Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Minggu, 01 Februari 2015

Suwung Pamrih Rame ing Gawe

Suwung Pamrih Rame ing Gawe

Mbok menawa batine wong-wong sing isih resik banjur padha  pengin nangis nalika maca warta lamun meh separo gubernur ing Indonesia–17 gubernur –-duwe  sipat durjana, ngapusi lan nyolong dhuwite rakyat nganti cacahe atusan miliar rupiah. Bupati uga ora beda, ana 138 bupati/ walikota –saka 497 bupati/walikita sa-Indonesia –dadi koruptor.
Apa sejatine isi atine para panguwasa kasebut kang yektine nyangga amanat, pangkat lan dipercaya rakyat, nanging malah khianat. Nalika durung kepilih, padha ngumbar janji bakal ngudi katentreman urip lan jejeging adil. Ora bakal njupuk lan nrima sing dudu hake, tumandang ing gawe kanthi sipat jujur lan sregep, ora pamrih puja-puji utawa bandha donya. Kanyatane?
”Ndeleng wong sing duwe pangkat ing jaman saiki pancen angel nemokake sing duwe sipat sepi ing pamrih, rame ing gawe,” pratelane dhalang lan dhosen ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra lan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Imam Sutardjo, nalika disowani Espos, Senen (4/2), ing kantore.
Miturut Imam, sing mratah jaman saiki malah sepi ing gawe rame ing pamrih. Jaman saiki, akeh wong wegah tumandang lamun ora ngasilake bathi. Para panguwasa lan priyagung tumandang gawe, nanging ora katumrapake rakyat. Tumandang gawene mung kanggi pribadi lan golongane.
Nglungguhi kursi panguwasa diwerdeni minangka sarana nggayuh bandha, dhuwit saakeh-akehe lan nggayuh kuwasa sing luwih dhuwur. Kabeh lelandhesang petungan tuna utawa bathi. Sing kaudi cetha mung bathi, kanthi sarana lan dalan apa wae. Pangkat lan panguwasa dianggep barang sing bisa didol lan dituku.
Dadi gubernur kudu metung duwe pawitan pirang atus miliar rupiah. Wusana, nalika kasil dadi gubernur, sing dipikir saben dina mung kepriye supaya pawitan puluhan utawa atusan miliar rupiah mau enggal bali. Dadi panguwasa ora mikir kepriye supaya rakyat urip luwih tetrem lan makmur.
Imam nelakake ing buku-buku sejarah bisa didhudhah lamun jaman ngrebut kamardikan para pejuwang wani toh nyawa lan ora ngeman bandha. Para pejuwang kasebut ngrumangsani ora bakal ngrasakake rejaning jaman, nanging mikir kepriye supaya anak, putu lan buyut urip tentrem ora ing regemaning penjajah.
Dene ing jaman saiki, akeh prekara nalika panguwasa tumindak korupsi ora mung jalaran pancen sipate kang ala. Korupsi katindakake uga jalaran wangunan lan cakepan politik ing Indonesia kang pancen mbukak kalodhangan, kepara nyengkuyung mratahe tumindak korupsi.
”Prabeya politik kuwi prasasat ora ana watese. Dadi calon anggota legislatif utawa caleg kudu sangu dhuwit miliaran rupiyah. Arep nggayuh kalungguhan bupati utawa walikota tangeh lamun kasil menawa tanpa pawitan dhuwit atusan miliar rupiyah. Hla, kuwi dhuwit saka ngendi? Kepriye carane mbalekake, sakorane bisa bak buk,” piterange Imam.
Mula ora nggumunake nalika wus nglungguhi kursi anggota DPR/DPRD utawa dadi bupati, ing pikirane mung babagan piye carane dhuwit miliaran sing wus diblanjakake mau bisa bali.
Miturut parampara kabudayan Jawa, KP Sontodipuro utawa Wa Sonto, kajaba wangunan lan cakepan politik, tatacara sumpah jabatan uga prelu didandani. Panguwasa utawa pejabat salebare ngucap sumpah jabatan prayogane diwenehi sertifikat kang isine tetembungan isi sumpah jabatan kuwi mau. Sertifikat kasebut bisa dicenthelake ing omah dhines lan omah pribadi supaya tansah kelingan.
”Tulisan ing sertifikat kuwi janji ora bakal nampa utawa menehi dhuwit utawa barang kang gegayutan kalawan panguwasane,” ujare Wa Sonto. Ing kahanan saiki, mratah nalika pengin munggah pangkat kudu cucul dhuwit. Mula, nampa utawa menehi gegayutan panguwasa yang sejatine tumindak ala kuwi saiki dianggep lumrah ing jagad politik lan birokrasi ing negara iki.
Nalika dhuwit bisa dadi sarana ngundhakake pangkat, wong bodho nanging sugih bakal bisa munggah pangkat. Suwalikane, wong pinter nanging mlarat panggonane yang mung ing ngisor, ora duwe kuwasa mrentah. ”Kudu ada wong sing kuwat lan wani ndandani kahanan iki supaya ora tambah rusak lan semrawut,” pratelane Wa Sonto.
Apa kang dumadi ing titi wanci pungkasan iki, miturut Wa Sonto nandhesake lamun wulangan ”suwung pamrih tebih ajrih” warisane Raden Mas Panji (RMP) Sosrokartono (kakange RA Kartini) wus ora dadi landhesan tumrap uripe warga bebrayan agung, mligine bebrayan agung Jawa.
”Para panguwasa negara iki akeh-akehe wong Jawa, sakorane duwe oyot kabudayan Jawa. Nanging, prasasat kabeh wus lali malang jati dhirine. Suwung pamrih tebih ajrih utawa sepi ing pamrih rame ing gawe wus dianggep kuno, ora njamani,” piterange Wa Sonto.
Miturut Imam Sutardjo, panguwasa ora prelu ajrih utawa wedi nalika tumindak bener lan pener, ora khianat marang rakyat lan tansah ngudi karaharjaning rakyat. “Tebih ajrih” kuwi bakal kagayuh lamun saben dina tansah tumindak nut paugeran lan tansah ngudi kabecikan.
Tumrap para panguwasa, ”tebih ajrih” bakal kagayuh lamun dheweke bisa ngecakake panguwasane ora mung kanggo mburu pamrih pribadi: mbalekake pawitan sing diblanjakake ing pemilihan umum utawa ing pemilihan kepala dhaerah.
Imam lan Wa Sonto isih yakin lamun yang titi wanci pungkasan iki isih ana wong sing nalika dipercaya dadi pemimpin bakal ngadeg jejeg ing dalan jujur lan amanat. Wong siji nanging jujur ing wewengkon papan dununge maling bakal nampa pacoban lan akeh mungsuhe. Dheweke bakal nampa maneka pitnah supaya ora ngganggu sing padha tumindak korupsi.
”Becik ketitik, ala ketara,” ujare Wa Santa. Tegese, sanajan antuk pitnah, wong kang jujur bakal dituduhake marang dalan kabecikan dening Gusti Allah. Wong kang tumindak ala uga bakal antuk piwales. Suwung pamrih tebih ajrih dadi laku kang abot ing madyaning urip kang kabeh sarwa kapetung kudu bathi lan ora kena tuna.
“Payungku Gustiku, tamengku ya Gustiku. Iki dalan spiritual kang dhuwur kanggo nggayuh wredine suwung pamrih tebih ajrih. Sumendhe marang Gusti Allah, pasrah,” pratelane Imam. Kanggo nggayuh tataran spiritual kuwi mau wajib ngugemi sipat lan laku prasaja lan walaka. Prasaja yaiku sakmadya. Walaka yaiku blak-blakan, apa anane, ora ana sing ditutup-tutupi.

