Tampilkan postingan dengan label Kebudayaan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kebudayaan. Tampilkan semua postingan

Minggu, 07 Desember 2014

Budaya Kuwi Sukmane Bangsa

Budaya Kuwi Sukmane Bangsa

 

Sinuhun Paku Buwono (PB) X nate nelakake lamun rum kuncaraning bangsa kuwi dumunung aneng luhurung budaya. Wredine ukara kuwi ora liya pepeling supaya bebrayan agung Jawa jaman saiki aja nganti nglalekake jati dhiri budayane, yakuwi budaya Jawa.
Pamerdi budaya Jawa Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat KRA Suseno Bumi Moyo Renggodipuro ndhudhah wredine ukara tinggalan dalem Sinuhun PB X kuwi ing sarasehan lan bawa rasa kanthi underan Balekna Jawaku ing Gedhong Krisna Techno Park Sragen, Kemis (28/3) awan.
Sarasehan kanthi underan kang padha, Balekna Jawaku, uga tau diadani ing Joglo Sriwedari, Minggu, 27 Maret 2011. Sarasehan ing Sriwedari iki diadani dening Jaringan Cagar Budaya Surakarta. Wredine sarasehan ora liya ngimpun bawa rasa kang kaajab bisa dadi pancatan ngracik karya lan laku kanggo ndayakake lan ngleluri budaya Jawa ing titi wanci iki.
”Budaya kuwi minangka sukmane bangsa kang handayani urip,” pratelane Suseno. Lestari lan uripe budaya ing madyaning bebrayan agung bakal  kekuwatan kang dadi keblate gesang. Mula, inggile budaya yakuwi adap, luhure bebudhi. Luhure budaya mahanani kuncara ruming budaya.
Apa kuwi budaya? Budaya yaiku woh pangolahing budi. Pangolah budi tegese makarti lair lan batin bebarengan minangka tuntunane urip. Sapa sing urip lelandhesan budaya bakal antuk pangaribawa lan wibawa kang becik.
Prabawa utawa pangaribawa yakuwi daya kang ora bisa dideleng dening mripat. Wibawa yaiku daya kang kasat mata, bisa dideleng sapa sing nindakake. Wibawa iki bisa kadulu ing busana kejawen, sapa sing nganggo sandhangan kasebut katon bregas patrap lan solah bawane.
Jawa nalika dijlentrahake miturut PB X yakuwi sejatining. Jawa, jiwa, jawi lan jiwi kuwi tuntunane urip kanggo ngedegake budi luhur, tindak tanduk, lan solah bawa kang sarwa becik. Kajaba kuwi, Suseno uga ngandharake babagan subasita, yaiku tatakrama lan tata susila utawa kasusilan. Ing bebrayan agung, bab tatakrama lan kasusilan dadi wigati banget.
Sapa wae kang ora ngerti tatakrama lan kasusilan sinebut wong sing ora njawani. Tegese wong kasebut kaanggep ora mangerti unggah ungguh, ora mangerti tuntunan budaya Jawa.
Pangarsa Paguyuban Kawula Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat (Pakasa) Sragen, KRA Rawuh Suprijanto Hadiningrat, nelakake adat budaya Jawa wus kedheseg dening budaya manca kang mlebu ing Tanah Jawa. Budaya Jawa kuwi budaya kang adiluhung, luhur, pinunjul, pilih tandhing, alus lan lungit, ngemu teges rumesep ing sanubari lan rumasuk ing kalbu.
Budaya Jawa maewu-ewu rupa lan jinis, kebak tatakrama, unggah ungguh, alus lan lungit. Contone budaya tata krama, basa, panyerat, kesenian, tembang jawa, budaya srawung, sesaji, semadi, tosan aji lan liya-liyane. Miturut Rawuh, budaya Jawa kuwi warisane leluhur kang asipat turun-temurun.
Wredine budaya Jawa ora asipat gumathok, lire tanpa ada wates-wates tinamtu. Eloke, budaya Jawa kang amba banget tebane kuwi lamun dilakoni dening sapa wae bakal mahanani urip dadi luwih kepenak, ayem lan tentrem. Dene lamun dilanggar bakal nuwuhake bebendu.

