Manungsa Wajib Njaga Salarase Urip
Ana kiai utawa ustaz kang dadi tepa tuladha masarakat lan ambyur ing
jagad politik. Banjur keprungu kabar dheweke tumindak ala, korupsi utawa
nampa dhuwit ora halal. Dheweke lali, jejere ustaz utawa kiai kuwi
tansah dadi panutan lan tepa tuladha masarakat. Gebyaring donya
mbokmenawa ndadekake dheweke lali marang jejere lan sapa sejatine
dheweke.
”Aku sedhih nalika ana ustaz malah korupsi, dheweke lali yen ustaz
kuwi tansah didunungake minangka panutan, tepa tuladha,” ujare Kepala
Lembaga Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS), Sahid Teguh Widodo,
nalika disowani Espos ing kantore, Senen (18/2).
Ing budaya Jawa ana sesanti melik nggendhong bali. Miturut Sahid,
sesanti kasebut ngandhut wulangan bab asketisme Jawa utawa pendhidhikan
kang ngudi salarase jasmani lan rohani. Selaras antarane pepenginan lan
kahanan jasmani lan rohani.
”Wong pengin sugih banget banjur esuk-sore nyambut gawe, ora
leren-leren. Nalika wus sugih, awake lara amarga ora dijaga,” ujare
Sahid. Mula saben duwe melik bandha kudu dikawal kanthi eling lan
waspada. Ing ngelmu Jawa, papan dunung kang bener yakuwi selaras
antarane jasad lan roh, sarta Illahi lan masarakat.
Nalika patang jinis iki dadi titik lan saben titik-titik kasebut
digandhengake dening garis lenceng, wong kang salaras yakuwi sing
dumuning ing titik perangan tengah. Ing agama Islam ana wulangan hablu minannas hablu minallah. Tegese salaras ing sesambungan antarane manungsa lan sesambungan manungsa kalawan Gusti Kang Maha Kuwasa.
Mula, nalika ana wong kang biyene mlarat, banjur dadi sugih lan
semugih, ora gelem nampa kahanan lingkungan wong mlarat, uripe dheweke
ora bisa salaras. Dheweke ora ngurmati manungsa lan kamanungsan. Lan
tundhone, dheweke uga ora ngurmati marang sapa sing gawe manungsa,
yakuwi Gusti kang Maha Kuwasa.
“Wong sing gawe lara atine manungsa, ateges dheweke uga gawe lara atine sing gawe manungsa,” piterange Sahid.
Wong kang duwe pepinginan lan bisa nggayuh apa sing dikarepake,
nanging wusana dheweke lali, kuwi amarga ora bisa ngregani laku. Dheweke
luwih ngregani asil lan ndheleng apa sing bisa gawe bungah. Dheweke
mung ngoyak kuantitas, ora kualitas.
”Urip kuwi dudu tugelan-tugelan. Nanging gandheng-gandhengan,”
pratelane Sahid. Wajibe manungsa ya nrima nalika ing ngisor, lan ngucap
sukur nalika ing ndhuwur. Wong sing ora jembar sipat sukure kayadene
panguwasa lan politisi kang tumindak ala: nyolong dhuwite rakyat utawa
korupsi.
Senajan apa-apa duwe, sandhangan apik-apik, montor larang regane,
omah magrong-magrong, nanging kabeh kuwi ora cukup. “Wong kaya ngene iki
wong nggragas kuwasa lan bandha donya. Dheweke lali yen nyolong kuwi
kleru,” ujare warga Sukoharjo kang seneng ndhudhah sejarah lan budaya
Jawa, Heri Priyatmoko.
Apa sing wus dikekep, sanajan akehe banget, ora bakal bisa gawe
mareme nepsu. Anane mung kurang lan kurang. Kaya sing wus dikandhakake
dening pahlawan kamardikan India, Mahatma Gandhi, yaiku donya lan isine
iki bisa nyukupi kabutuhane kabeh wong, nanging ora bisa nyukupi wong
siji sing nggragas.
0 komentar:
Posting Komentar