Sabtu, 31 Januari 2015

Budaya Adiluhung Kalah Kalawan Dhuwit

Budaya Adiluhung Kalah Kalawan Dhuwit

Ing Kabupaten Sukoharjo durung suwe iki diadani pamilihan kepala desa (pilkades) ing 125 desa. Saiki wancine warga bebrayan agung ing Sukoharjo nagih janjine para kades kang kapilih lan wus ditetepake minangka jejering pangarsa paprentahan ing saben desa kuwi mau.
Ngumbar janji nalika kampanye pancen gampang, nanging mujudake janji butuh daya lan niyat kang emen-temen. Kepala Desa Gentan, Kecamatan Baki, Sukoharjo, Uke Kurniawan, nelakake nalika wus kapilih dadi  kades pancen duwe kuwajiban kanggo mujudake kabeh apa kang tau dikandhakake nalika kampanye”Desa Gentan kene butuh reformasi sistem administrasi, para pamong desa kudu bisa luwih tertib. Saiki wus ana ana presensi sidik jari. Dadi ya ora bisa teka telat utawa mulih luwih dhisik,” ujare Uke nalika ditemoni Espos kang Balaidesa Gentan, Slasa (5/2).
Uke nelakake sasuwene rong sasi ngembani kuwajiban minangka kades pancen ora gampang. Janji kang tau dikandhakake nalika kampanye ing sangarepe warga Desa Gentan ora gampang diwujudake. Sistem administrasi kang angel lan njlimet kudu didandani, nanging nganti saiki durung kasil temen-temen.
”Durung suwe iki ana warga nandhang lara tumor ing gulu, ora duwe kertu Jaminan Kesehatan Masyarakat (Jamkesmas) utawa  Jaminan Kesehatan Daerah (Jamkesda). Jalaran sistem administrasi sing ruwet aku kudu wira-wiri ngurusi supaya bisa operasi kanthi gratis,” ujare Uke.
Miturut Uke, minangka kades wae dheweke kangelan ngurus, apa maneh warga umum, mesthi luwih kangelan maneh. Mula, jarene Uke, kejaba niyat kang becik, sistem prelu didandani supaya luwih tertib lan luwih becik.
Uke mratelake nalika pilkades dheweke ora cucul prabeya politik kang akeh. Niyat dadi cakades wus thukul setaun kapungkur awit prihatin ndheleng warga masarakat kang nandhang lelara nanging ora antuk pambiyantu saka pemerintah.
”Masarakat utawa warga bebrayan agung sejatine seneng nalika digatekake lan diwongke. Nguwongke kuwi ateges ora prelu nganggo dhuwit supaya antuk panyengkuyung,” ujare Uke. Miturut Uke, warga bebrayan agung jaman saiki sansaya pinter.
Saiki warga bebrayan agung wus mudheng apa kuwi money politics saengga luwih ngati-ati lan ora gelem milih calon pemimpin sing mung ngendelake dhuwit utawa bandha donya kamanya kapribadene ora bisa dadi tepa tuladha.
Dhalang Wayang Kampung Sebelah, Ki Jlitheng Suparman, nelakake lamun wulangan warisane RMP Sosrokartono, suwung pamrih tebih ajrih utawa sepi ing pamrih rame ing gawe, angel ditrapake ing sistem lan jaman saiki. Falsafah urip, ideologi kang adiluhung wus kalah kalawan dhuwit.
”Mula, sepi ing pamrih kuwi saiki kaya-kaya wus ora ana, yen ta ana ya tipis banget,” pratelane Ki Jlitheng. Jaman saiki angel banget golek panguwasa sing sepi ing pamrih rame ing gawe. Pemimpin kang suwung pamrih kuwi langka banget.
”Aku ora yakin wredine sepi ing pamrih rame ing gawe bisa kawujud ing sistem pemerintahan saiki. Sing mratah ya sistem transaksional, kabeh kudu nganggo dhuwit. Sapa sing duwe dhuwit, bisa maju,” pratelane Ki Jlitheng.
Saiki, miturut Ki Jlitheng, kang luwih wigati yakuwi piye carane nenangi lan ndayakake budaya gotong royong, urip rukun lan tepa selira ing madyaning bebrayan agung. Menawa saperangan gedhe warga bebrayan agung bisa kukuh madeg lan tumindak lelandhesan budi luhur, samengkone sistem lan budaya kang kleru bisa didandani lan pemimpin kang suwung pamrih bisa njedhul lan disengkuyung.

Senin, 12 Januari 2015

Keong Mas Bahasa Jawa

Keong Mas Bahasa Jawa

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.

Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”

Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.

Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

    “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”

    “Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”

    “Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Sabtu, 10 Januari 2015

Wayang

Wayang

Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.

Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran punika wayang ditancepké ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi..

Sajarah

Para ahli durung ana kang bisa masthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran iki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita saka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
Crita-crita kang asliné saka India iku pungkasané wis geseh karo sadurunge. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.
Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku wayang kulit purwa.

Sebutane Wayang

Yèn dijupuk saka ukarané, wayang kuwi saka wewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka kang ana wewayangané. Wayang golèk kang digawé saka kayu ora ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang. Umumé, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawé saka tatahan kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.

Kamis, 08 Januari 2015

Kancil Nyolong Timun

Kancil Nyolong Timun

Ing sawijining ing desa Dadapan urip keluwarga mbok Randa Dadapan karo anake wadon sing jenenge Menur. Bojone wis mati sepuluh tahun kapungkur. Saiki Menur wis dadi kembang desa lan umure wis 17 taun. Mbok Randa Dadapan supaya ora kesepian pengin anake Menur cepet-cepet ndang dadi manten wae. Kebeneran ana pemuda desa sing jenenge Tole Lanang pengin ndadekne Menur dadi bojone. Kamangka iku mbok Randa Dadapan wis siap-siap areng nganakne pesta kawin kanggo anake Menur
Bojone mbok Randa Dadapan seda kanthi menehi warisan sawah rong hektar. Kanthi bantuwan wong-wong sak desane, sawahe mbok Randa mau ditanemi pari lan palawija kayata kacang lanjaran, kacang dele, waluh, timun, lan semangka. Amarga lemah ing desa Dadapan iku subur-subur, kabeh tanemane mbok Randa mau ya subur-subur lan werna-werni ndemenake. Ana sing wernane abang, putih, kuning, ijo lan ungu
Neng rerembukan alas cedake Desa Dadapan urip sakwijining kewan cilik sing terkenal akeh akale. Bentuk kewane meng kaya wedus utawa kidang, ning cilik, pada wae gedene karo anakan wedus utawa anakan kidang. Jenenge kewan kuwi si Kancil. Kancil wis suwe idune ngiler ndelok kasil sawahe mbok Randa sing subur makmur, utamane timur sing seger lan semangka sing legi-legi seger. Pokoke si Kancil mikir, cepet utawa suwi aku kudu nyolong timun lan semangkane mbok Randa. Tapi dasar pikirane Kancil sing pinter,
deweke nggak pengin mung mangan timun tanpa oleh sing liyane. Apa kuwi sing liyane ?
Jebul wis suwe si Kancil pengin dadi mantune mbok Randa lan ngawini anake mbok Randa sing dadi kembange desa Dadapan, yakuwi si Menur. Tanpa sadar, si Kancil wis suwe neroake apa wae sing biasane dilakoni karo Tole Lanang calon bojone Menur. Tapi amarga wetenge luwe, si Kancil pengin ndang cepet wae mangan timun neng kebone mbok Randa. Mangka kuwi esuk-esuk jam 7, si Kancil wis mulai nyolong timun neng kebone mbok Randa. Pas enak-enak mangan timun lan cangkeme kebak timun, si Kancil ditangkep karo mbok Randa dibantu karo akeh wong lanang neng desa Dadapan. Kancil terus ditangkep lan dikerangkeng nganggo kurungan pitik lan dijaga karo si Bruno, asune mbok Rana
Dasar Bruno kuwi asu preman, si Kancil sedela-sedela diwedeni nek areng dibeleh lan dianggo pesta wektu mantene si Menur lan Tole Lanang. “Wah celaka, penginku kawin karo Menur kok malah aku diwedeni terus karo si Bruno”, pikire si Kancil. Kamangka kuwi, ing sak wijining dina si Kancil nyeluk si Bruno, “No..No..mrenea disik No, aku ana kabar penting iki”, si Kancil nyeluk si Bruno. “Kabar penting apa ?”, pitakone si Bruno. “Ngene No, aku iki dicekel mbok Randa amarga aku arep didadekne manten karo Menur anake mbok Randa Dadapan, soale mbok Randa sak jane ora seneng si Menur bakal dilamar Tole Lanang. Senenge mbok Randa ya Menur didadekne manten karo aku, si Kancil sing paling cerdas sak ndonya iki No. Ngerti kowe ra, asu goblok ?”
Pancen Bruno asu iku pikirane cupet. Ning keasuan Bruno tersinggung disebut asu goblok karo si Kancil, kamangka kuwi Bruno nyoba ngrayu si Kancil, “Cil..cil, aku pengin lho dadi mantune mbok Randa Dadapan lan dadi manten karo Menur sing ayune uleng-ulengan kuwi. Wis aku wae sing dikurung neng kono. Mengko kowe tak wenehi 100 wiji timun lan panganen sak waregmu, asal kowe gelem tak genteni”. “We…enak bae, aku wis meh dadi mantune mbok Randa lan dadi bojone Menur kok mbok genteni. Ngene wae, wis timun lan 100 benggol duwit Landa ngge aku. Gelem ora ?, pitakone si Kancil marang Bruno. “Yo wis man, deal yo…?”, Bruno jungkir walik sak senenge…
Akhire Bruno mlebu kurungan pitik, lan si Kancil isa ngirup udara bebas…
Sepuluh tahun sak wise kuwi, Bruno mati tuwek neng kandange. Si Kancil urip bahagia merga dadi manten karo si Kumang, kancil wedok lan oleh anak loro, sing siji lanang dijenengake si Kancil Jr. dan sing nomor loro wedok dijenengake si Kumang Jr.

