Minggu, 04 Januari 2015

Pagupon Kanggo Mbah Pon

Pagupon Kanggo Mbah Pon


”Ya wis aku lila yen omah iki arep mbok rebut, aku lila yen awakku sing wis tuwa iku mbok singkang-singkang, mbok ambrukke! Mbok singkirke…”

Ora ngira swara sing gawe geter dhadha mau ngreyot saka tutuke Mbah Poniman utawa Mbah Pon sing wis kisut. Blas ora keprungu klepas-klepuse rokok diimbuhi pega kaya biyasane. Aku gage-gage nemplekake kuping ana sela-selane papan kayu sengon.
Papan sing misahake aku karo keluwargane Mbah Pon sing wis kepetung patang puluh tahun. Yen ora kleru ngetung, kawit umurku sepuluh tahun lan Mbah Pon patang puluh tahunan.
Aku dadi gojag-gajeg ing antarane duwe karep misah regejegane Mbah Pon karo anak kuwalone utawa ngenengake wae. Nanging, mikirake dhadhane Mbah Pon sing sansaya keprungu seseg, aku ora tegel. Gage-gage lawang tak jebleske kepara banter banjur njenggirat nemoni Mbah Pon.
”Wonten prekawis menapa, Mbah Pon,” tembungku alus.
”Ya ngene iki nasibe wong, yen lagi duwe uwuh diundhuh, yen lagi gothang ditendhang,” ukarane ngelingake jaman dadi tentara.
Salah sijine anak kuwalon nyingkir saka kamar tamu. Jumangkah mlebu omah. Sajak rikuh, wong atase anak kok ora nate nyenengake wong tuwa nanging malah ngrusohi. Sanadyan iku kepetung anak kuwalon.
Sak dhet! Aku magrok ana kamar tengah. Ndeleng cagak gunggung papat sing nyangga omahe Mbah Pon ketangkep ora jejeg. Kusen-kusen pating plengkung. Lawange padha njerit inepe nalika dibukak utawa ditutup. Pyan saka kepang yang padha jamuren. Durung reng usuk sing ana ndhuwure, mbok menawa wis kanggo rebutan rayap.
Mbah Pon banjur mapanake bokongku ana kursi gapuk. Tak sawang mripate katon suthup. Sajake nyimpen rentengan sejarah sing amoh nggembol gumoh.
”Nak Buwah pirsa dhewe… Aku nikahan karo ibune bocah-bocah meh seprapat abab. Statusku dudha merga ditinggal mati bojo. Anakku loro-lorone wis mentas. Kango nyambung urip tak rewangi dodolan pitik. Bathine ora sepira, nanging kena kanggo tuku bubur bocah-bocah,” ukarane runtut. Isih ngemu rasa nelangsa.
”Eee, bareng bocah-bocah wis gedhe kok nasibku kaya mangkene, percuma olehku gawe eyub-eyuban kanggo bocah-bocah,” rasa nelangsa kaulur dawa.
Omah sing ora kerumat mau pancen duweke Mbah Pon kanthi wutuh. Bojone saiki karo anak kuwalon gunggunge loro–siji dadi tukang parkir siji calo omah–durung nduweni pametu sing lumintu. Loro-lorone malah kejiret utang. Manak-kumanak sisan. Pungkasane karep, omahe Mbah Pon dicoba ditawakake menyang Pak RT.
Mbah Pon mung bisa muntab. Yen omah sida payu, terus arep ngeyup menyang ngendi? Sedulur-sedulur ndesa ora bisa diarep-arep. Tali paseduluran kaya-kaya wis pedhot nalika Mbah Pon ora duwe ragat bali ndesa. Sanadyan setaun pisan. Sak hebat-hebate bakul pitik sak ukuran Mbah Pon, isih kalah karo bakul bakmi jawa, bakso lan jamu gendhong. Kanggo mangan wae Senin-Kemis. Tuku obat herbal asam-urat ya ora kuwat.
Swara gludhug sing nyamber-nyamber ana ndhuwur wuwungan kaya-kaya menehi ganepe pratandha yen keluwargane Mbah Pon pancen lagi gonjang-ganjing. Saben dina sansaya tambah dawa wong-wong sing padha takon omahe Mbah Pon. Yen Akad wingi ana sing wani mbayar seket yuta rupiyah, saiki ana sing ngundhaki seket siji yuta rupiyah. Biyasa, iki strategine bara bakul liwat para entul.
”Mboten pun culaken Mbah, kangge nyaur utang pun meh sepuluh yuta hle. Mangka manak malih dados welasan yuta. Saking pundi badhe mbayar?” Prawiro Punjul sing kedhapuk dadi Ketua RW kaya-kaya nyegati pikirane Mbah Pon.
Siji loro tangga sing nyawang polatane Mbah Pon padha ora tegel. Mesakake mantan pejuwang sing nate ngrasakake nganggo kathok bagor mau dhik jaman Jepang. Urip pancen kewaca cetha kaya rodha kereta. Mbiyen, sakdurunge Mbok Pon dadi bojone Pak Pon nate duwe bojo asmane Pak Mantri.
Sanadyan kerep nyunati bocah, jebule melu keserang diabetes. Bola-bali golek tamba ora mari-mari. Mbuh piye mula bukane, hla kok bojone Pak Mantri banjur kecanthol Mbah Pon. Ana sing duwe praduga Mbah Pon nalika isih timur pancen pinter narik kawigatene wanodya. Malah ana sing nudhuh Mbah Pon duwe ilmu aji pengasihan.
Nanging gandheng rasa tresnane Mbah Pon katon sekonyong kodher, ora wurung nambah seseke urip Pak Mantri,  krasa diklewung. Pak Mantri ora kuwat nampa pacoban  mau lan bacute ora bisa diopeni maneh.
Omahe Mbah Pon saiki wis payu. Dhuwit sing cupet dirajang-rajang lan Mbah Pon mung entuk sangu sepuluh yuta rupiyah. Serik ora serik Mbah Pon nampa dhuwit  mau. Arep dienggo usaha apa maneh dhuwit sing gunggunge mepet iki? Mangkono pitakon sing sajak tumancep kenceng ana bathuke Mbah Pon.
Wong sak kampung banjur padha nyawang mendah abote sanggane Mbah Pon. Kabeh iki bisa kadeleng saka tindak-tanduke Mbah Pon sing beda kaya adat saben. Bola-bali tangga teparo padha diajak rembugan karo ngrasani polah tingkahe anake kuwalon mau.
”Panjenengan kantun mutuske Mbah Pon, badhe setunggal omah malih kaliyan Bu Pon lan putra-putra, napa piyambakan,” Pak Giman, sing isih mambu sedulur karo Mbah Pon, aweh dalan. Mbah Pon klisikan. Ora ana wektu kanggo udut. Ukara mau dadi bahan rembugan ana sawijining regol tengah kampung.
”Kepengine ngono karo Bu Pon, ora karo bocah-bocah..,”semaure blaka suta.
”Hla putrane dereng mentas, taksih perlu gulawentah,” selane Giman.
”Nggih Mbah, kedah setunggal paket,” guyone Rochani.
”Wadhuh, mbok padhakke paket hemat, iki paket mahal, Ni,” imbuhe Tris dadi tambah gayeng. Mbah Pon kaya tambah kesodhok. Para tangga banjur menehi wektu supaya Mbah Pon diaturi mikir sewengi. Idhep-idhep mikir luwih lantip. Para tangga yakin yen mikir keluwarga ora sakruwet mikir regejegane partai politik ing negara iki.
***
Esuk uthuk-uthuk Mbah Pon wis katon nggasrit. Rambute klimis merga pomidan. Guyune plengah-plengeh. Kabeh tangga padha ngebyukke sawangan marang praupan riya sing kudune leren mikir bab donya mau.
”Pripun Mbah, keputusanipun kados pundi?” pitakone Lik Karyo, mantan kades, mancing.
”Aku tak balik ndesa wae,” semaure tanpa irama.
”Hlo, panggenanipun sinten?” Lik Marjo melu kepengin ngerti.
”Ndesane adhiku, ana Wonogiri. Kebeneran ing kana isih ana sak cuwil sawah, aku bisa angon bebek uga, ya idhep-idhep gawe pagupon,” ukarane mantep.
Hla Mbah Pon putri pripun?” Sarijo, dhalang karbitan, melu  nylethuk.
”Ya tetep melu aku. Kebeneran bocah-bocah padha ora gelem mbalik ndesa,”
”Sampun kulina gesang wonten kitha, Mbah,” Lik Mardigu melu ngomentari. Mbah Poniman manthuk-manthuk sarujuk. Sajake wis keconggah kabeh karepe. Mula telung dina bacute, pas dina Setu, sebagian tangga sak-RT banjur nyewa kendharaan sing regane patang atus ewu rupiyah. Wong wolu nyangga  bareng-bareng.
Mantene tuwa (Mbah Pon lanang lan wadon) dipanggonake ana ngarep. Satus telung puluh kilometer adohe lurung bakal katempuh kanthi rasa kesel. Paling ora awak ngethopyok wong sing melu rata-rata wis umur sak ndhuwure seket. Nanging piye maneh wong jenenge tangga?
Apa maneh Mbah Pon kepetung minangka warga sing asring gawe guyon nalika ana arisan. Kabeh mengko padha ngrasakake kangen marang Mbah Pon, utamane nalika pas arisan piyambake mesthi mbengok ”Kopyoook! Kopyooook!” Banjur kabeh nuruti usulan ngopyok merga padha-padha ngantuk.
Durung menawa malem tirakatan sing tumiba ing malem 17 Agustus, sakwise gendurenan, Mbah Pon ditanggap kon dongeng jaman melu perang. Mesthi gayenge ora karuwan. Critane durung mandheg yen pirang-pirang bungkus rokok sengaja dicepakake ana sak ngarepe.
”Mbah Pon, kula dereng nate ngrekam dongeng heroik pengalaman perang panjenengan hlo,” ujug-ujug Tikno nggodha Mbah Pon.
”Hahaha… Wani pira?” gayane melu-melu iklan. Kabeh padha nyekekeh.
Kendharaan sing ditumpangi mlaku terus ana aspal alus. Ora krasa bokong tuwa dipres ana lungguhan luwih saka petungan telung jam.
”Taksih tebih, Mbah?” Suradi ora  kuwat nahan gringgingen.
”Kari sithik, munggah gunung, mburi gunung kuwi hlo, sawahe subur. Panjenengan nginep kene kabeh paling ora seminggu,” ramahe pol. Kendharaan banjur tumuju plataran alon-alon nlesih dalan aspal sing rada bodhol. Limang menit bacute menggok ana latar amba.
”Hla kuwi lho, paguponku wis dadi!” drijine Mbah Pon nuding sawijining bangunan.
”Lumayan Mbah, kok diarani pagupon. Pagupon ki lak ya kandhang dara,” Pak RT nyemoni. Ora ana petungan limang menit banjur jumedhul wong wadon sing umure seketan. Praupane sumringah. Isih ana sisa-sisa rupa ayu katon lamat-lamat tumempel ana praupane wanita mau.
Darjo gage-gage ora sabar anggone nyedhak. Mbisiki pitakon ana kupinge Mbah Pon sing kisut kaya pring apus tegoran telung dina.
”Niku sinten malih, Mbah Pon?”
Kanthi rasa mongkog Mbah Pon mangsuli.
”Kuwi tilas sindhen kondhang. Telung pulung tahun kepungkur tahu tak sir. Ora kelakon. Bareng tahun wingi dadi randha… ya wis klepek-klepek. Tak tandangi wae!” senenge kaya entuk lotre.
Kabeh sing krungu padha gedheg-gedheg.
”Hla yen makaten, istrine Mbah Pon kalih?” Pak RT ndheseg.
Pak Pon mung njegeges. Ora nyebut…! Mangkono batine kanca-kanca sing adoh-adoh ngeterake…

