol wanita liya kang durung genah apa sing ana jroning atine.
Guntara mbokmanawa kalebu priya kang ora gelem sinau marang apa kang wis
akeh kelakon. Ora mung uripe, ajining dhiri, bisa-bisa kalungguhan
katut kerut awit panggodhaning tresna lamis.
“Sayekti…, bener iki Sayekti ta?” dumadakan swara iki teka lan medhot pikirane Sayekti sing lagi kabandhang ing lamunan.
Sayekti nanduki klawan manthuk alon lan cukup mesem tipis.
“Eh, kowe lali ta, Yekti? Aku kanca SMA, Riyan? Riyan sing kulina
nggodha awakmu biyen,” priya sing ngaku Riyan mau nuli lungguh ing kursi
sangarepe Sayekti.
“Iya aku eling, kowe Riyan ta?” sabanjure Sayekti nanduki.
“Sokur kowe eling, Yek. Trus, geneya kowe ana kene ijen? Lagi rolasan, tugas apa nglipur ati ya, kok sajak suntrut? Apa…,?”
“E, trus piye nggonku mangsuli kok pitakonmu mbrubul ngono,” Sayekti munggel.
“Oya, sepurane. Terlalu semangat,” Riyan mesem kecut.
Nuli sakarone kanca lawas mau padha kabadhang ing lelakon kawuri.
Salumrahe kanca lawas sing ora nate ketemu lan saiki bisa sapejagong.
Mulane karasa kaku, wektu candhake Sayekti kaya nemu panglipur. Satemah
sawetara lali marang lelakon peteng kang nindhih uripe. Ndilalahe Riyan
kalebu pribadi sing gumyak, sumanak lan lucu. Malah patemon dina kuwi
asring kasambung ing dina- dina sabanjure.
***
“Kowe ora ijen, Yek. Ora sithik, embuh wanita apa priya sing wis
kacidrani sih tresnane ing jagad iki. Kalebu priya sing ana ngarepmu uga
kurban katresnan lamis,” mangkono Riyan nanduki critane Sayekti .
Sayekti nggragap, ora ngira Riyan darbe nasib padha klawan awake.
“Awakmu ditinggal wanita sing mboktresnani?”
“Ora mung ditinggal. Nanging wanita mau uga gawe pitenah. Saengga aku
sing didakwa kulawargaku apadene kulawargane sing ngrusak
rumah-tangga,“ wangsulane Riyan sing selot gawe Sayekti kaburu ewon
pitakon.
Murih Sayekti marem, tumuli Riyan nyritakake kabeh lelakon kang
tumempuh ing panguripane. Nganti pungkasane bali urip ijen, malah kudu
nanggung anak siji sing katinggal dening ibu sing kudune ngesok sih
tresnane. Krungu kuwi kabeh Sayekti amung jegreg. Tan bisa kumecap.
Rasane katlikung trenyuh.
Panyawange rumambat ing pang-pang trembesi sing jenggereng ing
kompleks Taman Sri Wedari. Atine Sayekti tambah angluh. Geneya kudu
mangkono lelakon tresna sing nuli kasandhang manungsa. Endi sing salah,
endi sing durung pener. Kamangka saelinge tresna kang karonce klawan
Guntara uga ora sadhela. Luwih saka rong taun Sayekti sesambungan rasa
klawan Guntara sadurunge netepake kanggo nikah.
“Ati, ati Yek, ati sing keri saka lakon tresna kita sakloron. Bener
kandhane para sepuh, yen gegarane wong akrami mono dudu bandha dudu
rupa. Tresna mono kudu kawangun kanthi ati. Awit sabenere ing kono
dununge kekuwatan. Eman, kita rumangsa keminter lan nyelehake rupa
apadene bandha minangka kiblating tresna,” mangkono Riyan nuduhake apa
sing luput saka uripe.
“Ning, saiki apa ana wong darbe pikiran ngono,” Sayekti bali kembeng-kembeng.
“Pancen angel, mula ora mokal wangunan bale wisma saiki banget
ringkih. Sing ana amung sarwa lamis, saiki tresna sesuk bisa
gegethingan. Kamangka sih tresna sing rosa mono sing sansaya cerak
klawan ati. Iku kang katuduhake dening para sepuh kita biyen. Nadyan
urip sarwa prasaja, nanging gampang ngranggeh kabagyan awit sakalire
karacik mawa dayaning ati,” kandhane Riyan selot gawe atine Sayekti
ngondhok-ndhok.
Nedhenge loro kanca lawas mau kasok ing ulegane rasa, sambung klawan
landheping krikil lelakon uripe dhewe-dhewe, dumadakan kagawe kaget. Ing
ratan gedhe sangerep Taman Sri Wedari papan sakarone sapejagong katon
wong-wong rame padha nyaketi ing tengah dalan. Malah Sayekti lamat-lamat
krungu aloke wong yen mentas wae ana sing nglalu. Kagawa insting
wartawan, Riyan age nggandheng sayekti kanggo ngungak apa sing satenane
dumadi.
Saiba kagete Sayekti. Datan ngira pawongan kang padha dirubung lan
prasasat adus getih sawuse mencolot saka jembatan penyebrangan mau,
tetela wong sing salawase iki banget ditepungi.
“Mas Guntara….,” Sayekti jumelih lan sabanjure wis ora eling apa-apa.
0 komentar:
Posting Komentar