Tampilkan postingan dengan label Purwaka. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Purwaka. Tampilkan semua postingan

Rabu, 28 Januari 2015

Ndandani Urip lan Panguripan

Ndandani Urip lan Panguripan


Ing jaman saiki apa isih ana wong sing suwung pamrih? Apa kang katindakake tanpa metung apa pikolehe. Mbokmenawa kadidene nggoleki dom ing tumpukan damen kanggo nemokake wong kang duwe patrap suwung pamrih utawa ikhlas kuwi mau.

Menawa merdeni apa kang dumadi ing madyaning bebrayan agung ing titi wanci pungkasan iki, wong suwung pamrih kuwi kadidene titah langka. Kepriye ora langka? Ing saben patrap lan tumindak ing jaman kang katelah jaman globalisasi iki kabeh kudu sinartan prabeya, kudu duwe pawitan, ora ana sing lelahanan.
Akeh punggawaning praja kang pinter, jujur, nanging ora bisa munggah pangkat lan kalungguhan jalaran ora bisa asok glondhong pangareng-areng marang sing duwe kuwasa nandha tangani surat keputusan munggah pangkat lan kalungguhan.
Laku lempeng nut paugeran dianggep kuna. Ngugemi sipat jujur dianggep ketinggalan jaman. Nyirik laku sedheng dianggep sok suci. Sing mratah sabanjure mung urip kang sarwa mburu butuhe dhewe kanthi sarana lan dalan apa wae. Korupsi wusana dadi budaya.
Niyat becik sok-sok malah dicubriyani. Niyat becik dianggep ngganggu liyan, apamaneh yen niyat becik mau kawujudake dadi laku lan tumindak becik. Sok-sok banjur dianggep dadi pepalang tumrap liyan. Mbokmenawa ya ing jaman iki apa kang pratelane Ranggawarsita dadi kanyatan: yen ora melu edan ora bakal keduman.
Ananging, kanyatan mangkono mau tetep dudu sing bener. Kanyatan kaya mangkono mau kudu didandani. Lamun dijarke wae, kepara dianggep lumrah, mesthi bakal ndadekake urip bebrayan agung dadi rusak. Paugeran diterak. Bebener ditinggal.
Kanggo ngawekani kahanan kang mangkono mau, Raden Mas Panji (RMP) Sosrokartono marisake piwulang luhur kang kawengku ing unen-unen suwung pamrih tebih ajrih.
Miturut Sosrokartono kaya kang katulis ing buku Kempalan Serat-serat Drs RMP Sosrokartono kang dibabar dening Panitya Buku Riwayat Drs RMP Sosrokartono, 1971:…suwung pamrih, suwung ajrih, namung madosi barang ingkang sae, sedaya kula sumanggakaken dhateng Gusti...
Unen-unen kasebut ngandhut wredi lamun kang kudu digoleki jroning urip kuwi dudu kang asipat amoral, nglanggar aturan urip bebrayan, dudu sing asipaf negatif, sing digoleki kudune mung sing sarwa apik lan mulya.
Anjoke ora liya ngudi urip kang becik, urip kang bener lan pener, lan sing wigati yaiku ilange sanggan kang asipat lair utawa batin ing saben dhiri pribadi. Kuncine yakuwi laku suwung pamrih, ikhlas, apa kang ditindakake lelandhesan rasa eling marang Gusti Kang Akarya Jagad.
Miturut Sosrokartono,…Yen kula ajrih, kenging dipun wastani ngandhut pamrih, utawi ancas ingkang boten sae… Rasa wedi, rasa ora kepenak, ati kang tansah ora jenjem, kuwi jalaran pamrih: niyat lan ancas sing ora becik. Dadi panguwasa kanthi niyat mburu bandha donya saakeh-akehe, wusana korupsi, mupangatake panguwasane kanggo mburu senenge dhewe.
Rasa wedi, rasa kuwatir, sing mrentul ing telenging rasa lan wusana nguwasani rasa pangrasa tansah nggubel jalaran apa sedyane ora kelakon. Iki dumadi jalaran pamrih. Kanggo ngilangake rasa wedi lan kuwatir kuwi, kudu tumindak lelandhesan niyat kang becik lan laku kang suwung pamrih.
Apa ing jaman saiki pilihan urip lelandhesan niyat becik lan suwung pamrih temen-temen ora njamani? Wong kang wening rasa pangrasane bakal duwe dudutan, ya pancen urip kanthi niyat becik lan suwung pamrih kuwi sing saiki dibutuhake kanggo ndandani urip lan panguripan ing titi wanci pungkasan iki.