 

Tembang Macapat Kinanti

Tembang Macapat Kinanti


Kinanti
Mara kacong ajar onggu, kapenterran mara sare
ajari elmo agama, elmo kadunnya’an pole
sala settong ja’ pabidda, ajari bi’onggu ate
Nyare elmo pataronggu
sala settong ja’ paceccer
elmo kadunnya’an reya
menangka sangona odhi’
dineng elmo agamana, menangka sangona mate.
Paccowan kenga’e kacong, sombajang ja’ la’ ella’e, sa’ are samalem coma
salat wajib       lema kae
badha pole salat sonnat, rawatib ban salat lail
(Anggoyudo, 1983:  )

(Ayo anakku belajar yang tekun, kepandaian itu harus dicari, belajar pengetahuan agama, juga pengetahuan dunia, jangan dibedakan, belajar dengan kesungguhan hati. Mencari ilmu harus serius, salah satu jangan ditinggalkan, ilmu keduniaan itu, keperluan hidup, sedangkan ilmu agama, adalah bekal untuk mati. Selain itu ingatlah anakku, sembahyang jangan sampai lubang, satu hari satu malam, sholat wajib lima kali, ada juga shalat Sunnah, rawatib dan shalat malam hari).

Kinanti
Bungka nyeor buwa bhalulug
Bhalulugga daddi tjengker
Se tjengker daddiya buggan
Se buggan daddiya pathe
Se pathe daddiya minyak
Mennya’ daddi damar kene’
(Asmoro, 1950:27)

(Pohon kelapa berbuah beluluk, beluluk menjadi cengker, buah cengker menjadi kelapa, kelapa menjadi santan, santan menjadi minyak, minyak bisa menjadikan terang)
Secara lugas, Salanget (Kinanti) mempunyai arti sudah selesai menanti, sesuai dengan arti apabila dipakai sewaktu dicari sudah diketemukan, apa yang diinginkan sudah tercapai. Di samping itu tembang Salanget (Kinanti) banyak berisi nasehat atau anjuran kepada manusia, untuk saling memberi, saling menerima, saling mengingatkan dan saling ketergantungan sebagai sesama makhluk ciptaan Tuhan, Penguasa alam semesta.
Sebagai makhluk sosial, manusia membutuhkan  orang lain dalam memotivasi diri menuju arah kebajikan. Sebagai makhluk lemah dan dhoif, manusia membutuhkan tuntunan dalam kehidupan ber-masyarakat. Melalui tembang Kinanti inilah, manusia akan lebih peka menangkap arti hidup dan kehidupan di dunia.
Di samping itu tembang Salanget (Kinanti) mengajak setiap manusia untuk lebih meningkatkan mutu individu melalui proses belajar. Manusia diingatkan agar menguasai ilmu pengetahuan, baik dalam bidang IPTEK maupun disiplin ilmu agama. Karena kedua disiplin ilmu tersebut, memiliki intensitas yang tinggi bagi kemaslahatan umat manusia. Dengan menguasai IPTEK, manusia akan lebih menyadari tentang kebesaran Tuhan yang diperlihatkan melalui ciptaan-Nya. Bahwa semua yang ada di alam, merupakan sumber ilmu yang tak pernah habis apabila digali dan di pelajari. Dan semua itu harus diimbangi oleh penguasaan ilmu agama. Sehingga terjadi keseimbangan, bahwa hidup manusia bukan hanya memenuhi kebutuhan jasmaninya saja, tapi aspek rohani merupakan  kebutuhan yang sangat vital.
Allah SWT telah memberikan semua sarana dan prasarana yang memadai kepada umat manusia. Semua yang ada di bumi, baik dalam perut bumi, di daratan, lautan, angkasa raya, tata surya ataupun semua yang tumbuh di bumi semua diciptakan untuk manusia. Semua ciptaan Allah, sekecil apapun sangat bermanfaat bagi manusia. Melalui tembang Salanget (Kinanti), manusia diajak untuk lebih peka, arif dan bijaksana, terbuka cakrawala berfikir dan wawasan.

Sabtu, 03 Januari 2015

Kabeh Ngundhuh Wohing Pakarti

Kabeh Ngundhuh Wohing Pakarti

 

Aja melik darbeking liyan, awit bisa njalari congkrah lan gawe ati nistha. Pitutur luhur kuna mau lumrahe dadi gegebengan manungsa kang nindakake laku prihatin ngregem gegayuhane.
Nalika sedyane kasembadan, uripe kasingepan bandha, pangkat lan kuwasa, sithik mbaka sithik pitutur mau luntur saka telenging kalbu, semono uga rasa suka sukure marang Gusti Allah sansaya kendho.
Salin salaga, patrape tansah ngumbar nepsu angkara murka, lali asale, pijer nggedhekake duraka, rumangsa sarwa kurang kecukupan kamangka tumrape ukuran lumrah wis kalebu turah.
Bebasan melik nggendhong lali, tundhone ngundhuh wohing pakarti. Mula ing jaman saiki, isen-isene pakunjaran sansaya kebak dening wong-wong kang keblinger pangkat, kalungguhan utawa jabatan.
Sanajan Gusti Allah wis maringi pirang-pirang kasunyatan melehake panguwasa lan wong-wong pangkat kang tumindak durjana, isih akeh kang panggah ngetrepake aji mumpung. Kamangka bandha donya bisa lunga, pangkat bisa oncat.
Satemene bandha donya kanggo manungsa wis dicukupi dening Gusti Kang Maha Asih. Dununge rasa cukup lan orane bali marang manungsa dhewe. Manungsa kang diparingi kanugrahan jabatan utawa pangkat, yektine nyandhang amanat supaya gawe tentrem lan raharjaning masarakat.
Nanging, racake manungsa kang rumangsa kasinungan drajat banjur lali ngemban dhawuhe Pangeran, keblinger nepsu kadonyan. Unen-unen Jawa ”menangi jaman edan, yen ora edan ora keduman, sabegja-begjane wong kang lali, luwih begja wong kang eling lan waspada” mung dijupuk saperangan ukarane, ora dionceki kanthi wikan.
Dadine salah kaprah amarga sing dijupuk mligi ukara ”yen ora edan ora keduman”, mula nalika mrangguli kalodhangan korupsi gage disaut amrih wedi kedhisikan liyan. Ing tataran panguwasa, pejabat utawa wong pangkat anggone nyolong kanthi mecaki lenane pranatan utawa sistem, banjur gawe pangrancang julig jumbuh kalawan jejere minangka panguwasa.
Yen prelu, mentala gawe skenario wong liya didadekake tumbal supaya awake dhewe ora kadakwa saengga jenenge tetep kuncara. Becik tetitik ala ketara, sapa salah bakal seleh. Nalika kadurjanane kawiyak, ora mung wong siji sing dilebokake pakunjaran, nanging kalebu saperangan andhahan lan antek-anteke.
Malah sok uga nggeret oknum pejabat liyane jalaran kecathut krana nampa pisungsun (suap). Kanjeng Nabi Muhammad SAW wis paring pepenget lumantar hadis babagan risywah (suap), pratelane sapa wae kang nindakake risywah (sing menehi, sing nampa lan sing dadi duta) bakal dilaknat Gusti Allah (Hadis Riwayat Ahmad).
Menangi wolak-waliking jaman, kaya kang wis kawuningan ing tradhisi Jawa lumantar Serat Jayabaya, ing antarane bakal akeh wong kang cidra ing janji, seneng nyalahake liyan, lali mring kabecikan.
Wis kabukten akeh wong kang duwe kalungguhan aji ing masarakat, kaya dene para wakil rakyat, kasunyatan ora sithik oknum wakil rakyat uga melu ngrenggani isen-isene pakunjaran jalaran korupsi kanthi bebarengan.
Kamangka sadurunge kepilih dadi wakil rakyat, sregep sanja lan nyedhaki wong cilik, kadulu sajak ngayomi, yen ngendikan tansah gawe sengsem sinartan janji-janji bakal ngangkat nasibe rakyat kareben uripe ora kesrakat.
Emane, sawise kepilih dadi wakil rakyat, banjur malih patrap, lali marang janjine, pijer mikir butuhe dhewe. Jejere minangka wakil rakyat, nanging malah tumindak pokil marang rakyat.
Titi wanci tumekane karma, mlebu kunjara jalaran korupsi, nampa suap proyeke kapitalis, karem dhemenan, lan sapanunggalane. Kosok baline, nut owah gingsire jaman, nasibe wong kang jujur katone malah kojur, sing becik lan amanah dadi kapiran, sing ndandani pakarti ala malah dibanda.
Apa ya mengkono? Ora,  satemene wong-wong kang tansah mersudi ing kabecikan lan bebener mau kinemulan sihing pangayoman kang sarwa kebak katentreman, berkah lan tembene bakal kalebu golongan kang begja ing alam kalanggengan awit Gusti Allah Maha Wikan.