Jumat, 05 Desember 2014

Tetenger Kutha Solo minangka Kutha Wigati

Tetenger Kutha Solo minangka Kutha Wigati 

 

Salebare Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia lan prastawa gerakan swapraja ing Kutha Solo, feodalisme asumber panguwasane kaum ningrat ing Kutha Solo ora ana ajine maneh. Kahanan mangkene ini ndadekake R.M. Saptono lan R.M. Bandi nandhang kapitunan. Sanajan duwe gelar ningrat, wong loro kuwi uripe dadi kadidene wong cilik.
Kekarone ngrasakake angel mangan, ngrasakake jaman rekasa nalika perang ora mendha, lan swasana politik ing Kutha Solo kang ndadekake urip lan panguripan sarwa angel. Bendi sing duwe sipat ora preduli marang kahanan, nanging wusana dheweke pengin banget melu perang, dheweke gregetan meruhi polah tingkahe penjajah Walanda.
”Bandi iki wonge pengin banget perang,” ujare panulis novel Tak Ada Nasi Lain, Suparto Brata, ing adicara dhudhahan novel kuwi ing Balai Soedjatmoko Solo, Rebo (17/7) wengi. Bandi kuwi kancane Saptono–yaiku Suparto Brata dhewe–urip ing Gajahan, Solo. Ing pungkasane, Bandi mati ing perang.
”Kijinge ing Jurug [Taman Makam Pahlawan], kanti tenger R.M. Bandi,” ujare Suparto. Miturut novelis sejarah RM Daradjadi, lumantar novele kuwi Suparto kasil nuwuhake rasa kesengsem. “Kaca siji nganti satus aku durung ngerti arahe crita. Nalika mlebu kaca satusan punjul, aku bisa ngerti lan aku kesengsem,” ujare Daradjati.
Novel kasebut mbeber swasana kutha Solo nalika geger salebare Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia. Geger kuwi jalaran tentara Walanda utawa NICA sing arep njajah maneh tlatah Indonesia. Kajaba kuwi, uga crita laskar-laskar utawa prajurit ora resmi ing Solo kang duwe kepentingan dhewe-dhewe.
Uga geger jalaran ngrembakane ideologi komunis, salebare feodalisme  kasih dirombak lan Indonesia nganut politik terpimpin. “Solo kuwi kutha kang wigati. Ora ana prastawa wigati ing level nasional sing ora diwiwiti saka Kutha Solo,” ujare Daradjadi.
Ing taun-taun salebare proklamasi, yakuwi 1947-an luwih, ing kutha sing sadurunge dadi wewengkon Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat lan Pura Mangkunegaran iki duwe prinsip ngregani sapadha-padha. Suparto ngandharake kahanan Solo kanthi  apik lan urut. Paraga Saptono, lakon utama ing novel kasebut, urip kaya rakyat cilik liyane.
Miturut sejarawan Heri Priyatmoko, sanajan ing novel kasebut ana katrangan sing ora bener lan ora faktual, nanging kasil nggambarake swasana jaman kuwi. Drajat sosial para ningrat asumber kraton sansaya entek gara-gara dikuwasani penjajah Jepang lan wusana dadi wewengkone Republik Indonesia.
Miturut Heri, novel iki uga nggambarake kanthi cetha sesambungan sosial antara wong cilik lan golongan ningrat. Novel iki bisa mbiyantu ilmuwan sosial naliti tingkatan sosial ing pabrayan agung kutha tilas punjere krajan. (Ahmad Hartanto)

 

Rabu, 03 Desember 2014

Novel kanggo Ngrumat Sujarah

Novel kanggo Ngrumat Sujarah

 