 

Sabtu, 03 Januari 2015

Kabeh Ngundhuh Wohing Pakarti

Kabeh Ngundhuh Wohing Pakarti

 

Aja melik darbeking liyan, awit bisa njalari congkrah lan gawe ati nistha. Pitutur luhur kuna mau lumrahe dadi gegebengan manungsa kang nindakake laku prihatin ngregem gegayuhane.
Nalika sedyane kasembadan, uripe kasingepan bandha, pangkat lan kuwasa, sithik mbaka sithik pitutur mau luntur saka telenging kalbu, semono uga rasa suka sukure marang Gusti Allah sansaya kendho.
Salin salaga, patrape tansah ngumbar nepsu angkara murka, lali asale, pijer nggedhekake duraka, rumangsa sarwa kurang kecukupan kamangka tumrape ukuran lumrah wis kalebu turah.
Bebasan melik nggendhong lali, tundhone ngundhuh wohing pakarti. Mula ing jaman saiki, isen-isene pakunjaran sansaya kebak dening wong-wong kang keblinger pangkat, kalungguhan utawa jabatan.
Sanajan Gusti Allah wis maringi pirang-pirang kasunyatan melehake panguwasa lan wong-wong pangkat kang tumindak durjana, isih akeh kang panggah ngetrepake aji mumpung. Kamangka bandha donya bisa lunga, pangkat bisa oncat.
Satemene bandha donya kanggo manungsa wis dicukupi dening Gusti Kang Maha Asih. Dununge rasa cukup lan orane bali marang manungsa dhewe. Manungsa kang diparingi kanugrahan jabatan utawa pangkat, yektine nyandhang amanat supaya gawe tentrem lan raharjaning masarakat.
Nanging, racake manungsa kang rumangsa kasinungan drajat banjur lali ngemban dhawuhe Pangeran, keblinger nepsu kadonyan. Unen-unen Jawa ”menangi jaman edan, yen ora edan ora keduman, sabegja-begjane wong kang lali, luwih begja wong kang eling lan waspada” mung dijupuk saperangan ukarane, ora dionceki kanthi wikan.
Dadine salah kaprah amarga sing dijupuk mligi ukara ”yen ora edan ora keduman”, mula nalika mrangguli kalodhangan korupsi gage disaut amrih wedi kedhisikan liyan. Ing tataran panguwasa, pejabat utawa wong pangkat anggone nyolong kanthi mecaki lenane pranatan utawa sistem, banjur gawe pangrancang julig jumbuh kalawan jejere minangka panguwasa.
Yen prelu, mentala gawe skenario wong liya didadekake tumbal supaya awake dhewe ora kadakwa saengga jenenge tetep kuncara. Becik tetitik ala ketara, sapa salah bakal seleh. Nalika kadurjanane kawiyak, ora mung wong siji sing dilebokake pakunjaran, nanging kalebu saperangan andhahan lan antek-anteke.
Malah sok uga nggeret oknum pejabat liyane jalaran kecathut krana nampa pisungsun (suap). Kanjeng Nabi Muhammad SAW wis paring pepenget lumantar hadis babagan risywah (suap), pratelane sapa wae kang nindakake risywah (sing menehi, sing nampa lan sing dadi duta) bakal dilaknat Gusti Allah (Hadis Riwayat Ahmad).
Menangi wolak-waliking jaman, kaya kang wis kawuningan ing tradhisi Jawa lumantar Serat Jayabaya, ing antarane bakal akeh wong kang cidra ing janji, seneng nyalahake liyan, lali mring kabecikan.
Wis kabukten akeh wong kang duwe kalungguhan aji ing masarakat, kaya dene para wakil rakyat, kasunyatan ora sithik oknum wakil rakyat uga melu ngrenggani isen-isene pakunjaran jalaran korupsi kanthi bebarengan.
Kamangka sadurunge kepilih dadi wakil rakyat, sregep sanja lan nyedhaki wong cilik, kadulu sajak ngayomi, yen ngendikan tansah gawe sengsem sinartan janji-janji bakal ngangkat nasibe rakyat kareben uripe ora kesrakat.
Emane, sawise kepilih dadi wakil rakyat, banjur malih patrap, lali marang janjine, pijer mikir butuhe dhewe. Jejere minangka wakil rakyat, nanging malah tumindak pokil marang rakyat.
Titi wanci tumekane karma, mlebu kunjara jalaran korupsi, nampa suap proyeke kapitalis, karem dhemenan, lan sapanunggalane. Kosok baline, nut owah gingsire jaman, nasibe wong kang jujur katone malah kojur, sing becik lan amanah dadi kapiran, sing ndandani pakarti ala malah dibanda.
Apa ya mengkono? Ora,  satemene wong-wong kang tansah mersudi ing kabecikan lan bebener mau kinemulan sihing pangayoman kang sarwa kebak katentreman, berkah lan tembene bakal kalebu golongan kang begja ing alam kalanggengan awit Gusti Allah Maha Wikan.