Minggu, 04 Januari 2015

Pagupon Kanggo Mbah Pon

Pagupon Kanggo Mbah Pon

”Ya wis aku lila yen omah iki arep mbok rebut, aku lila yen awakku sing wis tuwa iku mbok singkang-singkang, mbok ambrukke! Mbok singkirke…”

Ora ngira swara sing gawe geter dhadha mau ngreyot saka tutuke Mbah Poniman utawa Mbah Pon sing wis kisut. Blas ora keprungu klepas-klepuse rokok diimbuhi pega kaya biyasane. Aku gage-gage nemplekake kuping ana sela-selane papan kayu sengon.
Papan sing misahake aku karo keluwargane Mbah Pon sing wis kepetung patang puluh tahun. Yen ora kleru ngetung, kawit umurku sepuluh tahun lan Mbah Pon patang puluh tahunan.
Aku dadi gojag-gajeg ing antarane duwe karep misah regejegane Mbah Pon karo anak kuwalone utawa ngenengake wae. Nanging, mikirake dhadhane Mbah Pon sing sansaya keprungu seseg, aku ora tegel. Gage-gage lawang tak jebleske kepara banter banjur njenggirat nemoni Mbah Pon.
”Wonten prekawis menapa, Mbah Pon,” tembungku alus.
”Ya ngene iki nasibe wong, yen lagi duwe uwuh diundhuh, yen lagi gothang ditendhang,” ukarane ngelingake jaman dadi tentara.
Salah sijine anak kuwalon nyingkir saka kamar tamu. Jumangkah mlebu omah. Sajak rikuh, wong atase anak kok ora nate nyenengake wong tuwa nanging malah ngrusohi. Sanadyan iku kepetung anak kuwalon.
Sak dhet! Aku magrok ana kamar tengah. Ndeleng cagak gunggung papat sing nyangga omahe Mbah Pon ketangkep ora jejeg. Kusen-kusen pating plengkung. Lawange padha njerit inepe nalika dibukak utawa ditutup. Pyan saka kepang yang padha jamuren. Durung reng usuk sing ana ndhuwure, mbok menawa wis kanggo rebutan rayap.
Mbah Pon banjur mapanake bokongku ana kursi gapuk. Tak sawang mripate katon suthup. Sajake nyimpen rentengan sejarah sing amoh nggembol gumoh.
”Nak Buwah pirsa dhewe… Aku nikahan karo ibune bocah-bocah meh seprapat abab. Statusku dudha merga ditinggal mati bojo. Anakku loro-lorone wis mentas. Kango nyambung urip tak rewangi dodolan pitik. Bathine ora sepira, nanging kena kanggo tuku bubur bocah-bocah,” ukarane runtut. Isih ngemu rasa nelangsa.
”Eee, bareng bocah-bocah wis gedhe kok nasibku kaya mangkene, percuma olehku gawe eyub-eyuban kanggo bocah-bocah,” rasa nelangsa kaulur dawa.
Omah sing ora kerumat mau pancen duweke Mbah Pon kanthi wutuh. Bojone saiki karo anak kuwalon gunggunge loro–siji dadi tukang parkir siji calo omah–durung nduweni pametu sing lumintu. Loro-lorone malah kejiret utang. Manak-kumanak sisan. Pungkasane karep, omahe Mbah Pon dicoba ditawakake menyang Pak RT.
Mbah Pon mung bisa muntab. Yen omah sida payu, terus arep ngeyup menyang ngendi? Sedulur-sedulur ndesa ora bisa diarep-arep. Tali paseduluran kaya-kaya wis pedhot nalika Mbah Pon ora duwe ragat bali ndesa. Sanadyan setaun pisan. Sak hebat-hebate bakul pitik sak ukuran Mbah Pon, isih kalah karo bakul bakmi jawa, bakso lan jamu gendhong. Kanggo mangan wae Senin-Kemis. Tuku obat herbal asam-urat ya ora kuwat.
Swara gludhug sing nyamber-nyamber ana ndhuwur wuwungan kaya-kaya menehi ganepe pratandha yen keluwargane Mbah Pon pancen lagi gonjang-ganjing. Saben dina sansaya tambah dawa wong-wong sing padha takon omahe Mbah Pon. Yen Akad wingi ana sing wani mbayar seket yuta rupiyah, saiki ana sing ngundhaki seket siji yuta rupiyah. Biyasa, iki strategine bara bakul liwat para entul.
”Mboten pun culaken Mbah, kangge nyaur utang pun meh sepuluh yuta hle. Mangka manak malih dados welasan yuta. Saking pundi badhe mbayar?” Prawiro Punjul sing kedhapuk dadi Ketua RW kaya-kaya nyegati pikirane Mbah Pon.
Siji loro tangga sing nyawang polatane Mbah Pon padha ora tegel. Mesakake mantan pejuwang sing nate ngrasakake nganggo kathok bagor mau dhik jaman Jepang. Urip pancen kewaca cetha kaya rodha kereta. Mbiyen, sakdurunge Mbok Pon dadi bojone Pak Pon nate duwe bojo asmane Pak Mantri.
Sanadyan kerep nyunati bocah, jebule melu keserang diabetes. Bola-bali golek tamba ora mari-mari. Mbuh piye mula bukane, hla kok bojone Pak Mantri banjur kecanthol Mbah Pon. Ana sing duwe praduga Mbah Pon nalika isih timur pancen pinter narik kawigatene wanodya. Malah ana sing nudhuh Mbah Pon duwe ilmu aji pengasihan.
Nanging gandheng rasa tresnane Mbah Pon katon sekonyong kodher, ora wurung nambah seseke urip Pak Mantri,  krasa diklewung. Pak Mantri ora kuwat nampa pacoban  mau lan bacute ora bisa diopeni maneh.
Omahe Mbah Pon saiki wis payu. Dhuwit sing cupet dirajang-rajang lan Mbah Pon mung entuk sangu sepuluh yuta rupiyah. Serik ora serik Mbah Pon nampa dhuwit  mau. Arep dienggo usaha apa maneh dhuwit sing gunggunge mepet iki? Mangkono pitakon sing sajak tumancep kenceng ana bathuke Mbah Pon.
Wong sak kampung banjur padha nyawang mendah abote sanggane Mbah Pon. Kabeh iki bisa kadeleng saka tindak-tanduke Mbah Pon sing beda kaya adat saben. Bola-bali tangga teparo padha diajak rembugan karo ngrasani polah tingkahe anake kuwalon mau.
”Panjenengan kantun mutuske Mbah Pon, badhe setunggal omah malih kaliyan Bu Pon lan putra-putra, napa piyambakan,” Pak Giman, sing isih mambu sedulur karo Mbah Pon, aweh dalan. Mbah Pon klisikan. Ora ana wektu kanggo udut. Ukara mau dadi bahan rembugan ana sawijining regol tengah kampung.
”Kepengine ngono karo Bu Pon, ora karo bocah-bocah..,”semaure blaka suta.
”Hla putrane dereng mentas, taksih perlu gulawentah,” selane Giman.
”Nggih Mbah, kedah setunggal paket,” guyone Rochani.
”Wadhuh, mbok padhakke paket hemat, iki paket mahal, Ni,” imbuhe Tris dadi tambah gayeng. Mbah Pon kaya tambah kesodhok. Para tangga banjur menehi wektu supaya Mbah Pon diaturi mikir sewengi. Idhep-idhep mikir luwih lantip. Para tangga yakin yen mikir keluwarga ora sakruwet mikir regejegane partai politik ing negara iki.
***
Esuk uthuk-uthuk Mbah Pon wis katon nggasrit. Rambute klimis merga pomidan. Guyune plengah-plengeh. Kabeh tangga padha ngebyukke sawangan marang praupan riya sing kudune leren mikir bab donya mau.
”Pripun Mbah, keputusanipun kados pundi?” pitakone Lik Karyo, mantan kades, mancing.
”Aku tak balik ndesa wae,” semaure tanpa irama.
”Hlo, panggenanipun sinten?” Lik Marjo melu kepengin ngerti.
”Ndesane adhiku, ana Wonogiri. Kebeneran ing kana isih ana sak cuwil sawah, aku bisa angon bebek uga, ya idhep-idhep gawe pagupon,” ukarane mantep.
Hla Mbah Pon putri pripun?” Sarijo, dhalang karbitan, melu  nylethuk.
”Ya tetep melu aku. Kebeneran bocah-bocah padha ora gelem mbalik ndesa,”
”Sampun kulina gesang wonten kitha, Mbah,” Lik Mardigu melu ngomentari. Mbah Poniman manthuk-manthuk sarujuk. Sajake wis keconggah kabeh karepe. Mula telung dina bacute, pas dina Setu, sebagian tangga sak-RT banjur nyewa kendharaan sing regane patang atus ewu rupiyah. Wong wolu nyangga  bareng-bareng.
Mantene tuwa (Mbah Pon lanang lan wadon) dipanggonake ana ngarep. Satus telung puluh kilometer adohe lurung bakal katempuh kanthi rasa kesel. Paling ora awak ngethopyok wong sing melu rata-rata wis umur sak ndhuwure seket. Nanging piye maneh wong jenenge tangga?
Apa maneh Mbah Pon kepetung minangka warga sing asring gawe guyon nalika ana arisan. Kabeh mengko padha ngrasakake kangen marang Mbah Pon, utamane nalika pas arisan piyambake mesthi mbengok ”Kopyoook! Kopyooook!” Banjur kabeh nuruti usulan ngopyok merga padha-padha ngantuk.
Durung menawa malem tirakatan sing tumiba ing malem 17 Agustus, sakwise gendurenan, Mbah Pon ditanggap kon dongeng jaman melu perang. Mesthi gayenge ora karuwan. Critane durung mandheg yen pirang-pirang bungkus rokok sengaja dicepakake ana sak ngarepe.
”Mbah Pon, kula dereng nate ngrekam dongeng heroik pengalaman perang panjenengan hlo,” ujug-ujug Tikno nggodha Mbah Pon.
”Hahaha… Wani pira?” gayane melu-melu iklan. Kabeh padha nyekekeh.
Kendharaan sing ditumpangi mlaku terus ana aspal alus. Ora krasa bokong tuwa dipres ana lungguhan luwih saka petungan telung jam.
”Taksih tebih, Mbah?” Suradi ora  kuwat nahan gringgingen.
”Kari sithik, munggah gunung, mburi gunung kuwi hlo, sawahe subur. Panjenengan nginep kene kabeh paling ora seminggu,” ramahe pol. Kendharaan banjur tumuju plataran alon-alon nlesih dalan aspal sing rada bodhol. Limang menit bacute menggok ana latar amba.
”Hla kuwi lho, paguponku wis dadi!” drijine Mbah Pon nuding sawijining bangunan.
”Lumayan Mbah, kok diarani pagupon. Pagupon ki lak ya kandhang dara,” Pak RT nyemoni. Ora ana petungan limang menit banjur jumedhul wong wadon sing umure seketan. Praupane sumringah. Isih ana sisa-sisa rupa ayu katon lamat-lamat tumempel ana praupane wanita mau.
Darjo gage-gage ora sabar anggone nyedhak. Mbisiki pitakon ana kupinge Mbah Pon sing kisut kaya pring apus tegoran telung dina.
”Niku sinten malih, Mbah Pon?”
Kanthi rasa mongkog Mbah Pon mangsuli.
”Kuwi tilas sindhen kondhang. Telung pulung tahun kepungkur tahu tak sir. Ora kelakon. Bareng tahun wingi dadi randha… ya wis klepek-klepek. Tak tandangi wae!” senenge kaya entuk lotre.
Kabeh sing krungu padha gedheg-gedheg.
”Hla yen makaten, istrine Mbah Pon kalih?” Pak RT ndheseg.
Pak Pon mung njegeges. Ora nyebut…! Mangkono batine kanca-kanca sing adoh-adoh ngeterake…