 

Jumat, 02 Januari 2015

Primbon Makna Kedutan Pada Anggota Tubuh

Primbon Makna Kedutan Pada Anggota Tubuh



Pernah mengalami kedutan pada anggota tubuh anda? Dalam primbon jawa setiap kedutan memiliki tafsir tertentu tergantung dimana letak kedutan pada anggota tubuh anda. Pada postingan kali ini, primbon jawa akan membahas tentang arti kedutan pada bagian tubuh.

Seluruh bagian tubuh berkedut
bermakna akan menghadapi banyak urusan.

Kepala sebelah kiri
bermakna akan mendapat rezeki besar

Kepala sebelah kanan
bermakna akan mendapat pujian orang banyak

Kening
bermakna akan mendapat uang atau kebahagiaan

Alis sebelah kiri berkedut
bermakna akan bertemu dengan orang yang dicintai, baik keluarga atau orang lain.

Bila alis sebelah kanan berkedut
bermakna akan bertemu kekasih

Kulit mata berkedut sebelah kiri
bermakna akan bertemu dengan orang-orang tua yang dicintai

Kulit mata berkedut sebelah kanan
bermakna anda akan menangis karena akan mendapatkan kejadian yang menyakitkan.

Daun telinga kiri bekedut
bermakna akan mendapat kesusahan atau kejadian yang menyakitkan

Daun telinga kanan berkedut
bemakna akan mendapat uang tak terduga.

Pipi sebelah kanan berkedut
bermakna akan mendapat pekerjaan yang menyenangkan.

Pipi sebelah kiri berkedut
bermakna akan mendapat kesenangan dan pujian dari masyarakat.

Sikut sebelah kanan berkedut
bermakna akan merasakan jatuh cinta.

Sikut sebelah kiri berkedut
bermakna akan bertemu saudara jauh.

Telapak tangan sebelah kanan berkedut
bermakna akan mendapat uang yang tidak diduga dalam waktu dekat.

Telapak tangan sebelah kiri berkedut
bermakna akan mendapat kesenangan

Kaki sebelah kanan berkedut
bermakna akan berpergian jauh

Kaki sebelah kiri berkedut
bermakna akan mendapat kesusahan

Jari manis berkedut
bermakna akan ada orang yang mengajak tukar cincin.

Kamis, 01 Januari 2015

Manungsa Wajib Njaga Salarase Urip

Manungsa Wajib Njaga Salarase Urip

 

Ana kiai utawa ustaz kang dadi tepa tuladha masarakat lan ambyur ing jagad politik. Banjur keprungu kabar dheweke tumindak ala, korupsi utawa nampa dhuwit ora halal. Dheweke lali, jejere ustaz utawa kiai kuwi tansah dadi panutan lan tepa tuladha masarakat. Gebyaring donya mbokmenawa ndadekake dheweke lali marang jejere lan sapa sejatine dheweke.
”Aku sedhih nalika ana ustaz malah korupsi, dheweke lali yen ustaz kuwi tansah didunungake minangka panutan, tepa tuladha,” ujare Kepala Lembaga Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS), Sahid Teguh Widodo, nalika disowani Espos ing kantore, Senen (18/2).
Ing budaya Jawa ana sesanti melik nggendhong bali. Miturut Sahid, sesanti kasebut ngandhut wulangan bab asketisme Jawa utawa pendhidhikan kang ngudi salarase jasmani lan rohani. Selaras antarane pepenginan lan kahanan jasmani lan rohani.
”Wong pengin sugih banget banjur esuk-sore nyambut gawe, ora leren-leren. Nalika wus sugih, awake lara amarga ora dijaga,” ujare Sahid. Mula saben duwe melik bandha kudu dikawal kanthi eling lan waspada. Ing ngelmu Jawa, papan dunung kang bener yakuwi selaras antarane jasad lan roh, sarta Illahi lan masarakat.
Nalika patang jinis iki dadi titik lan saben titik-titik kasebut digandhengake dening garis lenceng, wong kang salaras yakuwi sing dumuning ing titik perangan tengah. Ing agama Islam ana wulangan hablu minannas hablu minallah. Tegese salaras ing sesambungan antarane manungsa lan sesambungan manungsa kalawan Gusti Kang Maha Kuwasa.
Mula, nalika ana wong kang biyene mlarat, banjur dadi sugih lan semugih, ora gelem nampa kahanan lingkungan wong mlarat, uripe dheweke ora bisa salaras. Dheweke ora ngurmati manungsa lan kamanungsan. Lan tundhone, dheweke uga ora ngurmati marang sapa sing gawe manungsa, yakuwi  Gusti kang Maha Kuwasa.
“Wong sing gawe lara atine manungsa, ateges dheweke uga gawe lara atine sing gawe manungsa,” piterange Sahid.
Wong kang duwe pepinginan lan bisa nggayuh apa sing dikarepake, nanging wusana dheweke lali, kuwi amarga ora bisa ngregani laku. Dheweke luwih ngregani asil lan ndheleng apa sing bisa gawe bungah. Dheweke mung ngoyak kuantitas, ora kualitas.
”Urip kuwi dudu tugelan-tugelan. Nanging gandheng-gandhengan,” pratelane Sahid. Wajibe manungsa ya nrima nalika ing ngisor, lan ngucap sukur nalika ing ndhuwur. Wong sing ora jembar sipat sukure kayadene panguwasa lan politisi kang tumindak ala: nyolong dhuwite rakyat utawa korupsi.
Senajan apa-apa duwe, sandhangan apik-apik, montor larang regane, omah magrong-magrong, nanging kabeh kuwi ora cukup. “Wong kaya ngene iki wong nggragas kuwasa lan bandha donya. Dheweke lali yen nyolong kuwi kleru,” ujare warga Sukoharjo kang seneng  ndhudhah sejarah lan budaya Jawa, Heri Priyatmoko.
Apa sing wus dikekep, sanajan akehe banget, ora bakal bisa gawe mareme nepsu. Anane mung kurang lan kurang. Kaya sing wus dikandhakake dening pahlawan kamardikan India, Mahatma Gandhi, yaiku donya lan isine iki bisa nyukupi kabutuhane kabeh wong, nanging ora bisa nyukupi wong siji sing nggragas.