 

Jumat, 12 Desember 2014

Jawi Kedah Njawani

Jawi Kedah Njawani

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling (Serat Wulangreh, PB IV)

Unggah-ungguh/tata krami salah satunggalipun tembung ingkang wigati tumrap bebrayan Jawi. Unggah-ungguh nedahaken tindak-tanduk lan pakartinipun budaya tiyang Jawi anggenipun sesrawungan kaliyan tiyang sanes.
Tata krami sumberipun saking kabudayan Jawi mliginipun basa Jawi. Tiyang Jawi ngginaaken basa Jawi mboten namung sarana kangge sesrawungan nanging ingkang langkung utami kangge atur pakurmatan tiyang sanes utawi nglenggahaken status sosial ingkang kedah dipun kurmati.
Para leluhur ing tanah Jawi ndadosaken tata krami minangka way of life  ingkang sampun ambalung sungsum dados perangan gesangipun manungsa. Pramila kangge mengertosi budaya Jawi sawetahipun ingkang kebak pralambang lan pasemon ingkang sinamung samudana, kedah dipun sinau, dipun gegulang kanti raos ingkang sareh lan sumeleh saha kanthi lantiping sasmita.
Kados kasebat wonten ing Serat Wulanreh pupuh Kinanthi yasan dalem PB IV ing inggil. Tiyang Jawi sanget nemenaken olah rasa lan olah jiwa. Pramila babagan tata krami kedah dipun persudi, dipun lestantunaken minangka jati dhirinipun tiyang Jawi.
Nanging ing wekdal sapunika, wonten raos prihatos amrih lestantunipun budaya Jawi. Unggah-ungguh tumrapipun saperangan para mudha dipun lirwaaken, nilar tata krami, tebih saking subasita. Sansaya  dangu mboten ketingal gregetipun nggegulang kawruh budaya nanging kepara nyingkuri jati dhirinipun piyambak.
Para mudha ingkang kagadhang-gadhang saget nglajengaken kagunan budaya ing madyaning bebrayan, malah mboten wonten rumaos melu handarbeni budayanipun. Punika sampun kabukten kathah para mudha ingkang mboten saget matur mawi basa Jawi, langkung remen ngginaaken basa manca, sarwa kebat kliwat, kirang duga lan prayoga, kirang trapsila, grusa-grusu lan sanesipun.
Babagan kawontenanipun para mudha ingkang kados mekaten, tebih sakderengipun, raja ing Surakarta Sinuhun PB IV sampun  paring cecala ing pupuh Kinanthi pada kaping 8: Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.
Kasinggihan, sapunika sampun arang kapireng tembung: nyuwun sewu, ndherek langkung, nyuwun pangapunten, kepareng matur tumrapipun para mudha. Tetembungan punika, sanajan namung sapala, nanging mengku tata krami menawi badhe matur dhumateng tiyang sanes.
Lunturipun tata krami, salah satunggalipun sabab nyebataken awit majengipun teknologi informasi lan globalisasi, ingkang ndadosaken jagad pasrawungan sarwa instan.
Samubarang tumindak kedah cepet supados mboten tinilar jaman. Punika wonten leresipun, nanging sampun ngantos budaya Jawi, mliginipun unggah ungguh/tata krami, ical musna kados dene basa Jawi Kina ingkang sapunika sampun mboten saged dipun magertosi malih. Sumangga sadaya gumregah, gumregut lan mbudidaya amrih lestantunipun.

 

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Web Hosting