Sabtu, 03 Januari 2015

Kabeh Ngundhuh Wohing Pakarti

Kabeh Ngundhuh Wohing Pakarti

Aja melik darbeking liyan, awit bisa njalari congkrah lan gawe ati nistha. Pitutur luhur kuna mau lumrahe dadi gegebengan manungsa kang nindakake laku prihatin ngregem gegayuhane.
Nalika sedyane kasembadan, uripe kasingepan bandha, pangkat lan kuwasa, sithik mbaka sithik pitutur mau luntur saka telenging kalbu, semono uga rasa suka sukure marang Gusti Allah sansaya kendho.
Salin salaga, patrape tansah ngumbar nepsu angkara murka, lali asale, pijer nggedhekake duraka, rumangsa sarwa kurang kecukupan kamangka tumrape ukuran lumrah wis kalebu turah.
Bebasan melik nggendhong lali, tundhone ngundhuh wohing pakarti. Mula ing jaman saiki, isen-isene pakunjaran sansaya kebak dening wong-wong kang keblinger pangkat, kalungguhan utawa jabatan.
Sanajan Gusti Allah wis maringi pirang-pirang kasunyatan melehake panguwasa lan wong-wong pangkat kang tumindak durjana, isih akeh kang panggah ngetrepake aji mumpung. Kamangka bandha donya bisa lunga, pangkat bisa oncat.
Satemene bandha donya kanggo manungsa wis dicukupi dening Gusti Kang Maha Asih. Dununge rasa cukup lan orane bali marang manungsa dhewe. Manungsa kang diparingi kanugrahan jabatan utawa pangkat, yektine nyandhang amanat supaya gawe tentrem lan raharjaning masarakat.
Nanging, racake manungsa kang rumangsa kasinungan drajat banjur lali ngemban dhawuhe Pangeran, keblinger nepsu kadonyan. Unen-unen Jawa ”menangi jaman edan, yen ora edan ora keduman, sabegja-begjane wong kang lali, luwih begja wong kang eling lan waspada” mung dijupuk saperangan ukarane, ora dionceki kanthi wikan.
Dadine salah kaprah amarga sing dijupuk mligi ukara ”yen ora edan ora keduman”, mula nalika mrangguli kalodhangan korupsi gage disaut amrih wedi kedhisikan liyan. Ing tataran panguwasa, pejabat utawa wong pangkat anggone nyolong kanthi mecaki lenane pranatan utawa sistem, banjur gawe pangrancang julig jumbuh kalawan jejere minangka panguwasa.
Yen prelu, mentala gawe skenario wong liya didadekake tumbal supaya awake dhewe ora kadakwa saengga jenenge tetep kuncara. Becik tetitik ala ketara, sapa salah bakal seleh. Nalika kadurjanane kawiyak, ora mung wong siji sing dilebokake pakunjaran, nanging kalebu saperangan andhahan lan antek-anteke.
Malah sok uga nggeret oknum pejabat liyane jalaran kecathut krana nampa pisungsun (suap). Kanjeng Nabi Muhammad SAW wis paring pepenget lumantar hadis babagan risywah (suap), pratelane sapa wae kang nindakake risywah (sing menehi, sing nampa lan sing dadi duta) bakal dilaknat Gusti Allah (Hadis Riwayat Ahmad).
Menangi wolak-waliking jaman, kaya kang wis kawuningan ing tradhisi Jawa lumantar Serat Jayabaya, ing antarane bakal akeh wong kang cidra ing janji, seneng nyalahake liyan, lali mring kabecikan.
Wis kabukten akeh wong kang duwe kalungguhan aji ing masarakat, kaya dene para wakil rakyat, kasunyatan ora sithik oknum wakil rakyat uga melu ngrenggani isen-isene pakunjaran jalaran korupsi kanthi bebarengan.
Kamangka sadurunge kepilih dadi wakil rakyat, sregep sanja lan nyedhaki wong cilik, kadulu sajak ngayomi, yen ngendikan tansah gawe sengsem sinartan janji-janji bakal ngangkat nasibe rakyat kareben uripe ora kesrakat.
Emane, sawise kepilih dadi wakil rakyat, banjur malih patrap, lali marang janjine, pijer mikir butuhe dhewe. Jejere minangka wakil rakyat, nanging malah tumindak pokil marang rakyat.
Titi wanci tumekane karma, mlebu kunjara jalaran korupsi, nampa suap proyeke kapitalis, karem dhemenan, lan sapanunggalane. Kosok baline, nut owah gingsire jaman, nasibe wong kang jujur katone malah kojur, sing becik lan amanah dadi kapiran, sing ndandani pakarti ala malah dibanda.
Apa ya mengkono? Ora,  satemene wong-wong kang tansah mersudi ing kabecikan lan bebener mau kinemulan sihing pangayoman kang sarwa kebak katentreman, berkah lan tembene bakal kalebu golongan kang begja ing alam kalanggengan awit Gusti Allah Maha Wikan.

Kamis, 01 Januari 2015

Manungsa Wajib Njaga Salarase Urip

Manungsa Wajib Njaga Salarase Urip

Ana kiai utawa ustaz kang dadi tepa tuladha masarakat lan ambyur ing jagad politik. Banjur keprungu kabar dheweke tumindak ala, korupsi utawa nampa dhuwit ora halal. Dheweke lali, jejere ustaz utawa kiai kuwi tansah dadi panutan lan tepa tuladha masarakat. Gebyaring donya mbokmenawa ndadekake dheweke lali marang jejere lan sapa sejatine dheweke.
”Aku sedhih nalika ana ustaz malah korupsi, dheweke lali yen ustaz kuwi tansah didunungake minangka panutan, tepa tuladha,” ujare Kepala Lembaga Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS), Sahid Teguh Widodo, nalika disowani Espos ing kantore, Senen (18/2).
Ing budaya Jawa ana sesanti melik nggendhong bali. Miturut Sahid, sesanti kasebut ngandhut wulangan bab asketisme Jawa utawa pendhidhikan kang ngudi salarase jasmani lan rohani. Selaras antarane pepenginan lan kahanan jasmani lan rohani.
”Wong pengin sugih banget banjur esuk-sore nyambut gawe, ora leren-leren. Nalika wus sugih, awake lara amarga ora dijaga,” ujare Sahid. Mula saben duwe melik bandha kudu dikawal kanthi eling lan waspada. Ing ngelmu Jawa, papan dunung kang bener yakuwi selaras antarane jasad lan roh, sarta Illahi lan masarakat.
Nalika patang jinis iki dadi titik lan saben titik-titik kasebut digandhengake dening garis lenceng, wong kang salaras yakuwi sing dumuning ing titik perangan tengah. Ing agama Islam ana wulangan hablu minannas hablu minallah. Tegese salaras ing sesambungan antarane manungsa lan sesambungan manungsa kalawan Gusti Kang Maha Kuwasa.
Mula, nalika ana wong kang biyene mlarat, banjur dadi sugih lan semugih, ora gelem nampa kahanan lingkungan wong mlarat, uripe dheweke ora bisa salaras. Dheweke ora ngurmati manungsa lan kamanungsan. Lan tundhone, dheweke uga ora ngurmati marang sapa sing gawe manungsa, yakuwi  Gusti kang Maha Kuwasa.
“Wong sing gawe lara atine manungsa, ateges dheweke uga gawe lara atine sing gawe manungsa,” piterange Sahid.
Wong kang duwe pepinginan lan bisa nggayuh apa sing dikarepake, nanging wusana dheweke lali, kuwi amarga ora bisa ngregani laku. Dheweke luwih ngregani asil lan ndheleng apa sing bisa gawe bungah. Dheweke mung ngoyak kuantitas, ora kualitas.
”Urip kuwi dudu tugelan-tugelan. Nanging gandheng-gandhengan,” pratelane Sahid. Wajibe manungsa ya nrima nalika ing ngisor, lan ngucap sukur nalika ing ndhuwur. Wong sing ora jembar sipat sukure kayadene panguwasa lan politisi kang tumindak ala: nyolong dhuwite rakyat utawa korupsi.
Senajan apa-apa duwe, sandhangan apik-apik, montor larang regane, omah magrong-magrong, nanging kabeh kuwi ora cukup. “Wong kaya ngene iki wong nggragas kuwasa lan bandha donya. Dheweke lali yen nyolong kuwi kleru,” ujare warga Sukoharjo kang seneng  ndhudhah sejarah lan budaya Jawa, Heri Priyatmoko.
Apa sing wus dikekep, sanajan akehe banget, ora bakal bisa gawe mareme nepsu. Anane mung kurang lan kurang. Kaya sing wus dikandhakake dening pahlawan kamardikan India, Mahatma Gandhi, yaiku donya lan isine iki bisa nyukupi kabutuhane kabeh wong, nanging ora bisa nyukupi wong siji sing nggragas.