 

Rabu, 31 Desember 2014

Gambaran Tembang Macapat Dalam Kehidupan

Penjabaran Tembang Macapat Dalam Kehidupan


1. MIJIL
Mijil artinya lahir. Hasil dari olah jiwa dan raga laki-laki dan perempuan menghasilkan si jabang bayi. Setelah 9 bulan lamanya berada di rahim sang ibu, sudah menjadi kehendak Hyang Widhi si jabang bayi lahir ke bumi. Disambut tangisan membahana waktu pertama merasakan betapa tidak nyamannya berada di alam mercapadha. Sang bayi terlanjur enak hidup di zaman dwaparayuga, namun harusnetepi titah Gusti untuk lahir ke bumi. Sang bayi mengenal bahasa universal pertama kali dengan tangisan memilukan hati. Tangisan yang polos, tulus, dan alamiah bagaikan kekuatan getaranmantra tanpa tinulis. Kini orang tua bergembira hati, setelah sembilan bulan lamanya menjaga sikap dan laku prihatin agar sang rena (ibu) dan si ponang (bayi) lahir dengan selamat. Puja puji selalu dipanjat agar mendapat rahmat Tuhan Yang Maha Pemberi Rahmat atas lahirnya si jabang bayi idaman hati.
Tembang Mijil ngemu sifal : prihatin, ngemurasa, lega
Tembang macapat mijil laras pelog pathet barang  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=oD2lGnGwgbg 

2. MASKUMAMBANG
Setelah lahir si jabang bayi, membuat hati orang tua bahagia tak terperi. Tiap hari suka ngudang melihat tingkah polah sang bayi yang lucu dan menggemaskan. Senyum si jabang bayi membuat riang bergembira yang memandang. Setiap saat sang bapa melantunkan tembang pertanda hati senang dan jiwanya terang. Takjub memandang kehidupan baru yang sangat menantang. Namun selalu waspada jangan sampai si ponang menangis dan demam hingga kejang. Orang tua takut kehilangan si ponang, dijaganya malam dan siang agar jangan sampai meregang. Buah hati bagaikan emas segantang. Menjadi tumpuan dan harapan kedua orang tuannya mengukir masa depan. Kelak jika sudah dewasa jadilah anak berbakti kepada orang tua, nusa dan bangsa.
Tembang maskumambang ngemu sifat : ngeres, nelangsa.
Tembang  macapat maskumambang laras pelog pathet barang  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=lf0J-syqwRU 

3. KINANTI
Semula berujud jabang bayi merah merekah, lalu berkembang menjadi anak yang selalu dikanthi-kanthi kinantenan orang tuannya sebagai anugrah dan berkah. Buah hati menjadi tumpuan dan harapan. Agar segala asa dan harapan tercipta, orang tua selalu membimbing dan mendampingi buah hati tercintanya. Buah hati bagaikan jembatan, yang dapat menyambung dan mempererat cinta kasih suami istri. Buah hati menjadi anugrah ilahi yang harus dijaga siang ratri. Dikanthi-kanthi (diarahkan dan dibimbing) agar menjadi manusia sejati. Yang selalu menjaga bumi pertiwi.
Tembang kinanthi ngemu sifat : tresna, asih, seneng.
Tembang  macapat kinanthi laras slendro pathet manyura  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=_rIKQWi46Yc 

4. SINOM
Sinom isih enom. Jabang bayi berkembang menjadi remaja sang pujaan dan dambaan orang tua dan keluarga. Manusia yang masih muda usia. Orang tua menjadi gelisah, siang malam selalu berdoa dan menjaga agar pergaulannya tidak salah arah. Walupun badan sudah besar namun remaja belajar hidup masih susah. Pengalamannya belum banyak, batinnya belum matang, masih sering salah menentukan arah dan langkah. Maka segala tindak tanduk menjadi pertanyaan sang bapa dan ibu. Dasar manusia masih enom (muda) hidupnya sering salah kaprah.
Tembang sinom ngemu sifat : grapyak.
Tembang  macapat sinom laras pelog pathet 6  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=QU9vzYNEBnE 

5. DHANDHANGGULA
Remaja beranjak menjadi dewasa. Segala lamunan berubah ingin berkelana. Mencoba hal-hal yang belum pernah dirasa. Biarpun dilarang agama, budaya dan orang tua, anak dewasa tetap ingin mencobanya. Angan dan asa gemar melamun dalam keindahan dunia fana. Tak sadar jiwa dan raga menjadi tersiksa. Bagi anak baru dewasa, yang manis adalah gemerlap dunia dan menuruti nafsu angkara, jika perlu malah berani melawan orang tua. Anak baru dewasa, remaja bukan dewasa juga belum, masih sering terperdaya bujukan nafsu angkara dan nikmat dunia. Sering pula ditakut-takuti api neraka, namun tak akan membuat sikapnya  menjadi jera. Tak mau mengikuti kareping rahsa, yang ada selalu nguja hawa. Anak dewasa merasa rugi bila tak mengecap manisnya dunia. Tak peduli orang tua terlunta, yang penting hati senang gembira. Tak sadar tindak tanduknya bikin celaka, bagi diri sendiri, orang tua dan keluarga. Cita-citanya setinggi langit, sebentar-sebentar minta duit, tak mau hidup irit. Jika tersinggung langsung sengit. Enggan berusaha yang penting apa-apa harus tersedia. Jiwanya masih muda, mudah sekali tergoda api asmara. Lihat celana saja menjadi bergemuruh rasa di dada. Anak dewasa sering bikin orang tua ngelus dada. Bagaimanapun juga mereka buah dada hati yang dicinta. Itulah sebabnya orang tua tak punya rasa benci kepada pujaan hati. Hati-hati bimbing anak muda yang belum mampu membuka panca indera, salah-salah justru bisa celaka semuanya
Tembang dhandhanggula ngemu sifat : luwes, ngresepake.
Tembang  macapat dhandhanggula laras pelog pathet 6  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=cU7srYIlToI 

6. ASMARANDANA
Asmaradana atau asmara dahana yakni api asmara yang membakar jiwa dan raga. Kehidupannya digerakkan oleh motifasi harapan dan asa asmara. Seolah dunia ini miliknya saja. Membayangkan dirinya bagaikan sang pujangga atau pangeran muda. Apa yang dicitakan haruslah terlaksana, tak pandang bulu apa akibatnya. Hidup menjadi terasa semakin hidup lantaran gema asmara membahana dari dalam dada. Biarlah asmara membakar semangat hidupnya, yang penting jangan sampai terlena. Jika tidak, akan menderita dikejar-kejar tanggungjawab hamil muda. Sebaliknya akan hidup mulia dan tergapai cita-citanya. Maka sudah menjadi tugas orang tua membimbing mengarahkan agar tidak salah memilih idola. Sebab sebentar lagi akan memasuki gerbang kehidupan baru yang mungkin akan banyak mengharu biru. Seyogyanya suka meniru tindak tanduk sang gurulaku, yang sabar membimbing setiap waktu dan tak pernah menggerutu. Jangan suka berpangku namun pandailah  memanfaatkan waktu. Agar cita-cita dapat dituju. Asmaradana adalah saat-saat yang menjadi penentu, apakah dirimu akan menjadi orang bermutu, atau polisi akan memburu dirimu. Salah-salah gagal menjadi menantu, malah akan menjadi seteru.
Tembang asmarandana ngemu sifat : kesemsem.
Tembang  macapat asmarandana laras slendro barang miring  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=BQLaDuVIUJU 

7. GAMBUH
Gambuh atau Gampang Nambuh, sikap angkuh serta acuh tak acuh, seolah sudah menjadi orang yang teguh, ampuh dan keluarganya tak akan runtuh. Belum pandai sudah berlagak pintar. Padahal otaknya buyar matanya nanar merasa cita-citanya sudah bersinar. Menjadikannya tak pandai melihat mana yang salah dan benar. Di mana-mana ingin diakui bak pejuang, walau hatinya tak lapang. Pahlawan bukanlah orang yang berani mati, sebaliknya berani hidup menjadi manusia sejati. Sulitnya mencari jati diri kemana-mana terus berlari tanpa henti.  Memperoleh sedikit sudah dirasakan banyak, membuat sikapnya mentang-mentang bagaikan sang pemenang. Sulit mawas diri, mengukur diri terlalu tinggi. Ilmu yang didapatkannya seolah menjadi senjata ampuh tiada tertandingi lagi. Padahal pemahamannya sebatas kata orang. Alias belum bisa menjalani dan menghayati. Bila merasa ada  yang kurang, menjadikannya sakit hati dan rendah diri. Jika tak tahan ia akan berlari menjauh mengasingkan diri. Menjadi pemuda pemudi yang jauh dari anugrah ilahi. Maka, belajarlah dengan teliti dan hati-hati. Jangan menjadi orang yang mudah gumunan dan kagetan. Bila sudah paham hayatilah dalam setiap perbuatan. Agar ditemukan dirimu yang sejati sebelum raga yang dibangga-banggakan itu menjadi mati.
Tembang gambuh ngemu sifat : semanak, lucu, guyon.
Tembang  macapat gambuh laras pelog pathet 6  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=RwA2Cw9ZuZM 

8. DURMA
Munduring tata krama. Dalam cerita wayang purwa dikenal  banyak tokoh dari kalangan “hitam” yang jahat. Sebut saja misalnya Dursasana, Durmagati,Duryudana. Dalam terminologi Jawa dikenal berbagai istilah menggunakan suku kata dur/ dura (nglengkara) yang mewakili makna negatif (awon). Sebut saja misalnya : duraatmokodurokodursiladura sengkaraduracara (bicara buruk), durajaya,dursahasyadurmaladurnitidurtadurtamaudur, dst.  Tembang Durma, diciptakan untuk mengingatkan sekaligus  menggambarkan keadaan manusia yang cenderung berbuat buruk atau jahat. Manusia gemar udur atau cekcok, cari menang dan benernya sendiri, tak mau memahami perasaan orang lain. Sementara manusia cendrung mengikuti hawa nafsu yang dirasakan sendiri (nuruti rahsaning karep). Walaupun merugikan orang lain tidak peduli lagi. Nasehat bapa-ibu sudah tidak digubris dan dihiraukan lagi. Lupa diri selalu merasa iri hati. Manusia walaupun tidak mau disakiti, namun gemar menyakiti hati. Suka berdalih niatnya baik, namun tak peduli caranya yang kurang baik. Begitulah keadaan manusia di planet bumi, suka bertengkar, emosi, tak terkendali, mencelakai, dan menyakiti. Maka hati-hatilah, yang selalu eling dan waspadha.
Tembang durma ngemu sifat : galak, nesu.
Tembang  macapat durma laras pelog pathet barang  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=ThrQDabn8Cc 

