Tampilkan postingan dengan label L. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label L. Tampilkan semua postingan

Minggu, 16 Februari 2014

Lirik Lagu Lewung

Lewung
Aksara Jawa / Javanese Script: Lewung
Lewung Song Lyrics
Cipt: Maryantoko
Vokal: Etik Ismail- Campursari Sekar Mayank


Dadi lewung atiku
Nalikane sepisan ketemu
Wong bagus dadi laku
Nggodha ati rinten siang dalu

Kinurban jiwo rogo
Ngundang roso tumetes sing kalbu
Lir nguyahi segoro
Datan biso ngluluhke atimu

Suwe nggonku ngenteni
Liwung ing atiku
Antuk jampi dadyo ati sawiji
Nadyan abot tak lakoni

Sabdo pandhito ratu
Mring sliramu dadyo ing sisihku
Mugi gusti Illahi
Tresnaku bakal ginowo mati

Selasa, 04 Februari 2014

Lirik Lagu Tahan Godha

Tahan Godha
Tahan Godha Song Lyrics
Cipt: Eddy Laras
Vokal: Eddy Laras & Ami DS.


Pi :
Aduh lae
Aduh lae mung tansah ngangeni wae
Sawetoro ning paran piye kabare
Ojo-ojo aku wis ra dipikirke

Aduh lae
Uwis suwe nggonku ngenteni baline
Saben-saben sing kePiungu mung suarane
Biso ugo wis duwe wanito seje

Pa :
Numpak kreto mudun ning gambir
Sopo kondo yen aku ra tau mikir
Numpak kreto bali ngayogja
Haning kutho niatku ngono makaryo

Ojo kuatir dik yen aku bakal neko-neko
Percoyo o aku tetep tahan godha
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi :
Aduh lae
Yen pancen bener kandane
Rino wengi aku mung tansah memuji
Mugo biso lestari saklami-lami

Sabtu, 01 Februari 2014

Lirik Lagu Lambe Madu (My Love)

Lambe Madu (My Love)
Cipt: Didi Kempot
Vokal: Didi Kempot


I can feel your sweet lips oh my love
Lambemu rasane legi
The way you kiss me, oh my love
Seprene ra biso lali Oh..rasane legi

I can feel your sweet lips oh sayang
Nganti seprene ora biso ilang
The way you kiss me, oh sayang
Seprene ra biso ilang oh…

Mie angrie foe joe, mie no man zonder joe
Seprene aku eling lambemu
Mie angrie foe joe, mie no man zonder joe
Lambemu rasane koyo madu

The way you kiss me, oh my love
Seprene aku ora lali
Rasane lambemu sing legi
Make mie no man tan zonder joe, oh
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :

Mie angrie foe joe, mie no man zonder joe
Seprene aku eling lambemu
Mie angrie foe joe, mie no man zonder joe
Lambemu rasane koyo madu

The way you kiss me, oh my love
Seprene aku ora lali
Rasane lambemu sing legi
Make mie no man tan zonder joe, oh
Sing tansah gawe kangenku

Jumat, 31 Januari 2014

Lirik Lagu Luntur

Luntur
Vokal: Nurhana
Cipt: Gesang


Yen lunturo wenterane
Ora koyo yen luntur tresnane
Tekan tekane atine
Koyo koyo mung sak sire dewe

Ora sembodho mbiyene
Saben dino mung tansah metukke
Saben kepetuk tembunge
Anggrerepo dadiyo duweke
lirikcampursarinan.blogspot.com

Ora maido kolo mongso
Mung sok gawe gelo
Ewo semono nganti biso
Nglunturke tresno

Ditambakno mrono mrene
Tiwas tiwas ndedowo larane
Nanging Tombo sejatine
Ora liyo mung awake dewe

Lirik Lagu Layang Kangen

Layang Kangen
Vokal : Didi Kempot


Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh neng pipiku
Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iku ugo aku mesthi enggal bali
Ning kepiye maneh margo kahananku
Cah ayu entenono tekaku
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem
Ra maido sopo wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pengin weruh
Percoyo aku kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku
Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iku ugo aku mesthi enggal bali
Ning kepiye maneh margo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

reff :
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem
Ra maido sopo wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pengin weruh
Percoyo aku kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

Lirik Lagu Langit Mendhung Kutho Ngawi

Langit Mendhung Kutho Ngawi
Vokal : Rika Asbi
Ciptaan : Dhalang Poer


Dalan iki biyen nate tak liwati
Nalikane langit mendhung kutho ngawi
Sendang glagah wis ginurit jroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Tak ulati isih koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili
Roso nglangut yen katon pan tanpo pagut
Katresnanku rinenggut purbaning pesthi
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Dalan iki biyen nate tak liwati
Nalikane langit mendhung kutho ngawi
Sendang glagah wis ginurit jroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Tak ulati isih koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili

