Selasa, 18 Februari 2014

Lirik Lagu Melati Rinonce

Melati Rinonce
Aksara Jawa / Javanese Script: Melati Rinonce
Melati Rinonce Lyrics
Vokal: Ririk S


Lha kae wus mrene
Nyangking kembang melati rinonce
Tondho yekti teteping kasaguhane
Nuli masrahake tak tompo nuli dikalungake

Soyo tresno tak sawang katon eseme
Ing nuli Piasetyo
Tan nedyo ginggang sak rekmo
Uwis nyoto biso gawe roso mulyo

Iki pasangonmu mawar kuning
Kang kudu sumandhing
Pangajabku
Asih lahir trusing kalbu

Lirik Lagu Kasekso Tresno

Kasekso Tresno
Aksara Jawa / Javanese Script: Kasekso Tresno
Kasekso Tresno Lyrics
Cipt: Fatony AK
Vokal: Novita


Pemandian si tanjung iki
Biyen kawis dadi saksi
Sliramu lan sliraku
Ngucapke janji kang suci

Nanging kenopo saiki
Sliramu cidro ing janji
Lali opo pancen lali
Mugo mugo enggalo bali

Kok tego tenan sliramu
Tansah ninggaPae sliraku
Ra ngerti swarane batinku
Sing tansah nangis ing kalbu

Aku tansah muji ing gusti
Mugo mugo enggalo bali
Urip sesandingan ati
Bebrayan tresno kinanti

Rungokno tangisku iki
Pangarep arepe ati
Duh kangmas enggalo bali
Tumuso tresno sejati

Duh kangmas enggalo bali
Tumuso tresno sejati

Lirik Lagu Kalah Karo Bondo

Kalah Karo Bondo
Aksara Jawa / Javanese Script: Kalah Karo Bondo
Kalah Karo Bondo Lyrics
Cipt: Abung Oyes
Vokal: Yanty Agita


Naliko aku moco layangmu
Sumedot roso atiku
Awan bengi ora iso turu
Amung mikirke sliramu

Durung nganti genep pitung sasi
Sliramu ninggaPae janji
Janji setio nganti tekan pati
Saiki sliramu lali

Loro atiku loro
Aku kuciwo
Ora nyono ora ngiro
Yen sliramu bakal tego

Pedote roso tresno
Ati nelongso
Arep wadul karo sopo
Tresno kalah karo bondo

Durung nganti genep pitung sasi
Sliramu ninggaPae janji
Janji setio nganti tekan pati
Saiki sliramu lali

Lirik Lagu Janji Cidro

Janji Cidro
Aksara Jawa / Javanese Script: Janji Cidro
Janji Cidro Lyrics
Cipt: Yudi & Andika Jaya
Vokal: Novita


Mas opo kowe ra eling
Marang janji Piasasti
Tresnamu iku sayangmu iku
Ora kaliyo kanggo aku

Wis suwe aku ngenteni
Kang bakal nyenengke ati
Tresnamu kuwi sayangmu kuwi
Jebul malah kanggo wong liyo

Cukup semene aku ngugemi
Roso tresno lan sayang iki
Cukup semene kowe nyidrani
Janji kang wus mbok tanam ing jeroning ati

Reff :
Naliko jaman semono
Susah seneng urip bareng
Kowe wis bedo uripmu mulyo
Kok banjur lali karo aku

Wis suwe aku ngenteni
Kang bakal nyenengke ati
Tresnamu kuwi sayangmu kuwi
Jebul malah kanggo wong liyo

Cukup semene aku ngugemi
Roso tresno lan sayang iki
Cukup semene kowe nyidrani
Janji kang wis mbok tanam ing jeroning ati

Lirik Lagu Bapak Gubernur

Bapak Gubernur
Aksara Jawa / Javanese Script: Bapak Gubernur
Bapak Gubernur Lyrics
Cipt: Didi Kempot
Vokal: Didi Kempot


Bapak gubernur kulo bade matur
Kulo niki petani senes insinyur
Saben dinten kerjo kulo namung macul
Nanem pantun ugi nanem sayur mayur

Bapak gubernur kulo nyuwun pitutur
Kulo niki petani sing nemu kojur
Paribasan bubar panen kukur-kukur
Tiwas nandur bubar panen ngelus dengkul

Irigasi toyane kok campur bawur
Banyu kali sakniki kok kados lumpur
Bapak gubernur kulo bade matur