9. PANGKUR
Bila usia telah uzur, datanglah penyesalan. Manusia menoleh kebelakang (mungkur) merenungkan apa yang dilakukan pada masa lalu. Manusia terlambat mengkoreksi diri, kadang kaget atas apa yang pernah ia lakukan, hingga kini yang ada  tinggalah menyesali diri. Kenapa dulu tidak begini tidak begitu. Merasa diri menjadi manusia renta yang hina dina sudah tak berguna.  Anak cucu kadang menggoda, masih meminta-minta sementara sudah tak punya lagi sesuatu yang berharga. Hidup merana yang dia punya tinggalah penyakit tua. Siang malam selalu berdoa saja, sedangkan raga tak mampu berbuat apa-apa.  Hidup enggan mati pun sungkan. Lantas bingung mau berbuat apa. Ke sana-ke mari ingin mengaji, tak tahu jati diri, memalukan seharusnya sudah menjadi guru ngaji. Tabungan menghilang sementara penyakit kian meradang. Lebih banyak waktu untuk telentang di atas ranjang. Jangankan teriak lantang, anunya pun sudah tak bisa tegang, yang ada hanyalah mengerang terasa nyawa hendak melayang. Sanak kadhang enggan datang, karena ingat ulahnya di masa lalu yang gemar mentang-mentang. Rasain loh bentar lagi menjadi bathang..!!
Tembang pangkur ngemu sifat : nepsu kang prihatin.
Tembang  macapat pangkur laras pelog pathet 6 dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=2ilg05pAVoI 

10. MEGATRUH
Megat ruh, artinya putusnya nyawa dari raga. Jika pegat tanpa aruh-aruh. Datanya ajal akan tiba sekonyong-konyong. Tanpa kompromi sehingga manusia banyak yang disesali.  Sudah terlambat untuk memperbaiki diri. Terlanjur tak paham jati diri. Selama ini menyembah tuhan penuh dengan pamrih dalam hati, karena takut neraka dan berharap-harap pahala surga. Kaget setengah mati saat mengerti kehidupan yang sejati. Betapa kebaikan di dunia menjadi penentu yang sangat berarti. Untuk menggapai kemuliaan yang sejati dalam kehidupan yang azali abadi. Duh Gusti, jadi begini, kenapa diri ini sewaktu masih muda hidup di dunia fana, sewaktu masih kuat dan bertenaga, namun tidak melakukan kebaikan kepada sesama. Menyesali diri ingat dulu kala telah menjadi durjana. Sembahyangnya rajin namun tak sadar sering mencelakai dan menyakiti hati sesama manusia. Kini telah tiba saatnya menebus segala dosa, sedih sekali ingat tak berbekal pahala. Harapan akan masuk surga, telah sirna tertutup bayangan neraka menganga di depan mata. Di saat ini manusia baru menjadi saksi mati, betapa penyakit hati menjadi penentu dalam meraih kemuliaan hidup yang sejati. Manusia tak sadar diri sering merasa benci, iri hati, dan dengki. Seolah menjadi yang paling benar, apapun tindakanya ia merasa paling pintar,  namun segala keburukannya dianggapnya demi membela diri.  Kini dalam kehidupan yang sejati, sungguh baru bisa dimengerti, penyakit hati sangat merugikan diri sendiri. Duh Gusti…!
Tembang megatruh ngemu sifat : getun, nglangut.
Tembang  macapat megatruh laras pelog pathet barang dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=0TX1E-9vmxQ 

11. POCUNG
Pocung atau pocong adalah orang yang telah mati lalu dibungkus kain kafan. Itulah batas antara kehidupan mercapadha yang panas dan rusak dengan kehidupan yang sejati dan abadi. Bagi orang yang baik kematian justru menyenangkan sebagai kelahirannya kembali, dan merasa kapok hidup di dunia yang penuh derita. Saat nyawa meregang, rasa bahagia bagai lenyapkan dahaga mereguk embun pagi. Bahagia sekali disambut dan dijemput para leluhurnya sendiri. Berkumpul lagi di alam yang abadi azali. Kehidupan baru setelah raganya mati.
Tak terasa bila diri telah mati. Yang dirasa semua orang kok tak mengenalinya lagi. Rasa sakit hilang badan menjadi ringan. Heran melihat raga sendiri dibungkus dengan kain kafan.  Sentuh sana sentuh sini tak ada yang mengerti. Di sana-di sini ketemu orang yang menangisi. Ada apa kok jadi begini, merasa heran kenapa sudah bahagia dan senang kok masih ditangisi. Ketemunya para kadhang yang telah lama nyawanya meregang. Dalam dimensi yang tenang, hawanya sejuk tak terbayang. Kemana mau pergi terasa dekat sekali. Tak ada lagi rasa lelah otot menegang. Belum juga sadar bahwa diri telah mati. Hingga beberapa hari barulah sadar..oh jasad ini telah mati. Yang abadi tinggalah roh yang suci.
Sementara yang durjana, meregang nyawa tiada yang peduli. Betapa sulit dan sakit meregang nyawanya sendiri, menjadi sekarat yang tak kunjung mati. Bingung kemana harus pergi, toleh kanan dan kiri  semua bikin gelisah hati.  Seram mengancam dan mencekam. Rasa sakit kian terasa meradang. Walau mengerang tak satupun yang bisa menolongnya. Siapapun yang hidup di dunia pasti mengalami dosa. Tuhan Maha Tahu dan Bijaksana tak pernah luput menimbang kebaikan dan keburukan walau sejumput. Manusia baru sadar, yang dituduh kapir belum tentu kapir bagi Tuhan, yang dianggap sesat belum tentu sesat menurut Tuhan.  Malah-malah yang suka menuduh  menjadi tertuduh. Yang suka menyalahkan justru bersalah. Yang suka mencaci dan menghina justru orang yang hina dina. Yang gemar menghakimi orang akan tersiksa. Yang suka mengadili akan diadili. Yang ada tinggalah rintihan lirih tak berarti, “Duh Gusti pripun kok kados niki…! Oleh sebab itu, hidup kudu jeli, nastiti, dan ngati-ati. Jangan suka menghakimi orang lain yang tak sepaham dengan diri sendiri. Bisa jadi yang salah malah pribadi kita sendiri. Lebih baik kita selalu mawas diri, agar kelak jika mati arwahmu tidak nyasar menjadi memedi.
Tembang pocong ngemu sifat :
Tembang  macapat pocong laras slendro pathet manyura dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=n3sSYOBdtu8