Maca buku sejarah wigati kanggo mangerteni sejatining kang dumadi ing jaman kawuri lan ing titi wanci saiki. Hamula buku sejarah sing kababar arupa buku dening penerbit dadi buku wajib tumrap para siswa ing sekolah formal.
Buku sejarah kuwi ngamot katrangan maneka warna kang anjoge bisa dadi kaca benggala tumrap urip ing jaman saiki lan ing jaman yang bakal teka. Emane, isih akeh bab-bab wigati kang dumadi ing jaman kawuri ora kacathet ing buku-buku sejarah kuwi mau.
Dina Jemuah, 17 Agustus 1945, Bung Karno lan Bung Hatta mbiwarakake kamardikan Republik Indonesia kanthi maca teks proklamasi. Tegese, ing dina kuwi ngadeg negara Republik Indonesia sing mardika. Nanging generasi mudha jaman saiki ora padha ngerti piye swasana pabrayan agung nalika prastawa kang kebak tapsiran sejarah kuwi dumadi.
Apa kabeh warga pabrayan agung sing wiwit dina kuwi sabanjure kasebut Republik Indonesia kabeh padha seneng? Yen ta seneng, senenge kepriye? Swasana kasebut ora digambarake ing buku-buku sejarah. Swasana kang mangkono mau bisa dibabar dening Begawan Sastra Jawa, Suparto Brata, ing novel abasa Indonesia asesirah Tak Ada Nasi Lain, weton Penerbit Buku Kompas, 2013.
Novel “sejarah” sing kababar sepisanan 50 taun kapungkur ing wujud crita landhung sing kamot ing ariwarti Kompas kuwi katulis ing basa Indonesia nanging crita sing kakandhut kenthel dening kabudayan Jawa, mligine kabudayan ing Kutha Solo lan sakiwa tengene. Ing buku kasebut Mbah Parto—mangkono sesebutan sing kaprah tumrap Suparto Brata—nyritakake swasana nalika kluwarga pegawai sepur padha ngungsi saka Garut tumuju Sragen.
Uga ada gegambaran swasana nalika tentara Divisi Siliwangi iang Jawa Barat kudu long march, ngungsi menyang Solo. Malah ana uga gegambaran swasana nalika Partai Komunis Indonesia madeg kraman sedya ngrebut panguwasa ing taun 1948. Kedadeyan-kedadeyan wigati kanggo merdeni apa kang dumadi ing jaman kawuri kasebut dening Mbah Parto diracik adhedhasar pengalaman pribadine, ora asumber saka buku-buku utawa critane wong-wong liya.
”Novel iki [Tak Ada Nasi Lain] dak tulis seket taun kepungkur. Ora bisa kababar nganti 1990-an kamot ing ariwarti Kompas minangka crita landhung. Wulan Mei wingi [Mei 2013] bisa bisa kababar ing wujud buku,” ujare Mbah Parto nalika medhar andharan ing  dhudhahn novel Tak Ada Nasi Lain ing Balai Soedjatmoko Solo, Rebo (17/7) wengi kapungkur.
Novel kasebut nyritakake paraga bocah keturunan ningrat sing jenenge Saptono. Paraga bocah iki gegambaran pribadine Suparto Brata dhewe. Bocah kuwi dititipake ing kluwarga ningrat ing Gajahan, Solo. Novel 545 kaca kasebut mbabar kahanan Kutha Solo lan sakiwa tengena ing  antarane taun 1938-1958. Maca novel ini bakal nuwuhake gegambaran kahanan pabrayan agung ing Solo lan sakiwa tengene ing jaman penjajahan Walanda, Jepang, jaman perang kamardikan lan jaman ideologi komunis ngrembaka ing tlatah Indonesia.