Reff :
Panen kulo sakniki kantun sepikul
Sing serinjing sakniki kantun sewakul
Irigasi toyane kok campur bawur
Jalarane kenging limbah pabrik ngawur

Minggu, 16 Februari 2014

Lirik Lagu Ijo Ijo

Ijo Ijo
Aksara Jawa / Javanese Script: Ijo Ijo
Ijo Ijo Song Lyrics
Vokal: Manthous


PI :
Jo ijo kembang kenongo
Kembang mlati putih rupane
Duwe bojo mas ojo sembrono
Nggo siji kanggo sak lawase

PA :
Putih putih dik kembang melati
Ijo ijo godhong meniran
Karepe munu dik yo mung yo mung yo mung siji
Yen dadi loro, aku kebetulan

Reff :
PI :
Jo ijo si manalagi
Manalagi legi rasane
Duwe bojo kudu sing gemati
Golek gawe bendino rine

PA :
Abang abang dik wedange jahe
Nggo wedangan dik karo morotuwo
Dadi wong lanang dik iku iku iku patrape
Kalah menang hi jarno wae

PI :
Tuku salak mas diwadahi panci
Salak sepet sekaline
Senadyan gelak mas nanging nanging nanging gemati
Tiwas ngider ra wani lungo

PA :
Nam kupat om janure wis tuwo blarak
Nang wonosari ojo sarungan..isis
Yen lepat kulo nyuwun ngapuro
Lelagon iki namung guyonan

Lirik Lagu Ciblek

Ciblék
Aksara Jawa / Javanese Script: Ciblék
Ciblek Song Lyrics
Vokal: Dendang Ersyando



Naliko mlaku-mlaku ning wonokromo
Opo opo cumepak maneko warno
Warung lesehane macak menor bakule
Sajake kok ono karepe

Warung kucingane akeh sing tongkrongan
Dandane moblong-moblong koyo kucing garong
Grayah-grayah tangane ugo takon regane
Tak jawab e emang gue anake wewe

La lae..la lae..la lae..la lae..
Mok kiro aku ciblek
Jare wong suroboyo
Cah cilik betah melek

La lae..la lae..la lae..la lae..
Tangane colak colek
Dasar hidung belang
Aku dikiro ciblek

Lirik Lagu Kalung Emas

Kalung Emas
Aksara Jawa / Javanese Script: Kalung Emas
Kalung Emas Song Lyrics
Cipt: Didi Kempot
Vokal: Didi Kempot



Kalung emas sing ono gulumu
Saiki wis malih dadi biru
Luntur koyo tresnamu
Luntur koyo atimu
Ra nyono kowe lali karo aku

Kalung emas ku mbiyen tak tuku
Tak pasrahke mung kanggo sliramu
Gedhe roso tresnaku
Yo mung kanggo sliramu
Ra nyono kowe lali karo aku

Reff :
Loro atiku,atiku kelaran loro
Rasaning nganti tembus ning dhodho
lirikcampursarinan.blogspot.com

Nangisku iki
Mergo kowe sing nggarai
Kebangeten opo salahku iki
Opo dosaku iki

Lirik Lagu Lewung

Lewung
Aksara Jawa / Javanese Script: Lewung
Lewung Song Lyrics
Cipt: Maryantoko
Vokal: Etik Ismail- Campursari Sekar Mayank


Dadi lewung atiku
Nalikane sepisan ketemu
Wong bagus dadi laku
Nggodha ati rinten siang dalu

Kinurban jiwo rogo
Ngundang roso tumetes sing kalbu
Lir nguyahi segoro
Datan biso ngluluhke atimu

Suwe nggonku ngenteni
Liwung ing atiku
Antuk jampi dadyo ati sawiji
Nadyan abot tak lakoni

Sabdo pandhito ratu
Mring sliramu dadyo ing sisihku
Mugi gusti Illahi
Tresnaku bakal ginowo mati

Lirik Lagu Gagat Enjang

Gagat Enjang
Aksara JAwa / Javanese Script: Gagat énjang
Gagat Enjang Song Lyrics
Vokal : Sri Mantingan



Gagat enjang
Wanci bangun pungun-pungun
Trus ngalamun
Ngungun wruh tibaning embun

Kae suryo
Mungup ing tanceping langit
Mrabawani
Jagat kabeh kaweratan

Ingkang maweh doyo
Uripe sagung dumadi
Suryo condro kartiko
Amengku doyo

Soyo mantep
Ngagungke asmane gusti
Moho asih
Sayekti kang moho suci

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Web Hosting