Ndandani Urip lan Panguripan
Ing jaman saiki apa isih ana wong sing suwung pamrih? Apa kang katindakake tanpa metung apa pikolehe. Mbokmenawa kadidene nggoleki dom ing tumpukan damen kanggo nemokake wong kang duwe patrap suwung pamrih utawa ikhlas kuwi mau.
Menawa merdeni apa kang dumadi ing madyaning bebrayan agung ing titi
wanci pungkasan iki, wong suwung pamrih kuwi kadidene titah langka.
Kepriye ora langka? Ing saben patrap lan tumindak ing jaman kang katelah
jaman globalisasi iki kabeh kudu sinartan prabeya, kudu duwe pawitan,
ora ana sing lelahanan.
Akeh punggawaning praja kang pinter, jujur, nanging ora bisa munggah
pangkat lan kalungguhan jalaran ora bisa asok glondhong pangareng-areng
marang sing duwe kuwasa nandha tangani surat keputusan munggah pangkat lan kalungguhan.
Laku lempeng nut paugeran dianggep kuna. Ngugemi sipat jujur dianggep
ketinggalan jaman. Nyirik laku sedheng dianggep sok suci. Sing mratah
sabanjure mung urip kang sarwa mburu butuhe dhewe kanthi sarana lan
dalan apa wae. Korupsi wusana dadi budaya.
Niyat becik sok-sok malah dicubriyani. Niyat becik dianggep ngganggu
liyan, apamaneh yen niyat becik mau kawujudake dadi laku lan tumindak
becik. Sok-sok banjur dianggep dadi pepalang tumrap liyan. Mbokmenawa ya
ing jaman iki apa kang pratelane Ranggawarsita dadi kanyatan: yen ora
melu edan ora bakal keduman.
Ananging, kanyatan mangkono mau tetep dudu sing bener. Kanyatan kaya
mangkono mau kudu didandani. Lamun dijarke wae, kepara dianggep lumrah,
mesthi bakal ndadekake urip bebrayan agung dadi rusak. Paugeran diterak.
Bebener ditinggal.
Kanggo ngawekani kahanan kang mangkono mau, Raden Mas Panji (RMP)
Sosrokartono marisake piwulang luhur kang kawengku ing unen-unen suwung
pamrih tebih ajrih.
Miturut Sosrokartono kaya kang katulis ing buku Kempalan Serat-serat Drs RMP Sosrokartono kang dibabar dening Panitya Buku Riwayat Drs RMP Sosrokartono, 1971:…suwung pamrih, suwung ajrih, namung madosi barang ingkang sae, sedaya kula sumanggakaken dhateng Gusti...
Unen-unen kasebut ngandhut wredi lamun kang kudu digoleki jroning
urip kuwi dudu kang asipat amoral, nglanggar aturan urip bebrayan, dudu
sing asipaf negatif, sing digoleki kudune mung sing sarwa apik lan
mulya.
Anjoke ora liya ngudi urip kang becik, urip kang bener lan pener, lan
sing wigati yaiku ilange sanggan kang asipat lair utawa batin ing saben
dhiri pribadi. Kuncine yakuwi laku suwung pamrih, ikhlas, apa kang
ditindakake lelandhesan rasa eling marang Gusti Kang Akarya Jagad.
Miturut Sosrokartono,…Yen kula ajrih, kenging dipun wastani ngandhut pamrih, utawi ancas ingkang boten sae…
Rasa wedi, rasa ora kepenak, ati kang tansah ora jenjem, kuwi jalaran
pamrih: niyat lan ancas sing ora becik. Dadi panguwasa kanthi niyat
mburu bandha donya saakeh-akehe, wusana korupsi, mupangatake panguwasane
kanggo mburu senenge dhewe.
Rasa wedi, rasa kuwatir, sing mrentul ing telenging rasa lan wusana
nguwasani rasa pangrasa tansah nggubel jalaran apa sedyane ora kelakon.
Iki dumadi jalaran pamrih. Kanggo ngilangake rasa wedi lan kuwatir kuwi,
kudu tumindak lelandhesan niyat kang becik lan laku kang suwung pamrih.
Apa ing jaman saiki pilihan urip lelandhesan niyat becik lan suwung
pamrih temen-temen ora njamani? Wong kang wening rasa pangrasane bakal
duwe dudutan, ya pancen urip kanthi niyat becik lan suwung pamrih kuwi
sing saiki dibutuhake kanggo ndandani urip lan panguripan ing titi wanci
pungkasan iki.
0 komentar:
Posting Komentar