Miturut panulis novel wayang, Pitoyo Amrih, kang rawuh ing dhudhahan buku kasebut, novel karyane Mbah Parto kuwi kapetung novel ing basane samadya, kepenak diwaca. Miturut Pitoyo, Mbah Parto kasil nggawa swasana batine, rasa wedi lan seneng, sarta swasana wewengkon Solo nalika jaman penajajahan Walanda, jaman penajajahan Jepang, jaman ideologi komunis ngrembaka lan jaman nalika akeh cecongkrahan ing antarane warga Republik Indonesia.
Miturut Pitoyo, novel abasa Indonesia sing kenthel banget Jawane kuwi bisa dadi kaca benggala kanggo merdeni laku jantraning urip pabrayan agung ing Kutha Solo lan tlatah sakiwa tengene. ”Aku nyathet ana sing langka temen-temen ing novel iki. Panulis ngandharake pengalaman uripe ing novel ini, ora ana let antarane panulis lan crita sing dibabar,” pratelane Pitoyo.
Basane uga kepenak lan bisa nuwuhake rasa katut, keli, lan kaya-kaya bisa ngrasakake apa kang dumadi ing jaman sing dadi latare crita kasebut. Miturut Pitoyo, bab mangkene iki tangeh lamun bisa tuwuh nalika maca buku sejarah, cathetan sejarah, utawa ensiklopedia sejarah. Ana pasarta dhudhan buku kasebut, Susanto, sing nyaruwe jalaran nemokake ana fakta utawa kanyatan yang beda utawa cengkah kalawan apa sing kababar ing novel kasebut.
Susanto uga nyaruwe novel kasebut ora ngamot tanggal, sasi lan taun tumrap kedadeyan-kedadeyan yang mujudake kedadeyan ngamot tapsiran sejarah tumrap laku jantraning pabrayan Kutha Solo lan Republik Indonesia. Susanto nelakake ing novel kasebut Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia mung ditulis dumadi ing dina Jemuah, tanpa tanggal, sasi, taun lan jam.
Nanging Susanto uga ngalem novel kasebut jalaran kebak simbol. Simbol kasebut kayata nalika jaman penjajahan Jepang para abdi dalem kraton disebut “budak raja”. Sesebutan mangkene iki ora ana nalika jaman penjajahan Walanda. Krungu panyaruwe mau, Mbah Parto nelakake duwe krenteg bakal gawe revisine ing babaran sing kapindho.
Nanging, Pitoyo ora sarujuk marang krentege Mbah Parto mau. Miturut dheweke novel asli kasebut wigati minangka “cathetan sejarah kasusastran”. Novel sing asli kasebut—tanpa revisi—nuduhake gegambaran kahanan, pengalaman dan swasana ing jaman sing dadi latare novel kuwi.  Pitoyo nelakake novel kasebut genah dudu buku sejarah, sanajan crita sing kababar pancen pengalaman nyata.
”Ora prelu direvisi, kareben asli kaya iki,” pratelane Pitoyo. Apa kang ndayani Mbah Parto saengga seket taun kapungkur nulis novel kasebut? Miturut Mbah Parto, nalika dheweke sekolah ”angka loro” ing Sragen, saben dina mung sinau maca buku lan maca buku. Maca buku ing jaman kuwi mujudake laku kang wigati banget. Nalika jaman Walanda, para siswa keturunan ningrat kudu maca buku. Ing jaman penjajahan Jepang, para siswa uga wajib maca buku.
”Jaman saiki para siswa sekolah ora dikulinakake maca buku. Aku prihatin kahanan saiki. Bocah lulus SMA rata-rata durung ngrampungake buku siki. Jaman nalika aku isih sekolah biyen sinau kuwi ya maca buku. Tangeh lamun gegayuhan dadi kanyatan tanpa maca buku,” pratelane Mbah Parto. Ing pungkasan adicara dhudhahan buku kuwi, Mbah Parto ngelingake kabeh sing teka lamun siji-sijine dalan kanggo mbangun bangsa iki ora liya ngulinakake maca buku.

