
Budaya Adiluhung Kalah Kalawan Dhuwit
Ing Kabupaten Sukoharjo durung suwe iki diadani pamilihan kepala desa
(pilkades) ing 125 desa. Saiki wancine warga bebrayan agung ing
Sukoharjo nagih janjine para kades kang kapilih lan wus ditetepake
minangka jejering pangarsa paprentahan ing saben desa kuwi mau.
Ngumbar janji nalika kampanye pancen gampang, nanging mujudake janji
butuh daya lan niyat kang emen-temen. Kepala Desa Gentan, Kecamatan
Baki, Sukoharjo, Uke Kurniawan, nelakake nalika wus kapilih dadi kades
pancen duwe kuwajiban kanggo mujudake kabeh apa kang tau dikandhakake
nalika kampanye”Desa Gentan kene butuh reformasi sistem...