Lirik Lagu Leyeh Leyeh

Leyeh Leyeh
Vokal: Arum Khotifah WS


Kadhung dapuk pengangguran
Thengak thenguk ning emperan
Leyeh-leyeh penak tenan
Moto ngantuk ra karuan
Weteng kluruk keroncongan
Leyeh leyeh penak tenan
Mikir sesuk ra ketekan
Mikir mbesuk kejengkelan
Leyeh leyeh penak tenan
Ora njaluk ora keduman
Ora ngantuk jare karipan
Leyeh-leyeh penak tenan
Pengangguran,
Pengangguran alah penganggguran
Ora keduman gawean
Pengangguran,
Pengangguran alah penganggguran
Ora keduman gawean
Pengangguran,
Pengangguran penganggguran
Ngebak ngebaki jalanan
Leyeh-leyeh penak tenan
lirikcampursarinan.blogspot.com

kembali ke atas
reff 
kembali ke atas

Jumat, 24 Januari 2014

Lirik Lagu Langgam Lego

Langgam Lego
Cipt: Manthous
Vokal: Manthous


Lego rasaning ati
Kaleksanan kang dadi sedyaku
Wus suwe nggonku ngenteni
Mung sliramu kang tak impi-impi

Rino kelawan wengi
Tak sesuwun dungo lan pamuji
Wus dadi prasetying ati
Mugi-mugi Gusti paring idi

Tak geget pinggiring lathi
Opo tenan opo iki ngimpi
Eling-eling semono yen saben ketemu
Prengat prengut ra dadi kersane

Bebasan umpamane
Wong lumampah tur kasatan toyo
Tetesing katresnan jati
Adhuh Gusti bejane wak mami

Senin, 20 Januari 2014

Lirik Lagu Lela Ledhung

Lela Ledhung


Bawa Mijil:
Cep menenga anakku cah manis
Aja gawe kagol
Kae katon rembulane gedhe
Gilar-gilar cahyane nelahi
Ayo sun dolani
Sak bisa bisaku
lirikcampursarinan.blogspot.com

Langgam:
Tak lela lela lela ledhung cep menenga aja pijer nangis
Anakku sing bagus rupane yen nangis ndhak ilang baguse
Tak gadhang bisa urip mulya dadiya priya kang utama
Ngluhurke asmane wong tuwa dadiya pandekaring bangsa
Wis cep menenga anakku kae mbulane ndadari
Kaya ndhas buta nggilani arep nggoleki cah nangis
Tak lela lela lela ledhung cep menenga aja pijer nangis
Tak emban lendhang bathik kawung
Yen nangis ibu mundhak bingung

Lirik Lagu Luntur

Luntur


Bawa:
Yen diudur ngelantur ngrusakke ati
Nadyan wus sepata
Tresnane luntur ngoncati
Tiwas andedawa lara

Langgam:
Yen luntura wenterane
Ora kaya luntur tresnane
Tekan tekan atine kaya-kaya mung sak sire dhewe
Ora sembada biyene
Saben dina mung tansah methukke
Saben kepethuk tembunge angrepa dadya duweke
lirikcampursarinan.blogspot.com

Ora maido kala mangsa mung sok gawe gela
Ewa semana nganti bisa anglunturke tresna
Ditambakna mrana-mrene tiwas ndedawa larane
Nanging tamba sejatine mung awake dewe

Lirik Lagu Laraning Ati

Laraning Ati


Lara rasaning atiku perihe kaya kekiris sembilu
Laraning ati marang sliramu
Rembugmu ora bisa digugu
Kurang apa aku iki kurang apa anggonku leladi
Ora ana udan ora ana banyu sliramu tega medot karesnan
Laraning ati laraning ati ora ana tomba kang bisa mareni
Aku ra ngira yen bagus rupa yen nyatane duwe sipat kang ala
Tega atimu marang awakku kang tansah setya ngladeni sliramu
lirikcampursarinan.blogspot.com

Rabu, 20 November 2013

Lirik Lagu Lara Branta

Lirik / Syair Lagu
Lara Branta


Yen kelingan mring sliramu adhuh kaya rinujud atiku
Yen siyang tansah katon malelo dalu datan bisa nendra
Apa sira uwis lali tenan ndek semana nate janji
Nedya arep urip bebarengan bungah susah dilakoni 
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Nanging aku ora ngira yen sliramu bakal cidra
Bareng saiki wis mulya banjur krama ora nganggo kandha kandha
Wis pesthine lelakonku adhuh aku mung kudu narima
Sapa kang bisa paring usada nggonku nandang lara branta

Lirik Lagu Lencir Kuning

Lirik / Syair Lagu
Lencir Kuning


Pring gading dinggo sulingan
Lencir kuning mung tansah dadi pikiran
Yen ketemu jantungku nganti deg-degan
Wiwitane deweke ngajak tepungan


Lambene sinigar jambe
Lencir kuning apa wis ana sing duwe
Adhuh lae atiku lha kok magkene yen kelingan
Kelingan esem ngguyune


Godhong suruh ketemu rose
Yen ginigit tunggal rasane ya mas ya pait rasane
Yen ra weruh karo deweke
Sanadyan sedina wae atiku banget kangene
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Gedhang klutuk nggo pakan manuk
Manuk manyar banter mabure ya mas ya banter abure
Yen kepethuk jebule mung manthuk tapi samar
Piye dadine dheweke uwis ana sing nduwe

Lirik Lagu Lingsir Wengi

Lirik / Syair Lagu
Lingsir Wengi

Lingsir wengi sepi durung bisa nendra
Kagoda mring wewayang kang ngerindhu ati
Kawitane mung sembrana njur kulina
Ra ngira yen bakal nuwuhke tresna
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Nanging dhuh tibaning aku dhewe kang nemahi
Nandang branta kadung lara sambat-sambat sapa
Rina wengi sing tak puji aja lali
Janjine muga bisa tak ugemi

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Web Hosting