Rabu, 31 Desember 2014

Melik Nggendhong Lali

Melik Nggendhong Lali

Jejere wakil rakyat pancen sarwa cukup. Jejere menteri ya sarwa cukup uga. Jejere nayaka praja utawa punggawaning praja genah kabeh kabutuhan urip wis dicukupi dening pemerintah utawa negara. Ing kahanan mangkono kuwi mesthinya kudu nyambut gawe temen-temen kanggo ngudi raharjaning rakyat. Nanging kang dumadi kaya crita ing ngisor iki genah kosok balene, prasasat melik nggendhong lalu.
Nyandhang klambi werna putih, wanita kang duwe rambut dawa kuwi mlebu ing Pengadilan Tindak Pidana Korupsi (Tipikor) ing Jakarta, Januari kepungkur. Dheweke mesam-mesem ing ngarep para wartawan lan tamu pengadilan.
Ing wektu kuwi, wanita kang kadakwa nindakake korupsi kuwi kapatrapan paukuman kunjara suwene patang taun nenem sasi. Krungu vonis kasebut, anggota DPR, Angelina Sondakh utawa Angie, kuwi katon tetep ngumbar esem, kepara malah tambah bungah. Mbokmenawa jalaran paukumane luwih entheng tinimbang panjaluke jaksa.
Mundur ing 2001, Angie mimpang pamilihan Putri Indonesia lan banjur kondhang minangka selebritas. Dheweke banjur makili Indonesia ing pamilihan Miss Universe. Dheweke kapilih dadi Putri Indonesia jalatan praupane kang nengsemake lan lantip sarta preduli marang kahanan sosial.
Ayu lan pinter dadi pawitan Angie ambyur ing jagad politik, dadi anggota DPR 2004-2009 lan 2009-2012. Emane, dheweke banjur keblondrok ing laku nerak angger-angger, dolanan dhuwit kang dudu hake. Miturut dhosen Filsafat Ilmu ing Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Oesman Arif, para panguwasa akeh sing padha lali sapa sejatine dheweke nalika nyekel kuwasa. Akeh pacoban kayata bandha dunya, wong wadon, pangkat, jabatan lan liya-liyane.
”Kuwi tuladha wong sing srakah. Melik kuwi pengin sing ora dadi hake. Banjur piye carane supaya antuk, nganti lali ukum lan pranatan,” ujare Oesman nalika disowani Espos ing griyane, ing Jebres, Solo, Senen (18/2).
Para pejabat kang duwe pangkat dhuwur, kaya anggota DPR, samestine ora mikir mung kebutuhan pribadine utawa partai. Kudune luwih nengenake mikir kabutuhan rakyat Indonesia. Nalika wus rumangsa kepenak ngrasakake kursi panguwasa lan kabeh kabutuhan kacukupan, ana sing banjur lali sapa sejatine dheweke.
”Lali marang rakyate sing wus nglempengake dalan nggayuh panguwasa,” pratelane Oesman. Ing titi wanci iki, miturut Oesman, separangan akeh panguwasa mung nengenake golongane dhewe. Tumindake ora nuduhake minangka jejering wakil rakyat.
”Wajib setor dhuwit kanggo partai. Mula ya korupsine nganti atusan miliar, malah triliunan rupiyah,” piterange Oesman. Jan-jane, miturut Oesman, yen butuh dadi pejabat sing uripe tentrem, blanjan puluhan utawa atusan yuta rupiyah kuwi wus cukup. Ora prelu mburu miliaran lan triliunan rupiyah sing jan-jane dudu hake.
Kuwi katelah wong melik nggendhong lali, yakuwi wong sing srakah. Apa sebabe rata-rata panguwasa dadi srakah? Kuwi bisa amarga kapribaden lan kahanan. Sanajan duwe kapribaden mulya, nalika mlebu ing kahanan kang sarwa reget ya samesthine melu gupak.
Mula, sanajan dheweke ora lali marang kasajatene lan rakyate, nanging kanca-kancane lan golongane sarta partaine bisa wae meksa supaya dheweke nglakoni tumindak kang nerak angger-angger. ”Mula ukum kuwi kudu ngadeg jejeg. Ora di dol murah,” piterange Oesman.
Nalika ukum ora bisa njejegake rasa adil, tumindak ala ora bakal bisa ilang utawa suda. Akeh para pejabat korupsi amarga rumangsa kepenak uripe, kancane akeh, ora bakal kapatrapan paukuman kang abot. ”Angelina Sondakh mung diukum patang tahun. Kuwi genah ora adil,” piterange Oesman.
Ing negara China jaman kawuri, wong sing korupsi diukum mati sakulawargane. Iki supaya para pejabat ora lali marang kasajatene, ora lali rakyate kang urip sengsara. Saiki, ukuman mati uga tetep ditrapake dening pemerintah China amarga korupsi kuwi mungsuh negara.
“Ing kene [Indonesia], ora [mungsuh negara]. Nalika mlebu pakunjaran, akeh pejabat padha niliki. Dadi kancane koruptor malah bungah. Rumangsa kuwat lan bungah duwe kanca wong gedhe, sanajan maling,” pratelane Oesman.
Kere Munggah Bale
Miturut dhosen ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Christiana Dwi Wardhana, unen-unen melik nggendhong lali yaiku pepeling menawa ing urip iki akeh dalan lan pilihan. “Apa dalan sing migunani, lan ana dalan sing katone kepenak nanging kawusanane bakal sengsara lan urip ora tentrem,” ujare Christiana.
Melik yakuwi pepenginan, ambisi, mula kudu waspada jalaran pepenginan kuwi bisa njlomprongake manungsa dadi titah kang asor, luwih asor tinimbang kewan.  Manungsa ing jaman modheren akeh kang senang golek kepenake dhewe, ora liwat dalan kang samesthine. Supaya cepet munggah pangkat lan jabatan, banjur mbayar utawa nyogok.
”Wingi dudu sapa-sapa, saiki wus duwe pangkat dhuwur. Kere munggah bale,” pratelane Christiana. Melik kang ora bisa dikendhaleni bakal ngobong nafsu saengga lali purwaduksina. Lali menawa urip kuwi kawengku ing angger-angger, aturan, pranatan. Jalaran mburu melik, wusana kelalen. Melik nggendhong lali anjoge mesthi ora becik.