Melik Nggendhong Lali

Melik Nggendhong Lali

Jejere wakil rakyat pancen sarwa cukup. Jejere menteri ya sarwa cukup uga. Jejere nayaka praja utawa punggawaning praja genah kabeh kabutuhan urip wis dicukupi dening pemerintah utawa negara. Ing kahanan mangkono kuwi mesthinya kudu nyambut gawe temen-temen kanggo ngudi raharjaning rakyat. Nanging kang dumadi kaya crita ing ngisor iki genah kosok balene, prasasat melik nggendhong lalu.
Nyandhang klambi werna putih, wanita kang duwe rambut dawa kuwi mlebu ing Pengadilan Tindak Pidana Korupsi (Tipikor) ing Jakarta, Januari kepungkur. Dheweke mesam-mesem ing ngarep para wartawan lan tamu pengadilan.
Ing wektu kuwi, wanita kang kadakwa nindakake korupsi kuwi kapatrapan paukuman kunjara suwene patang taun nenem sasi. Krungu vonis kasebut, anggota DPR, Angelina Sondakh utawa Angie, kuwi katon tetep ngumbar esem, kepara malah tambah bungah. Mbokmenawa jalaran paukumane luwih entheng tinimbang panjaluke jaksa.
Mundur ing 2001, Angie mimpang pamilihan Putri Indonesia lan banjur kondhang minangka selebritas. Dheweke banjur makili Indonesia ing pamilihan Miss Universe. Dheweke kapilih dadi Putri Indonesia jalatan praupane kang nengsemake lan lantip sarta preduli marang kahanan sosial.
Ayu lan pinter dadi pawitan Angie ambyur ing jagad politik, dadi anggota DPR 2004-2009 lan 2009-2012. Emane, dheweke banjur keblondrok ing laku nerak angger-angger, dolanan dhuwit kang dudu hake. Miturut dhosen Filsafat Ilmu ing Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Oesman Arif, para panguwasa akeh sing padha lali sapa sejatine dheweke nalika nyekel kuwasa. Akeh pacoban kayata bandha dunya, wong wadon, pangkat, jabatan lan liya-liyane.
”Kuwi tuladha wong sing srakah. Melik kuwi pengin sing ora dadi hake. Banjur piye carane supaya antuk, nganti lali ukum lan pranatan,” ujare Oesman nalika disowani Espos ing griyane, ing Jebres, Solo, Senen (18/2).
Para pejabat kang duwe pangkat dhuwur, kaya anggota DPR, samestine ora mikir mung kebutuhan pribadine utawa partai. Kudune luwih nengenake mikir kabutuhan rakyat Indonesia. Nalika wus rumangsa kepenak ngrasakake kursi panguwasa lan kabeh kabutuhan kacukupan, ana sing banjur lali sapa sejatine dheweke.
”Lali marang rakyate sing wus nglempengake dalan nggayuh panguwasa,” pratelane Oesman. Ing titi wanci iki, miturut Oesman, separangan akeh panguwasa mung nengenake golongane dhewe. Tumindake ora nuduhake minangka jejering wakil rakyat.
”Wajib setor dhuwit kanggo partai. Mula ya korupsine nganti atusan miliar, malah triliunan rupiyah,” piterange Oesman. Jan-jane, miturut Oesman, yen butuh dadi pejabat sing uripe tentrem, blanjan puluhan utawa atusan yuta rupiyah kuwi wus cukup. Ora prelu mburu miliaran lan triliunan rupiyah sing jan-jane dudu hake.
Kuwi katelah wong melik nggendhong lali, yakuwi wong sing srakah. Apa sebabe rata-rata panguwasa dadi srakah? Kuwi bisa amarga kapribaden lan kahanan. Sanajan duwe kapribaden mulya, nalika mlebu ing kahanan kang sarwa reget ya samesthine melu gupak.
Mula, sanajan dheweke ora lali marang kasajatene lan rakyate, nanging kanca-kancane lan golongane sarta partaine bisa wae meksa supaya dheweke nglakoni tumindak kang nerak angger-angger. ”Mula ukum kuwi kudu ngadeg jejeg. Ora di dol murah,” piterange Oesman.
Nalika ukum ora bisa njejegake rasa adil, tumindak ala ora bakal bisa ilang utawa suda. Akeh para pejabat korupsi amarga rumangsa kepenak uripe, kancane akeh, ora bakal kapatrapan paukuman kang abot. ”Angelina Sondakh mung diukum patang tahun. Kuwi genah ora adil,” piterange Oesman.
Ing negara China jaman kawuri, wong sing korupsi diukum mati sakulawargane. Iki supaya para pejabat ora lali marang kasajatene, ora lali rakyate kang urip sengsara. Saiki, ukuman mati uga tetep ditrapake dening pemerintah China amarga korupsi kuwi mungsuh negara.
“Ing kene [Indonesia], ora [mungsuh negara]. Nalika mlebu pakunjaran, akeh pejabat padha niliki. Dadi kancane koruptor malah bungah. Rumangsa kuwat lan bungah duwe kanca wong gedhe, sanajan maling,” pratelane Oesman.
Kere Munggah Bale
Miturut dhosen ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Christiana Dwi Wardhana, unen-unen melik nggendhong lali yaiku pepeling menawa ing urip iki akeh dalan lan pilihan. “Apa dalan sing migunani, lan ana dalan sing katone kepenak nanging kawusanane bakal sengsara lan urip ora tentrem,” ujare Christiana.
Melik yakuwi pepenginan, ambisi, mula kudu waspada jalaran pepenginan kuwi bisa njlomprongake manungsa dadi titah kang asor, luwih asor tinimbang kewan.  Manungsa ing jaman modheren akeh kang senang golek kepenake dhewe, ora liwat dalan kang samesthine. Supaya cepet munggah pangkat lan jabatan, banjur mbayar utawa nyogok.
”Wingi dudu sapa-sapa, saiki wus duwe pangkat dhuwur. Kere munggah bale,” pratelane Christiana. Melik kang ora bisa dikendhaleni bakal ngobong nafsu saengga lali purwaduksina. Lali menawa urip kuwi kawengku ing angger-angger, aturan, pranatan. Jalaran mburu melik, wusana kelalen. Melik nggendhong lali anjoge mesthi ora becik.

 

Senin, 29 Desember 2014

Ramalan Serat Jayabaya

Ramalan Serat Jayabaya


  1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
  2. Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
  3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
  4. Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
  5. Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
  6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
  7. Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
  8. Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
  9. Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
  10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
  11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
  12. Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
  13. keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
  14. Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.
  15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
  16. Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
  17. Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
  18. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
  19. Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
  20. Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.
  21. Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
  22. Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
  23. Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.
  24. Nantang bapa--- Menantang ayah.
  25. Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
  26. Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
  27. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
  28. Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
  29. Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil
  30. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
  31. Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil
  32. Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
  33. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
  34. Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
  35. Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
  36. Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
  37. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
  38. Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
  39. Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
  40. Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
  41. Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.
  42. Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
  43. Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
  44. Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.
  45. Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
  46. Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.
  47. Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
  48. Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.
  49. Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.
  50. Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
  51. Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
  52. Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
  53. Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
  54. Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
  55. Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
  56. Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
  57. Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
  58. Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
  59. Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
  60. Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
  61. Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.
  62. Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.
  63. Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
  64. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
  65. Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
  66. Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
  67. Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
  68. Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja.
  69. Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.
  70. Akeh laknat--- Banyak kutukan
  71. Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat.
  72. Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
  73. Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
  74. Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
  75. Guru disatru---Guru dimusuhi.
  76. Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
  77. Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
  78. Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
  79. Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
  80. Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.
  81. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
  82. Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
  83. Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
  84. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
  85. Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
  86. Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat.
  87. Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna.
  88. Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
  89. Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
  90. Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.
  91. Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
  92. Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
  93. Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam.
  94. Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.
  95. Akeh barang haram---Banyak barang haram.
  96. Akeh anak haram---Banyak anak haram.
  97. Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.
  98. Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
  99. Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.
  100. Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.
  101. Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
  102. Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
  103. Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
  104. Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.
  105. Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.
  106. Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
  107. Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.
  108. Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.
  109. Sing wedi mati---Yang takut mati.
  110. Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
  111. Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
  112. Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
  113. Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
  114. Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
  115. Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
  116. Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
  117. Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
  118. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
  119. Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
  120. Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
  121. Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
  122. Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
  123. Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
  124. Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
  125. Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
  126. Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
  127. Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
  128. Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
  129. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
  130. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
  131. Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
  132. Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
  133. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
  134. Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.
  135. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
  136. Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
  137. Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.
  138. Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.
  139. Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.
  140. Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.
  141. Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.
  142. Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.
  143. Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana
  144. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
  145. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
  146. Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
  147. Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
  148. Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.
  149. Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.
  150. Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung.
  151. Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan.
  152. Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.
  153. Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.
  154. Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
  155. Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki.
  156. Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan.
  157. Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.
  158. Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit
  159. Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau.
  160. Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang
  161. Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah.
  162. Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.
  163. Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi.
  164. Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci.
  165. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
  166. Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela.
  167. Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut.
  168. Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan.
  169. Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah.
  170. Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar.
  171. Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai.
  172. Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
  173. Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.
  174. Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.
  175. Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa.
  176. Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang.
  177. Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi.
  178. Agama ditantang---Agama ditantang.
  179. Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka.
  180. Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka.
  181. Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar.
  182. Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak.
  183. Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.
  184. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
  185. Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
  186. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
  187. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
  188. Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
  189. Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.
  190. Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela.
  191. Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima.
  192. Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.
  193. Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.
  194. Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga
  195. Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.
  196. Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.
  197. Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.
  198. Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur.
  199. Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.
  200. Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.
  201. Buruh mangluh---Buruh menangis.
  202. Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.
  203. Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi.
  204. Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat.
  205. Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.
  206. Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh.
  207. Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela.
  208. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
  209. Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.
  210. Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang.
  211. Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
  212. Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.
  213. Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
  214. Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu.
  215. Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.
  216. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.
Bait Terakhir Ramalan Jayabaya Bait 140 s/d 151
140. polahe wong Jawa kaya gabah diinteri\ endi sing bener endi sing sejati\ para tapa padha ora wani\ padha wedi ngajarake piwulang adi\ salah-salah anemani pati\
141. banjir bandang ana ngendi-endi\ gunung njeblug tan anjarwani, tan angimpeni\ gehtinge kepathi-pati marang pandhita kang oleh pati geni\ marga wedi kapiyak wadine sapa sira sing sayekti\
142. pancen wolak-waliking jaman\ amenangi jaman edan\ ora edan ora kumanan\ sing waras padha nggagas\ wong tani padha ditaleni\ wong dora padha ura-ura\ beja-bejane sing lali,\ isih beja kang eling lan waspadha\
143. ratu ora netepi janji\ musna kuwasa lan prabawane\ akeh omah ndhuwur kuda\ wong padha mangan wong\ kayu gligan lan wesi hiya padha doyan\ dirasa enak kaya roti bolu\ yen wengi padha ora bisa turu\
144. sing edan padha bisa dandan\ sing ambangkang padha bisa\ nggalang omah gedong magrong-magrong\
145. wong dagang barang sangsaya laris, bandhane ludes\ akeh wong mati kaliren gisining panganan\ akeh wong nyekel bendha ning uriping sengsara\
146. wong waras lan adil uripe ngenes lan kepencil\ sing ora abisa maling digethingi\ sing pinter duraka dadi kanca\ wong bener sangsaya thenger-thenger\ wong salah sangsaya bungah\ akeh bandha musna tan karuan larine\ akeh pangkat lan drajat padha minggat tan karuan sebabe\
147. bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret\ sakilan bumi dipajeki\ wong wadon nganggo panganggo lanang\ iku pertandhane yen bakal nemoni\ wolak-walike zaman\
148. akeh wong janji ora ditepati\ akeh wong nglanggar sumpahe dhewe\ manungsa padha seneng ngalap,\ tan anindakake hukuming Allah\ barang jahat diangkat-angkat\ barang suci dibenci\
149. akeh wong ngutamakake royal\ lali kamanungsane, lali kebecikane\ lali sanak lali kadang\ akeh bapa lali anak\ akeh anak mundhung biyung\ sedulur padha cidra\ keluarga padha curiga\ kanca dadi mungsuh\ manungsa lali asale\
150. ukuman ratu ora adil\ akeh pangkat jahat jahil\ kelakuan padha ganjil\ sing apik padha kepencil\ akarya apik manungsa isin\ luwih utama ngapusi\
151. wanita nglamar pria\ isih bayi padha mbayi\ sing pria padha ngasorake drajate dhewe\