 

Senin, 01 Desember 2014

Ngugemi Budaya Jawa Sithik Mbaka Sithik

Ngugemi Budaya Jawa Sithik Mbaka Sithik

Bebrayan agung Jawa ing titi wanci iki jan-jane ing kahanan kadidene nglilir nalika budaya Jawa sansaya angslup lan kedheseg dening budaya manca. Teknologi televisi lan Internet dadi dalan mlebu kabudayan asing kasebut. Ora kabeh kabudayan asing ala, nanging wus bukti lamun kabudayan kasebut ndheseg lan nyingkirake budaya Jawa.

Karya seni budaya kethoprak, wayang purwa utawa wayang wong lan liyane sansaya kalah dening karya seni budaya saka manca. Kepara tapsiran budaya Jawa kang adiluhung kaya ta gotong royong lan tepa selira saiki uga sansaya kasingkir, sansaya ilang.
”Wong Jawa saiki bisa diarani kelangan rasa ikhlas lan samubarang gawe ngemu pamrih. Gelem mbiyantu liyan nanging mesti ngajab pituwas,” ujare Pangarsa Kepemimpinan Spiritual Indonesia, Eka Sapta Wijaya, ing adicara sarasehan lan bawa rasa Balekno Jawaku ing Gedhong Krisna, Techno Park Sragen, Kemis (28/3). Sarasehan kuwi diadani dening Paguyuban Budaya Nusantara Cabang Sragen.
Wong Jawa, miturut Eka, uga wus kelangan jagad lan jamane. Kelangan jagade jalaran apa-apa sing kesimpen ing njero bumi, apa sing ana ing segara, malah dikuwasani bangsa manca. Kelangan jamane jalaran wong Jawa wus ora bisa ngatur urusane dhewe, kabeh dikuwasani pehak asing.
Ing titi wanci iki, jarene Eka, wong Jawa wus kelangan rasa tatag kang dadi landhesan mbangun bebrayan agung. Mula, rasa tatag kasebut kudune didhedher lan dirumat maneh supaya thukul lan ngrembaka ing saben pribadi wong Jawa. Wong Jawa ora patut rumangsa luwih cilik tinimbang bangsa liya.
Banjur kepriye supaya wong Jawa bali ngregem budayane maneh, ora rumangsa asor lan ora rumangsa dadi wong kuna nalika sapatemon lan sesandhingen kalawan budaya liya?  Cara gampang dhewe sing bisa dilakoni yaiku nyinau maneh lan bali maneh marang basa Jawa. Miturut Pangarsa Paguyuban Kawula Karaton Kasunanan Surakarta (Pakasa) Sragen, KRA Rawuh Suprijanto Hadiningrat, generasi mudha Jawa apike diwajibake sinau basa Jawa.
”Basa Jawa diwulangake pawiyatan tataran SD nganti tataran SMA utawa universitas. Dadi bocah cilik nganti dewasa tepung lan dunung marang budayane dhewe, ngugemi tata krama Jawa, ngerti marang tapsiran budi pekerti lan kesenian asumber budaya Jawa,” pratelane Rawuh.
Pasarta sarasehan, Siswadi, nelakake murih  kupiya nyinau nynau lan nresnani budaya Jawa kasebut bisa kawujud kanthi mantep luwih prayoga menawa sarasehan ngrembug Jawa lan budaya Jawa kuwi uga diadani tumrap para guru. ”Guru kuwi tepa tuladha ing jagat pamulangan. Lamun para guru nuduhake sikep lan tumindak kang temen-temen ngugemi budaya Jawa, para siswane mesthi bakal niru,” piterange Siswadi.

Ajeg
Budayawan Jawa saka Karaton Kasunanan Surakarta, KRA Suseno Bumi Moyo Renggodipuro, mratelakake lamun ngrembug budaya Jawa pancen kudu nyakup para guru. Nanging, miturut Suseno, kabeh warga bebrayan agung Jawa wiwit saiki kuwu tangi lan cancut taliwanda bali ngugemi budayane dhewe.
Sapa wae warga bebrayan agung Jawa kang duwe latar jembar, duwe omah amba, utawa duwe kapustakan ing omah, sakbisa-bisane kudu didayakake kanggo ngrembalake krenteg lan kupiya nyinau, ndhudhah lan ndayakake budaya Jawa. Punjer pasinaon budaya Jawa kudu didhedher, didegake, ing ngendi wae, ora kudu ing sekolahan utawa pamulangan resmi.
Latar jembar, omah amba, kapustakan kuwi mau bisa didayakake kanggo ndhudhah tapsiran adiluhung ing maneka dolanan bocah asumber budaya Jawa. Bocah-bocah Jawa jaman saiki wus kelangan papan kanggo ngrembakake kapribaden lan ragane. Para bocah kang gelem nglumpuk ing latar jembar, omah amba utawa kapustakan bisa ditepungake marang samubarang budaya Jawa kanthi cara dolanan.
”Kanthi cara ditepungake sithik mbaka sithik marang budaya Jawa, nanging kanthi cara ajeg, ing samengkone ing jiwane bocah-bocah kuwi bakal nabet tapsiran budaya Jawa kang adiluhung lan wusana bakal dicekeli lan diugemi minangka pancatan nglakoni urip nganti dewasa,” piterange Suseno.

 

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Web Hosting