Minggu, 28 Desember 2014

Landheping Krikil

Landheping Krikil

Langit Kutha Solo awan iku resik, ora kaya dina-dina kepungkur sing amung mendhung angendanu lan pijer nggrejeh wae. Mega tipis pancen ngrenggani akasa, nanging datan nuduhake tenger bakal udan. Angin sumidit alus nilasake hawa seger. Ewasemana tiba kosok-bali tumrap atine Sayekti, dhadhane krasa semumpel, prasasat kinebakan mendhung lelimengan. Anyel, mangkel, sedhih, nesu, campur-adhuk dadi siji.
Sapa sing ora rumangsa tatu lan pingget ati, jejering wanita kablenjani tresnane. Pancen iki crita wis kaprah, wanita ditinggal slingkuh sing lanang. Nanging kanyatan iku saiki wis wela-wela gumelar ing ngarepe. Njur sapa bisa kandha lumrah. Embuh, iblis ngendi kang manjing ing atine sing lanang. Mengku wanita kaya Sayekti, sing wis ayu. Kathik darbe pakaryan mesthi, ewasemana isih ngumbar ati baya. Kencut wanita liya.
Jaman pancen wis kliwat gendheng, tatatanan, paugeran, moral lan tata-susila selot dadi bab sing kurang kajen. Akeh sing padha ngidak-idak kautaman, embuh iku sing buruh apa majikan, sing mlarat apa sing sugih, sing nganggur apa pejabat. Mbokmanawa bener, jagade wis arep digulung, giliran akeh manungsa kentekan petung.
Sayekti, kerep katlikung rasa bingung. Banjur bakal tumindak piye dheweke? Mula dina iki dheweke mlayu saka kantor, atine katindhih rasa isin. Kepengin ngipatake rasa sing banget lara iki, pirang-pirang pambudi katindakake nanging kaya methuki dalan buntu. Sansaya mlayu ngadoh, sansaya wela-wela wewayangane sing lanang kang lagi andon tresna klawan wanita liya. Periiih!
“Mbok wis Dhik, aja mbokgawe abot. Harak jagad ora mung sagodhong kelor, priya ora mung Guntara. Isih akeh lho wong lanang liya sing gelem setya. Aku yakin kowe bakal gampang golek gantine. Malah sing luwih saka kuwi,” Murti kanca sakantor ngarih-arih.
“Sajane ya wis dakcoba kanggo kuwi, Mbak. Nanging ati iki tetep wangkal kanggo nampa kanyatan,” Sayekti nanduki klawan mripat kembeng-kembeng.
Pancen Guntara, priya sing wiwit rong taun kepungkur ngisi ati ing dina-dinane dudu perkara gampang kanggo dilalekake. Guntara kanthi pawakan sedheng, pakulitan resik lan brengos tipis iku pindha dermaga mungguh Sayekti. Papan kanggo jumangkah utawa ngluruhake sayah ing sela-selaning dina ngrakit impen uripe. Eman, dermaga iku saiki rubuh, kerut ing ombak lamis.
“Aku ngerti kuwi pancen abot, Dhik Yekti. Lara-laraning atine wanita, yen kacidrani priya sing ditresnani. Mula sing sabar wae ya,” maneh Murti nglipur.
Dudu amung Murti sing semune welas klawan lelakone Sayekti, akeh kanca kantore kang trenyuh. Embuh iku Rina, Damar, luwih-luwih Santosa. Kanca kantore siji iki ora mung cukup welas, nanging melu ngigit-igit klawan trekahe bojone Sayekti.
“Ora idhep eman cah ayu-ayu kok kagawe lara ati,” mangkono grenenge Santosa sawijine dina. “Mbok katimbang disia-sia dilungsurke aku wae, wis mesthi bakal daklela-lela,” celathune Santosa sing pancene isih legan iku kasusul guyune sakanca kabeh.
Mancik tengah dina, kutha Solo tambah sumelet. Ratan Slamet Riyadi sansaya kinebakan kendharaan. Sinawang saka kadohan prasasat padha bujung-binujung, embuh padha mbeburu apa. Siji lan sijine kaya terus adu banter, adu dhisik, kaya kaselak katinggal wektu. Kaselak ora komanan marang apa sing padha dadi rebutan dina iku. Bledig binledig, njarah pepenginan. Ing kutha iki selot angel nemokake ati sareh, sabar lan sumeleh.
Semono uga rasa kang terus kabudi dening Sayekti, kanggo sabar ngadhepi lelakon kang katemben nyandhung uripe tetep angel kacandhak. Dhadhane tetep kinebakan rasa goreh, mangkel lan nesu. Wis pirang-pirang dina mbudi kanggo sabar tetep wae cabar. Ana rasa kang loruu.., periiih.., sing angel dikipatake.
Saiki jangkahe Sayekti mancik ing undhak-undhakan sawijine mall sing kondhang gedhe ing Kutha Bengawan iki. Dheweke mecaki jrambah klawan ati suwung. Senadyan kiwa lan tengene pating sliri pawongan kang padha ngumbar mata golek panglipur. Ewasemana Sayekti rumangsa katindhih sepi. Prasasat kabeh sing sinawang katon wong-wong asing kang ora ditepungi. Wong-wong mau padha sesliweran, embuh mbeburu apa ana papan kang kaanggep super mewah iku.
Semu. Wong-wong saiki amung kapincut semu. Papan mewah iki amung dhapur ngandelake rasa goroh. Mall mentereng klawan barang-barang larang lan luks satemene lamis wae. Wong-wong sing teka kuwi satemene nyelaki batine. Dudu iki sakjane sing dibutuhake dening ati. Kabagyan mono tetep manggon ing kaprasajan. Apa anane. Njur apa tegese wong-wong iku teka kene, yen sing ana iki satemene ora nate bisa paweh pemarem? Suwalike tambah gawe sansaya ngelak.
Mbokmanawa mangkono uga kang saiki nguwasani atine Guntara, kanggo apa dheweke kecanthol wanita liya. Njur golek apa? Guntara sajake kapeksa nggorohi atine dhewe. Ing sisihe wanita kang setya kathik kecanthol wanita liya kang durung genah apa sing ana jroning atine. Guntara mbokmanawa kalebu priya kang ora gelem sinau marang apa kang wis akeh kelakon. Ora mung uripe, ajining dhiri, bisa-bisa kalungguhan katut kerut awit panggodhaning tresna lamis.
“Sayekti…, bener iki Sayekti ta?” dumadakan swara iki teka lan medhot pikirane Sayekti sing lagi kabandhang ing lamunan.
Sayekti nanduki klawan manthuk alon lan cukup mesem tipis.
“Eh, kowe lali ta, Yekti? Aku kanca SMA, Riyan? Riyan sing kulina nggodha awakmu biyen,” priya sing ngaku Riyan mau nuli lungguh ing kursi sangarepe Sayekti.
“Iya aku eling, kowe Riyan ta?” sabanjure Sayekti nanduki.
“Sokur kowe eling, Yek. Trus, geneya kowe ana kene ijen? Lagi rolasan, tugas apa nglipur ati ya, kok sajak suntrut? Apa…,?”
“E, trus piye nggonku mangsuli kok pitakonmu mbrubul ngono,” Sayekti munggel.
“Oya, sepurane. Terlalu semangat,” Riyan mesem kecut.
Nuli sakarone kanca lawas mau padha kabadhang ing lelakon kawuri. Salumrahe kanca lawas sing ora nate ketemu lan saiki bisa sapejagong. Mulane karasa kaku, wektu candhake Sayekti kaya nemu panglipur. Satemah sawetara lali marang lelakon peteng kang nindhih uripe. Ndilalahe Riyan kalebu pribadi sing gumyak, sumanak lan lucu. Malah patemon dina kuwi asring kasambung ing dina- dina sabanjure.

***

“Kowe ora ijen, Yek. Ora sithik, embuh wanita apa priya sing wis kacidrani sih tresnane ing jagad iki. Kalebu priya sing ana ngarepmu uga kurban katresnan lamis,” mangkono Riyan nanduki critane Sayekti .
Sayekti nggragap, ora ngira Riyan darbe nasib padha klawan awake.
“Awakmu ditinggal wanita sing mboktresnani?”
“Ora mung ditinggal. Nanging wanita mau uga gawe pitenah. Saengga aku sing didakwa kulawargaku apadene kulawargane sing ngrusak rumah-tangga,“ wangsulane Riyan sing selot gawe Sayekti kaburu ewon pitakon.
Murih Sayekti marem, tumuli Riyan nyritakake kabeh lelakon kang tumempuh ing panguripane. Nganti pungkasane bali urip ijen, malah kudu nanggung anak siji sing katinggal dening ibu sing kudune ngesok sih tresnane. Krungu kuwi kabeh Sayekti amung jegreg. Tan bisa kumecap. Rasane katlikung trenyuh.
Panyawange rumambat ing pang-pang trembesi sing jenggereng ing kompleks Taman Sri Wedari. Atine Sayekti tambah angluh. Geneya kudu mangkono lelakon tresna sing nuli kasandhang manungsa. Endi sing salah, endi sing durung pener. Kamangka saelinge tresna kang karonce klawan Guntara uga ora sadhela. Luwih saka rong taun Sayekti sesambungan rasa klawan Guntara sadurunge netepake kanggo nikah.
“Ati, ati Yek, ati sing keri saka lakon tresna kita sakloron. Bener kandhane para sepuh, yen gegarane wong akrami mono dudu bandha dudu rupa. Tresna mono kudu kawangun kanthi ati. Awit sabenere ing kono dununge kekuwatan. Eman, kita rumangsa keminter lan nyelehake rupa apadene bandha minangka kiblating tresna,” mangkono Riyan nuduhake apa sing luput saka uripe.
“Ning, saiki apa ana wong darbe pikiran ngono,” Sayekti bali kembeng-kembeng.
“Pancen angel, mula ora mokal wangunan bale wisma saiki banget ringkih. Sing ana amung sarwa lamis, saiki tresna sesuk bisa gegethingan. Kamangka sih tresna sing rosa mono sing sansaya cerak klawan ati. Iku kang katuduhake dening para sepuh kita biyen. Nadyan urip sarwa prasaja, nanging gampang ngranggeh kabagyan awit sakalire karacik mawa dayaning ati,” kandhane Riyan selot gawe atine Sayekti ngondhok-ndhok.
Nedhenge loro kanca lawas mau kasok ing ulegane rasa, sambung klawan landheping krikil lelakon uripe dhewe-dhewe, dumadakan kagawe kaget. Ing ratan gedhe sangerep Taman Sri Wedari papan sakarone sapejagong katon wong-wong rame padha nyaketi ing tengah dalan. Malah Sayekti lamat-lamat krungu aloke wong yen mentas wae ana sing nglalu. Kagawa insting wartawan, Riyan age nggandheng sayekti kanggo ngungak apa sing satenane dumadi.
Saiba kagete Sayekti. Datan ngira pawongan kang padha dirubung lan prasasat adus getih sawuse mencolot saka jembatan penyebrangan mau, tetela wong sing salawase iki banget ditepungi.
“Mas Guntara….,” Sayekti jumelih lan sabanjure wis ora eling apa-apa.

Kamis, 25 Desember 2014

Ngulir Budi

Ngulir Budi

Albert Einstein sing kondhang kaloka kae lair ing Ulm, Jerman, 14 Maret 1879. Nalika isih bocah lan ngrembaka dadi remaja, dheweke ora kapetung bocah pinter. Miturut andharan ing sawetara buku kang nyritakake riwayate, nalika wiwit mlebu sekolah Einstein kapetung bocah sing kangelan nampa wulangan saka guru-gurune. 

Miturut andharan ing sawetara buku, Einstein uga kangelan nampa wulangan Matematika. Dheweke malah kaprah diarani bocah nakal lan bocah ndableg. Nalika ngancik dewasa lan wancine mandhireng pribadi, dheweke uga kapetung wong sing ora genah. Ing kantor senenge mung lonthang-lanthung.