Bait 152 sampai dengan 156 hilang
 157. wong golek pangan pindha gabah den interi\ sing kebat kliwat, sing kasep kepleset\ sing gedhe rame, gawe sing cilik keceklik\ sing anggak ketenggak, sing wedi padha mati\ nanging sing ngawur padha makmur\ sing ngati-ati padha sambat kepati-pati\
158. cina alang-alang keplantrang dibandhem nggendring\ melu Jawa sing padha eling\ sing tan eling miling-miling\ mlayu-mlayu kaya maling kena tuding\ eling mulih padha manjing\ akeh wong injir, akeh centhil\ sing eman ora keduman\ sing keduman ora eman\
159. selet-selete yen mbesuk ngancik tutuping tahun\ sinungkalan dewa wolu, ngasta manggalaning ratu\ bakal ana dewa ngejawantah\ apengawak manungsa\ apasurya padha bethara Kresna\ awatak Baladewa\ agegaman trisula wedha\ jinejer wolak-waliking zaman\ wong nyilih mbalekake,\ wong utang mbayar\ utang nyawa bayar nyawa\ utang wirang nyaur wirang\
160. sadurunge ana tetenger lintang kemukus lawa\ ngalu-ngalu tumanja ana kidul wetan bener\ lawase pitung bengi,\ parak esuk bener ilange\ bethara surya njumedhul\ bebarengan sing wis mungkur prihatine manungsa kelantur-lantur\ iku tandane putra Bethara Indra wus katon\ tumeka ing arcapada ambebantu wong Jawa\
161. dunungane ana sikil redi Lawu sisih wetan\ wetane bengawan banyu\ andhedukuh pindha Raden Gatotkaca\ arupa pagupon dara tundha tiga\ kaya manungsa angleledha\
162. akeh wong dicakot lemut mati\ akeh wong dicakot semut sirna\ akeh swara aneh tanpa rupa\ bala prewangan makhluk halus padha baris, pada rebut benere garis\ tan kasat mata, tan arupa\ sing madhegani putrane Bethara Indra\ agegaman trisula wedha\ momongane padha dadi nayaka perang\ perange tanpa bala\ sakti mandraguna tanpa aji-aji
163. apeparap pangeraning prang\ tan pokro anggoning nyandhang\ ning iya bisa nyembadani ruwet rentenging wong sakpirang-pirang\ sing padha nyembah reca ndhaplang,\ cina eling seh seh kalih pinaringan sabda hiya gidrang-gidrang\
164. putra kinasih swargi kang jumeneng ing gunung Lawu\ hiya yayi bethara mukti, hiya krisna, hiya herumukti\ mumpuni sakabehing laku\ nugel tanah Jawa kaping pindho\ ngerahake jin setan\ kumara prewangan, para lelembut ke bawah perintah saeko proyo\ kinen ambantu manungso Jawa padha asesanti trisula weda\ landhepe triniji suci\ bener, jejeg, jujur\ kadherekake Sabdopalon lan Noyogenggong\
165. pendhak Sura nguntapa kumara\ kang wus katon nembus dosane\ kadhepake ngarsaning sang kuasa\ isih timur kaceluk wong tuwa\ paringane Gatotkaca sayuta\
166. idune idu geni\ sabdane malati\ sing mbregendhul mesti mati\ ora tuwo, enom padha dene bayi\ wong ora ndayani nyuwun apa bae mesthi sembada\ garis sabda ora gentalan dina,\ beja-bejane sing yakin lan tuhu setya sabdanira\ tan karsa sinuyudan wong sak tanah Jawa\ nanging inung pilih-pilih sapa\
167. waskita pindha dewa\ bisa nyumurupi lahire mbahira, buyutira, canggahira\ pindha lahir bareng sadina\ ora bisa diapusi marga bisa maca ati\ wasis, wegig, waskita,\ ngerti sakdurunge winarah\ bisa pirsa mbah-mbahira\ angawuningani jantraning zaman Jawa\ ngerti garise siji-sijining umat\ Tan kewran sasuruping zaman\
168. mula den upadinen sinatriya iku\ wus tan abapa, tan bibi, lola\ awus aputus weda Jawa\ mung angandelake trisula\ landheping trisula pucuk\ gegawe pati utawa utang nyawa\ sing tengah sirik gawe kapitunaning liyan\ sing pinggir-pinggir tolak colong njupuk winanda\
169. sirik den wenehi\ ati malati bisa kesiku\ senenge anggodha anjejaluk cara nistha\ ngertiyo yen iku coba\ aja kaino\ ana beja-bejane sing den pundhuti\ ateges jantrane kaemong sira sebrayat\
170. ing ngarsa Begawan\ dudu pandhita sinebut pandhita\ dudu dewa sinebut dewa\ kaya dene manungsa\ dudu seje daya kajawaake kanti jlentreh\ gawang-gawang terang ndrandhang\
171. aja gumun, aja ngungun\ hiya iku putrane Bethara Indra\ kang pambayun tur isih kuwasa nundhung setan\ tumurune tirta brajamusti pisah kaya ngundhuh\ hiya siji iki kang bisa paring pituduh\ marang jarwane jangka kalaningsun\ tan kena den apusi\ marga bisa manjing jroning ati\ ana manungso kaiden ketemu\ uga ana jalma sing durung mangsane\ aja sirik aja gela\ iku dudu wektunira\ nganggo simbol ratu tanpa makutha\ mula sing menangi enggala den leluri\ aja kongsi zaman kendhata madhepa den marikelu\ beja-bejane anak putu\
172. iki dalan kanggo sing eling lan waspada\ ing zaman kalabendu Jawa\ aja nglarang dalem ngleluri wong apengawak dewa\ cures ludhes saka braja jelma kumara\ aja-aja kleru pandhita samusana\ larinen pandhita asenjata trisula wedha\ iku hiya pinaringaning dewa\
173. nglurug tanpa bala\ yen menang tan ngasorake liyan\ para kawula padha suka-suka\ marga adiling pangeran wus teka\ ratune nyembah kawula\ angagem trisula wedha\ para pandhita hiya padha muja\ hiya iku momongane kaki Sabdopalon\ sing wis adu wirang nanging kondhang\ genaha kacetha kanthi njingglang\ nora ana wong ngresula kurang\ hiya iku tandane kalabendu wis minger\ centi wektu jejering kalamukti\ andayani indering jagad raya\ padha asung bhekti\

Minggu, 28 Desember 2014

Landheping Krikil

Landheping Krikil

 

