Kabeh Ngundhuh Wohing Pakarti
Aja melik darbeking liyan, awit bisa njalari congkrah lan gawe ati
nistha. Pitutur luhur kuna mau lumrahe dadi gegebengan manungsa kang
nindakake laku prihatin ngregem gegayuhane.
Nalika sedyane kasembadan, uripe kasingepan bandha, pangkat lan
kuwasa, sithik mbaka sithik pitutur mau luntur saka telenging kalbu,
semono uga rasa suka sukure marang Gusti Allah sansaya kendho.
Salin salaga, patrape tansah ngumbar nepsu angkara murka, lali asale,
pijer nggedhekake duraka, rumangsa sarwa kurang kecukupan kamangka
tumrape ukuran lumrah wis kalebu turah.
Bebasan melik nggendhong lali, tundhone ngundhuh wohing pakarti. Mula
ing jaman saiki, isen-isene pakunjaran sansaya kebak dening wong-wong
kang keblinger pangkat, kalungguhan utawa jabatan.
Sanajan Gusti Allah wis maringi pirang-pirang kasunyatan melehake
panguwasa lan wong-wong pangkat kang tumindak durjana, isih akeh kang
panggah ngetrepake aji mumpung. Kamangka bandha donya bisa lunga,
pangkat bisa oncat.
Satemene bandha donya kanggo manungsa wis dicukupi dening Gusti Kang
Maha Asih. Dununge rasa cukup lan orane bali marang manungsa dhewe.
Manungsa kang diparingi kanugrahan jabatan utawa pangkat, yektine
nyandhang amanat supaya gawe tentrem lan raharjaning masarakat.
Nanging, racake manungsa kang rumangsa kasinungan drajat banjur lali
ngemban dhawuhe Pangeran, keblinger nepsu kadonyan. Unen-unen Jawa
”menangi jaman edan, yen ora edan ora keduman, sabegja-begjane wong kang
lali, luwih begja wong kang eling lan waspada” mung dijupuk saperangan
ukarane, ora dionceki kanthi wikan.
Dadine salah kaprah amarga sing dijupuk mligi ukara ”yen ora edan ora keduman”, mula nalika mrangguli kalodhangan korupsi gage
disaut amrih wedi kedhisikan liyan. Ing tataran panguwasa, pejabat
utawa wong pangkat anggone nyolong kanthi mecaki lenane pranatan utawa sistem, banjur gawe pangrancang julig jumbuh kalawan jejere minangka panguwasa.
Yen prelu, mentala gawe skenario wong liya didadekake tumbal
supaya awake dhewe ora kadakwa saengga jenenge tetep kuncara. Becik
tetitik ala ketara, sapa salah bakal seleh. Nalika kadurjanane kawiyak,
ora mung wong siji sing dilebokake pakunjaran, nanging kalebu saperangan
andhahan lan antek-anteke.
Malah sok uga nggeret oknum pejabat liyane jalaran kecathut krana nampa pisungsun (suap). Kanjeng Nabi Muhammad SAW wis paring pepenget lumantar hadis babagan risywah (suap), pratelane sapa wae kang nindakake risywah (sing menehi, sing nampa lan sing dadi duta) bakal dilaknat Gusti Allah (Hadis Riwayat Ahmad).
Menangi wolak-waliking jaman, kaya kang wis kawuningan ing tradhisi Jawa lumantar Serat Jayabaya, ing antarane bakal akeh wong kang cidra ing janji, seneng nyalahake liyan, lali mring kabecikan.
Wis kabukten akeh wong kang duwe kalungguhan aji ing masarakat, kaya dene para wakil rakyat, kasunyatan ora sithik oknum wakil rakyat uga melu ngrenggani isen-isene pakunjaran jalaran korupsi kanthi bebarengan.
Kamangka sadurunge kepilih dadi wakil rakyat, sregep sanja lan
nyedhaki wong cilik, kadulu sajak ngayomi, yen ngendikan tansah gawe
sengsem sinartan janji-janji bakal ngangkat nasibe rakyat kareben uripe
ora kesrakat.
Emane, sawise kepilih dadi wakil rakyat, banjur malih patrap, lali
marang janjine, pijer mikir butuhe dhewe. Jejere minangka wakil rakyat,
nanging malah tumindak pokil marang rakyat.
Titi wanci tumekane karma, mlebu kunjara jalaran korupsi, nampa suap
proyeke kapitalis, karem dhemenan, lan sapanunggalane. Kosok baline,
nut owah gingsire jaman, nasibe wong kang jujur katone malah kojur, sing
becik lan amanah dadi kapiran, sing ndandani pakarti ala malah dibanda.
Apa ya mengkono? Ora, satemene wong-wong kang tansah mersudi ing
kabecikan lan bebener mau kinemulan sihing pangayoman kang sarwa kebak
katentreman, berkah lan tembene bakal kalebu golongan kang begja ing
alam kalanggengan awit Gusti Allah Maha Wikan.
0 komentar:
Posting Komentar