Kahanan owah temen-temen nalika Einstein dewasa. Bakate wiwit ketara. Ngancik dewasa iki Einstein dadi seneng ndhudhah filsafat lan mikir kanthi cakepan ilmiah. Ing 1921, Albert Einstein nampa bebungah Nobel jalaran panalitene. Lan miturut andharan ing sawetara buku, ora mung teori relativitas sing dilairake Einstein.
Einstein uga ndhudhah lan ngrembakakake teori efek fotolistrik, teori kuantum cahaya, mekanika kuantum lan maneka teori liyane ing wewengkon ilmu Fisika. Lan, kanyata, Einstein uga nulis babagan kabudayan, seni, kapitayan lan maneka tulisan babagan manungsa lan kamanungsan.
Einstein nuduhake lamun pendhidhikan kuwi dudu laku gawe barang. Dheweke ndunungake pendhidhikan minangka laku ngulir budi. Nalika laku ngulir budi kuwi dumadi kanthi apik, asile mesthi apik. Sinau minangka peranganing pendhidhikan ora bisa dipathok ing wujud tinamtu utawa ing pathokan kang asipat baku.
Miturut Einstein, bebener ing jagad pendhidhikan kuwi kawujud saka dialektika, saka laku ngulir budi kang anjoge ndhudhah ilmu. Sawijining bebener bisa wae jugar jalaran ana bebener kang anyar. Laku ngulir budi ora bakal kandheg amarga ora kawengku ing wujud utawa pepesthen kang asipat baku.
Ngulir budi mujudake laku kang tanpa kendhat kanggo ngudi bebener kang tanpa wates. Ngulir budi ing jagad pendhidhikan iki nengenake laku, dudu asil. Kanthi mangkono, sekolahan kang lelandhesan laku ngulir budi ora mung wates dadi papan nyekoki para siswa. Ilmu kuwi dudu barang mati.
Ing pangajab murih ilmu ora mati, sekolah kudu tansah nggegulang para siswa supaya tansah ora kendhat anggone ngulir budi. Bocah sing nembe sinau kuwi ora nglakoni jejer minangka baut yang jejibahane nggathukake perangan siji lan sijine. Bocah sing nembe sinau kudu didunungake minangka pribadi. Dheweke dadi subjek utawa jejer, paraga. Minangka jejer, bocah ya kudu ngempakake dayane urip, ya ngulir budi kuwi mau.
Sekolah wajib njurung para siswa urip temen-temen, ora mung ndunungake siswa kadidene gelas sing diisi banyu nganti kebak. Kapribadene para siswa ora bisa diracik, digawe, diukir kanthi pangucap, nanging kudi sinartan laku. Gegayuhan kang dhuwur, gegayuhan kang luhur, tan bakal kaconggah mung lumantar pocapan, tetembungan utawa tulisan.
Bocah kudu ”digitik” supaya kuwawa ngulir budi, ngracik langkah, ngudi dalan kanggo nggayuh apa kang dadi gegayuhan ing dina tembe mburi. Iki bakal bisa kawujud lamun pendhidhikan ing sekolahan lan kulawarga nengenake laku, nengenake ngulir budi. Wajibe guru ing sekolah mesthi wae ora mung mulangake ilmu nanging uga kudu nyengkuyung ngrembakane jiwa lan kapribadene para bocah.
Guru kudune ora mung mulang. Wajibe guru ya ndhidhik para siswa, nggegulang para siswa. Nggegulang ateges ora mung wates netepi wajibe kurikulum. Wose nggegulang ora liya ngrembakakake jiwa lan kapribadene bocah jumbuh apa kabisan lan bakate bocah kuwi. Guru sing mung netepi wajibe kurikulum tangeh lamun bakal nggayuh tataran iki. Lan yen ora kasil nggayuh tataran iki ateges ora kuwawa njurung bocah ngulir budi.
Ing laku ngulir budi kuwi, bocah dijarke ngudi apa sing dadi gegayuhane. Wusana, bocah bakal bisa netepake laku kanggo nuju gegayuhane. Ngulir budi iki ngejibke laku pendhidhikan kang asipat mardikakake jiwane bocah. Bocah kang mardika bakal kuwawa ngudi dalan urip nuju kamulyan tumrap pribadine lan tumrap sapadha-padha.

Minggu, 21 Desember 2014

Nggegulang Generasi Bangsa Kuwi Kewajibane Bebrayan Ageng

Nggegulang Generasi Bangsa Kuwi Kewajibane Bebrayan Ageng

Kelas Inspirasi yakuwi kridhane para profesional ngedum ilmu lan pengalaman gegayutan profesine marang bocah-bocah ing sekolah dasar (SD). Adicara kang digagas Indonesia Mengajar  sing dipangarsani Anies R Baswedan (Rektor Universitas Paramadina Jakarta) kasebut diadani kutha-kutha ing Indonesia, yakuwi, Jakarta, Surabaya, Pekanbaru, Bandung, Jogja lan Solo.
Ing Kutha Solo, Kelas Inspirasi mapan ing 10 SD lan ana 98 profesional sing maragani dadi guru suwene setengah dina. Para guru setengah dina kuwi asline saka maneka jinis profesi, yakuwi wartawan, public relations, apoteker, montir, desainer, animator, pegawe perpajakan lan liya-liyane.
Miturut Supriyadi, guru ing SDN Dukuhan, Kerten, Laweyan, Solo sing dadi salah siji SD papan adicara Kelas Inspirasi, adiacara kasebut apik banget lan wigati tumrap para guru lan murid.
“Murid antuk swasana anyar, sanajan mung sedina. Akeh murid padha seneng, lan akeh sing pengin ana acara kaya ngene iki maneh,” ujare Supriyadi. Kelas Inspirasi uga nambah kawruhe para guru sing saben dina nggegulang para siswa ing SDN kuwi. Para guru dadi tambah kawruh kanggo njurung para siswa murih duwe gegayuhan sakdhuwur-dhuwure.
“Muga-muga wae ora mung sepisan iki. Yen bisa saben semester nalika ana wektu longgar bisa dimupangatake kanggo adicara mangkene iki,” pratelane Supriyadi sing ing SDN kesbut dadi guru olahraga.
Guru senior ing SDN Serengan 2 Solo, Suwarsih, mratelakake pehak sekolah sumadya kapan wae nyengkuyung Kelas Inspirasi mewana bakal diadani maneh. “Akeh ilmu anyar sing bisa dikawruhi para siswa lan guru,” ujare Suwarsih.
Salah siji siswa Kelas VI SDN Dukukan, Kerten, Laweyan, Solo Novita, 11, nelakake rasa bungah lan senenge jalaran antuk ilmu anyar saka para pasarta Kelas Inspirasi. ”Diajari akeh, diajari wawancara, dicritane keprite kepenake dadi wartawan, bisa lunga tekan luar negeri, ketemu artis. Uga diajari gawe desain sandhangan,” ujare Novita.
Lambang, 10, siswa Kelas V SDN Serengan 2, Solo, rumangsa  begja kemayangan jalaran bisa guneman lan kalawan wong ing Australia, amarga salah siji pasarta Kelas Inspirasi ing kelase nggawa piranti kang kasambung Internet lan program Skype.
Kelas Inspirasi, miturut Supriyadi lan Suwarsih, kuwawa ndhudhah rasa preduli saka warga bebrayan ageng lamun pendhidhikan kuwi ora mung kuwajibane para guru ing sekolah. Pendhidhikan tumrap generasi bangsa iki uga dadi tanggung jawabe kabeh warga bebrayan ageng.
Miturut Dekan Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret (FKIP UNS), M Furqon Hidayatullah, Kelas Inspirasi kadidene ngesok hawa seger ing jagad pawiyatan ing sekolah-sekolah.  Para profesional kanti suka lila ngedum pengalaman urip kang tundhone bakal njurung kridhane para siswa murih temen-temen nggayuh urip kang becik ing tembe mburi.
”Siji kang prelu digatekake, yakuwi ora uwal saka kompetensi pendhidhikan. Kurikulum lan kompetensi pendhidhikan tetep kang utama. Kompetensi kuwi ora liya nggayuh kawujude manungsa kang paripurna lair lan batin,” ujare Furqon. Miturut Furqon, lumantar Kelas Inspirasi kuwi para guru kang sejati uga antuk pengalaman anyar kang ing tembe mburine bisa didayakake murih anggone nggegulang para siswa bisa sansaya luwih apik.