Langit Kutha Solo awan iku resik, ora kaya dina-dina kepungkur sing amung mendhung angendanu lan pijer nggrejeh wae. Mega tipis pancen ngrenggani akasa, nanging datan nuduhake tenger bakal udan. Angin sumidit alus nilasake hawa seger. Ewasemana tiba kosok-bali tumrap atine Sayekti, dhadhane krasa semumpel, prasasat kinebakan mendhung lelimengan. Anyel, mangkel, sedhih, nesu, campur-adhuk dadi siji.
Sapa sing ora rumangsa tatu lan pingget ati, jejering wanita kablenjani tresnane. Pancen iki crita wis kaprah, wanita ditinggal slingkuh sing lanang. Nanging kanyatan iku saiki wis wela-wela gumelar ing ngarepe. Njur sapa bisa kandha lumrah. Embuh, iblis ngendi kang manjing ing atine sing lanang. Mengku wanita kaya Sayekti, sing wis ayu. Kathik darbe pakaryan mesthi, ewasemana isih ngumbar ati baya. Kencut wanita liya.
Jaman pancen wis kliwat gendheng, tatatanan, paugeran, moral lan tata-susila selot dadi bab sing kurang kajen. Akeh sing padha ngidak-idak kautaman, embuh iku sing buruh apa majikan, sing mlarat apa sing sugih, sing nganggur apa pejabat. Mbokmanawa bener, jagade wis arep digulung, giliran akeh manungsa kentekan petung.
Sayekti, kerep katlikung rasa bingung. Banjur bakal tumindak piye dheweke? Mula dina iki dheweke mlayu saka kantor, atine katindhih rasa isin. Kepengin ngipatake rasa sing banget lara iki, pirang-pirang pambudi katindakake nanging kaya methuki dalan buntu. Sansaya mlayu ngadoh, sansaya wela-wela wewayangane sing lanang kang lagi andon tresna klawan wanita liya. Periiih!
“Mbok wis Dhik, aja mbokgawe abot. Harak jagad ora mung sagodhong kelor, priya ora mung Guntara. Isih akeh lho wong lanang liya sing gelem setya. Aku yakin kowe bakal gampang golek gantine. Malah sing luwih saka kuwi,” Murti kanca sakantor ngarih-arih.
“Sajane ya wis dakcoba kanggo kuwi, Mbak. Nanging ati iki tetep wangkal kanggo nampa kanyatan,” Sayekti nanduki klawan mripat kembeng-kembeng.
Pancen Guntara, priya sing wiwit rong taun kepungkur ngisi ati ing dina-dinane dudu perkara gampang kanggo dilalekake. Guntara kanthi pawakan sedheng, pakulitan resik lan brengos tipis iku pindha dermaga mungguh Sayekti. Papan kanggo jumangkah utawa ngluruhake sayah ing sela-selaning dina ngrakit impen uripe. Eman, dermaga iku saiki rubuh, kerut ing ombak lamis.
“Aku ngerti kuwi pancen abot, Dhik Yekti. Lara-laraning atine wanita, yen kacidrani priya sing ditresnani. Mula sing sabar wae ya,” maneh Murti nglipur.
Dudu amung Murti sing semune welas klawan lelakone Sayekti, akeh kanca kantore kang trenyuh. Embuh iku Rina, Damar, luwih-luwih Santosa. Kanca kantore siji iki ora mung cukup welas, nanging melu ngigit-igit klawan trekahe bojone Sayekti.
“Ora idhep eman cah ayu-ayu kok kagawe lara ati,” mangkono grenenge Santosa sawijine dina. “Mbok katimbang disia-sia dilungsurke aku wae, wis mesthi bakal daklela-lela,” celathune Santosa sing pancene isih legan iku kasusul guyune sakanca kabeh.
Mancik tengah dina, kutha Solo tambah sumelet. Ratan Slamet Riyadi sansaya kinebakan kendharaan. Sinawang saka kadohan prasasat padha bujung-binujung, embuh padha mbeburu apa. Siji lan sijine kaya terus adu banter, adu dhisik, kaya kaselak katinggal wektu. Kaselak ora komanan marang apa sing padha dadi rebutan dina iku. Bledig binledig, njarah pepenginan. Ing kutha iki selot angel nemokake ati sareh, sabar lan sumeleh.
Semono uga rasa kang terus kabudi dening Sayekti, kanggo sabar ngadhepi lelakon kang katemben nyandhung uripe tetep angel kacandhak. Dhadhane tetep kinebakan rasa goreh, mangkel lan nesu. Wis pirang-pirang dina mbudi kanggo sabar tetep wae cabar. Ana rasa kang loruu.., periiih.., sing angel dikipatake.
Saiki jangkahe Sayekti mancik ing undhak-undhakan sawijine mall sing kondhang gedhe ing Kutha Bengawan iki. Dheweke mecaki jrambah klawan ati suwung. Senadyan kiwa lan tengene pating sliri pawongan kang padha ngumbar mata golek panglipur. Ewasemana Sayekti rumangsa katindhih sepi. Prasasat kabeh sing sinawang katon wong-wong asing kang ora ditepungi. Wong-wong mau padha sesliweran, embuh mbeburu apa ana papan kang kaanggep super mewah iku.
Semu. Wong-wong saiki amung kapincut semu. Papan mewah iki amung dhapur ngandelake rasa goroh. Mall mentereng klawan barang-barang larang lan luks satemene lamis wae. Wong-wong sing teka kuwi satemene nyelaki batine. Dudu iki sakjane sing dibutuhake dening ati. Kabagyan mono tetep manggon ing kaprasajan. Apa anane. Njur apa tegese wong-wong iku teka kene, yen sing ana iki satemene ora nate bisa paweh pemarem? Suwalike tambah gawe sansaya ngelak.
Mbokmanawa mangkono uga kang saiki nguwasani atine Guntara, kanggo apa dheweke kecanthol wanita liya. Njur golek apa? Guntara sajake kapeksa nggorohi atine dhewe. Ing sisihe wanita kang setya kathik kecanthol wanita liya kang durung genah apa sing ana jroning atine. Guntara mbokmanawa kalebu priya kang ora gelem sinau marang apa kang wis akeh kelakon. Ora mung uripe, ajining dhiri, bisa-bisa kalungguhan katut kerut awit panggodhaning tresna lamis.
“Sayekti…, bener iki Sayekti ta?” dumadakan swara iki teka lan medhot pikirane Sayekti sing lagi kabandhang ing lamunan.
Sayekti nanduki klawan manthuk alon lan cukup mesem tipis.
“Eh, kowe lali ta, Yekti? Aku kanca SMA, Riyan? Riyan sing kulina nggodha awakmu biyen,” priya sing ngaku Riyan mau nuli lungguh ing kursi sangarepe Sayekti.
“Iya aku eling, kowe Riyan ta?” sabanjure Sayekti nanduki.
“Sokur kowe eling, Yek. Trus, geneya kowe ana kene ijen? Lagi rolasan, tugas apa nglipur ati ya, kok sajak suntrut? Apa…,?”
“E, trus piye nggonku mangsuli kok pitakonmu mbrubul ngono,” Sayekti munggel.
“Oya, sepurane. Terlalu semangat,” Riyan mesem kecut.
Nuli sakarone kanca lawas mau padha kabadhang ing lelakon kawuri. Salumrahe kanca lawas sing ora nate ketemu lan saiki bisa sapejagong. Mulane karasa kaku, wektu candhake Sayekti kaya nemu panglipur. Satemah sawetara lali marang lelakon peteng kang nindhih uripe. Ndilalahe Riyan kalebu pribadi sing gumyak, sumanak lan lucu. Malah patemon dina kuwi asring kasambung ing dina- dina sabanjure.

***

“Kowe ora ijen, Yek. Ora sithik, embuh wanita apa priya sing wis kacidrani sih tresnane ing jagad iki. Kalebu priya sing ana ngarepmu uga kurban katresnan lamis,” mangkono Riyan nanduki critane Sayekti .
Sayekti nggragap, ora ngira Riyan darbe nasib padha klawan awake.
“Awakmu ditinggal wanita sing mboktresnani?”
“Ora mung ditinggal. Nanging wanita mau uga gawe pitenah. Saengga aku sing didakwa kulawargaku apadene kulawargane sing ngrusak rumah-tangga,“ wangsulane Riyan sing selot gawe Sayekti kaburu ewon pitakon.
Murih Sayekti marem, tumuli Riyan nyritakake kabeh lelakon kang tumempuh ing panguripane. Nganti pungkasane bali urip ijen, malah kudu nanggung anak siji sing katinggal dening ibu sing kudune ngesok sih tresnane. Krungu kuwi kabeh Sayekti amung jegreg. Tan bisa kumecap. Rasane katlikung trenyuh.
Panyawange rumambat ing pang-pang trembesi sing jenggereng ing kompleks Taman Sri Wedari. Atine Sayekti tambah angluh. Geneya kudu mangkono lelakon tresna sing nuli kasandhang manungsa. Endi sing salah, endi sing durung pener. Kamangka saelinge tresna kang karonce klawan Guntara uga ora sadhela. Luwih saka rong taun Sayekti sesambungan rasa klawan Guntara sadurunge netepake kanggo nikah.
“Ati, ati Yek, ati sing keri saka lakon tresna kita sakloron. Bener kandhane para sepuh, yen gegarane wong akrami mono dudu bandha dudu rupa. Tresna mono kudu kawangun kanthi ati. Awit sabenere ing kono dununge kekuwatan. Eman, kita rumangsa keminter lan nyelehake rupa apadene bandha minangka kiblating tresna,” mangkono Riyan nuduhake apa sing luput saka uripe.
“Ning, saiki apa ana wong darbe pikiran ngono,” Sayekti bali kembeng-kembeng.
“Pancen angel, mula ora mokal wangunan bale wisma saiki banget ringkih. Sing ana amung sarwa lamis, saiki tresna sesuk bisa gegethingan. Kamangka sih tresna sing rosa mono sing sansaya cerak klawan ati. Iku kang katuduhake dening para sepuh kita biyen. Nadyan urip sarwa prasaja, nanging gampang ngranggeh kabagyan awit sakalire karacik mawa dayaning ati,” kandhane Riyan selot gawe atine Sayekti ngondhok-ndhok.
Nedhenge loro kanca lawas mau kasok ing ulegane rasa, sambung klawan landheping krikil lelakon uripe dhewe-dhewe, dumadakan kagawe kaget. Ing ratan gedhe sangerep Taman Sri Wedari papan sakarone sapejagong katon wong-wong rame padha nyaketi ing tengah dalan. Malah Sayekti lamat-lamat krungu aloke wong yen mentas wae ana sing nglalu. Kagawa insting wartawan, Riyan age nggandheng sayekti kanggo ngungak apa sing satenane dumadi.
Saiba kagete Sayekti. Datan ngira pawongan kang padha dirubung lan prasasat adus getih sawuse mencolot saka jembatan penyebrangan mau, tetela wong sing salawase iki banget ditepungi.
“Mas Guntara….,” Sayekti jumelih lan sabanjure wis ora eling apa-apa.

 

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Web Hosting