Kamis, 18 Desember 2014

Dadi Guru Pancen Ora Gampang

Dadi Guru Pancen Ora Gampang

Mbokmenawa wus kaprah panganggep lamun dadi guru kuwi pancen ora gampang. Nanging, mbuktekake dadi guru ora gampang mbokmenawa pengalaman sing ora bisa dirasakake saben wong.
Dadi kuwi sing kanyata pancen ora gampang kuwi sing dirasakake Public Relations Manager The Sunan Hotel Solo, Retno Wulandari, nalika dheweke melu dadi guru ing adicara Kelas Inspirasi, ing Kutha Solo, Rebo (20/2). Adicara Kelas Inspirasi kuwi mapan ing sawetara SD ing Kutha Solo.
”Iki dadi pengalaman kang ora bisa dilalekake, seneng lan bungah bisa melu acara iki,” pratelane Retno nalika wawancara kalawan Espos, ing kantore, Senen (25/2).
Ing dina Rebo kasebut, dheweke dadi guru sedina ing SDN Dukuhan, Kerten, Laweyan, Solo. “Taun biyen ora bisa melu [Kelas Inspirasi] amarga mung diadani ing Jakarta. Taun iki sokur bisa melu lan pangajabku bisa andum crita marang bocah-bocah SD,” ujare Retno.
Miturut Retno, melu ambyur dadi guru sedina ing Kelas Inspirasi kadidene pengalaman yang ora ana pindhane. Sadurunge mlebu ing kelas, pirang-pirang dina dheweke wus nyedhiyakake piranti-piranti kanggo mbiyantu nalika kudu wawangunem kalawan para bocah SD ing kelas sing dadi jatahe.
”Bocah-bocah SD kuwi umume seneng nembang lan dolanan. Miturutku, supaya para bocah kuwi gelem nggatekake guru ya guru kudu mupangatake piranti-piranti kang asipat mbiyantu sinau, ya mesthi wae sinambi dolanan lan nembang,” pratelane Retno.
Juruwarta SOLOPOS, Yusmei Sawitri, uga melu ing Kelas Inspirasi sing diadani ing sawetara SD ing Kutha Solo. Sawise setengah dina maragani dadi guru, Yusmei nelakake lamun dadi guru kuwi pancen ora gampang, kesel lan butuh tenaga sing ora sithik.
”Apa maneh muride isih kelas I. Polahe bocah-bocah kelas I kuwi gaya gabah diinteri, ana sing nakal, ana sing rewel, mula ya kudu sabar temen-temen,” pratelane Yusmei.
Supaya apa kang diandharake bisa ditampa, Yusmei nggunakake piranti foto-foto nalika dheweke ngayaji jejibahan minangka juruwarta utawa wartawan. Dheweke uga nuduhake foto-foto sawetara narasumber kang nate ditemoni.
”Kudu nganggo gambar utawa foto, supaya gampang ditampa lan dimangerteni para bocah. Ing njero kelas uga takracik praktek wawancara. Bocah siji nggawa gambar narasumber, sijine wartawan. Rame banget swasanane,” pratelane Yusmei.
Sri Rejeki, juruwarta ing ariwarti Kompas uga duwe pengalaman kang miturut dheweke ora bakal dilalelake sajroning uripe. ”Nyenengake banget, aku rumangka bungah bisa melu adicara iki,” ujare Sri. Sadurunge maragani dadi guru setengeh dina, dheweke uga sinau piye carane supaya apa sing diandharake ing kelas bisa ditampa para siswa. “Takon kana, takon kene, piye carane?” pratelane Sri.
Retno, Yusmei lan Sri sawise melu ing adicara Kelas Inspirasi banjur ngrumangsani temen-temen lamnu dadi guru kuwi pancen abot lan ora gampang. Mula, wus samesthine kabeh warga bebrayan agung ngajeni guru kanthi temen-temen. Nalika ana guru kang tumindak kliwat wates, upamane nempiling siswane, kuwi jan-jane dudu patrap asli guru.
”Yen ana guru sing cengkiling, kuwi miturutku kapetung ‘kasus’, ya kudu prihatin. Nanging, luwih akeh banget guru sing temen-temen bisa dadi tepa tuladha tumrap para siswa lan warga bebrayan ageng,” pratelane Retno.
Ing kaskayane kabudayan Jawa, guru kuwi duwe tanggung jawab ora entheng. Dheweke didunungake minangka manungsa kang bisa digugu lan ditiru, ing kelas lan ing njaban kelas. Guru ora mung mulang maca lan nulis, mulang papat ping papat nembelas, nanging uga nandur kapribaden pinuji lan ngrembakakake ing kabeh jiwane para siswa.
Sawise nglakoni dadi guru setengeh dina, Retno, Sri lan Yusmei duwe dudutan padha, yakuwi wus samesthine kabeh warga bebrayan ageng aweh pakurmatan kang dhuwur marang para guru, ya guru TK/PAUD, SD lan sapiturute. Dadi guru ora mung gaweyan kang asipat raga, nanging luwih nengenake sing asipat jiwa, yakuwi njurung lan ngrembakakake sipat-sipat pinuji lan lujur ing kabeh para siswane. Kuwi genah dudu gaweyan sing gampang.

Selasa, 16 Desember 2014

Cinderella Bahasa Jawa

Cinderella Bahasa Jawa

     Ing sawijineng kerajaan, wonten bocah wadon kang elok parase lan becik atine. Deweke mau urip sareng biyung lan kakang-kakang tirine, amargo wong tuane sampun sedo. Ing griya kasebut deweke terus di dawuhi makaryo beresi gawean kang wonten ing griya. Deweke sabendina di dukani lan di paring mangan naming kaping pisan saben dinane. Kakang-kakange kang olo atine wau nimbali Cinderella. Cinderella kang artine bocah wadon kang reget. Asma kui pancen pantes kaggo koe! ngendika kakang-kakange.

    Dongeng Bahasa Jawa
    Sawise pirang dino, wonten pengawal kerajaan kang nyebarke serat ulem pesta ing istana. Kabeh wargo dipun diundang. Asyik.awake dewe arep tindak menyang istana lan dandan kang ayu. Menawi kulo dados putrid raja, biyung musti bungah atine, ngendikane. Dinten kang ditunggu sampun dugi, kakang tirine Cinderella miwiti dandan karo bungah atine. Cinderella susah sanget amargi mboten angsal tumut kaliyan kakang-kakange ten pesta istana mau. Klambi wae sampeyan mboten gadah, nopo sampeyan badhe tindak wonten istana ngengge Klambi koyo kuwi?, ngendika kakange Cinderella.

    Sawise kabeh sampun padha budal tindak Istana, Cinderella banjr bali wonten bilikipun. Deweke banjur nangis kang kenceng sanget amargi atine kang kesel sanget. kulo mboten saget tindhak wonten istana amargi klambi kulo reget, nanging kulo pengen tindak.. Mboten dangu wekdalipun krungu sawijineng suara. Cinderella, wes ampun nangis ngonten niku. Nalika Cinderella noleh, deweke banjur mersani sawi

    jining peri. Peri munika banjur mesem. Cinderella gawakno kewan tikus sekawan lan kadal kaleh cacahe. Sawise kabeh mau dipun kumpulke kaleh Cinderella, Peri gowo kewan-kewan mau ten kebon labu wonten wingking griya. simsalabim!kaliyan nebar sihire, banjur ono kadadeyan kang anehistimewa. Tikus-tikus mau dadi jaran, lan kadal-kadal mau banjur dadi tiyang. Ingkang pundatan, Cinderella dados putrid kang elok parase, lan ngagem Busana kang becik sanget.

Amargi saking bungahe, Cinderella joget muter-muter karo sepatu kacane koyo kupu-kupu. Peri ngendika, Cinderella, Pengaruh sihir iki badhe ilang sawise jam kalehwelas dalu. Amargi kuwi, Baliyo saderenge tengah wengi.inggih, wangsule Cinderella. Kreta jaran emas banjur langsung mangkat wonten istana. Nalika mlebet, sedanten tiyang ing jero istana mau padha ningali Cinderella. Sedanthen kesemsem dumatheng [] Cinderella kang elok. elok pisan putri menika! Putrid saking pundhi ? tanglet kabeh poro tamu ing jero istana. Akhire Pangeran banjur nyamperi Cinderella.Putri kang elok, Sudikah kiranya putri jejogetan kaleh kulo? ngendikane. inggih., ngendikane Cinderella kaliyan maringke tangane lan mesem. Pangeran lan Cinderella banjur jejogetan. Biyung lan kakang-kakang tirine Cinderella seng wonten jero istana menika mboten nyangka menawi Putri kang elok parase menika mboten liya Cinderella.

    Pangeran terus jejogetan kaliyan Cinderella.Tiyang koyo sampeyan niki ingkang kula kasemsemake, ngendikane Pangeran. Amargi saking bungahe, Cinderella sampe kesupen kaliyan wekdalipun. Wekdal sampun tengah dalu. Pangapunten Pangeran, kulo kudu wangsul sak menika,. Cinderella banjur mlayu ninggalke pesta ing istana. Wonten tangah dalan, sepatune ucul sebelah, nanging Cinderella mboten gatekaken, deweke nekat mlayu. Pangeran nguber Cinderella nanging cilakane mboten ketemu kaliyan Cinderella, Pangeran namun nemokake sepatu kacane Cinderella. Sakwise pangeran nemu sepatu kolowau, pangeran banjur janji nek deweke arep madhosi putrid kang anggadahi sepatu kaca seng sebelahipun mbanjur di dadose garwonipun.

    Dinten sak lajengipun, para pengawal ingkang diutus pangeran tindak wonten griya-griya para wargane ingkang anggadah putri kang due maksud madose putrid kang anggadahi sepatu kaca punika. Akhiripun para pengawal wau dugi wnten griyane Cinderella,.Kulo madosi putri kang sikile cocok kaliyan sepatu punika, ngendika pengawal. Kakang-kakange Cinderella nyobo sepatu kuwi, nanging sikile pado gegeden. Kakang-kakange Cinderella mekso sikile di lebokake neng sepatu kaca ampe tatu. Ing wekdal iku, pengawal mersani Cinderella.haekoe, cobo sepatu kaca iki, ngendikane. Biyung lan kakang-kakang tirine banjur nesu, mboten mbade cocok sepatu iku karo Cinderella!. Cinderella langsung julurke sikile. Akhire sepatu kasebut pancen cocok marang sikile Cinderella.Ah! Kowe putrid iku, tandas pengawale pangeran.Cinderella, selamet, Cinderella noleh ten wingking, peri sampun ngadek ten wingkingipun.wiwit sakmenika uripo seng seneng kaliyan pangeran. Sim salabim!, ngendikane.

    Sak wise peri maos mantranipun, Cinderella dados putrid kang nganggo klambi pengantin. Cinderella di derekaken kaliyan tikus-tikus lan manuk seng dados rencangipun. Sak wise Cinderella dugi wonten istana, pangeran nyambut karo mesem saking bungahe. AkhireCinderella rabi lan dados garwane Pangeran.

    Putri Cinderella kang elok parase lan becik atine wau ora due dendam kaliyan biyung lan kakang-kakang tirine, malah podo di ampuni lan di ajak ing istana. Pangeran Lan Putri Cinderella akhire, Urip mulyo

- See more at: http://pembaca-setia.blogspot.com/2013/12/dongeng-cinderella-dalam-bahasa-jawa.html#sthash.WNcHkQdX.dpuf

Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Web Hosting