Rabu, 20 November 2013

Lirik Lagu Nunut Ngeyup

Lirik / Syair LaguNunut NgeyupNunut Ngeyup kulo nunut ngeyup Udan lali ra nggowo payung Teng tritis kulo nggih purun Teng emper kulo nggih purun Sak derenge matur nuwun Nunut leren kulo nunut leren Anjeng mantuk sampun kewengen Udane ra leren-leren Banyune netes neng gendeng Leren kulo nunut leren Langite peteng ndedet Howone adem banget Mbok kulo dijak mlebet Kersane tambah anget lirikcampursarinan.blogspot.comSemarang kaline banjir arep nyabrang wedi kintir Nopo kulo angsal mampir kentongan ampun dititir Kali cilik niku kalen jaman cilik konco langen Nopo sampeyan kesupen kulo bade nderek ler...

Lirik Lagu Sopo Sing Marahi

Lirik Lagu / SyairSopo Sing MarahiPa: Yen malem minggu kowe mesthi dandan ayu Mboh ora ngerti kowe mesthi mulih wengi Aku wong lanang aja mung dianggep gampang Ja mentang-mentang wong wadon kok golek menang Pi: Mas tak kandhani jane sapa sing marahi Aku mung meneng nanging kowe ora ngerti Yen aku lunga nanging ora neka neka Atiku anyel aku dolan nggone kanca Pa: E e alah Gusti wong wis salah kok isih nyauri Apa wis ora ngerti wong wadon kok dolan wengi  lirikcampursarinan.blogspot.comPi: Mas mas aja duka mas aku lunga ora apa-apa Yen pancen luput aku nyuwun pangapura Pa: Mula saiki ayo padha ngati-ati Ja padha nganti pasulayan rina wengi Tak suwun bisa urip tentrem lan raharja Urip neng donya ora luput sambik...

Lirik Lagu Pak Rebo

Lirik / Syair LaguPak ReboPak Rebo e e e pak Rebo Pak Rebo laire dina Kemis Yen Setu dodolan neng pasar Senen Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu Ja ngono aja ngono Ja ngono dadi wong aja lamis Neng ngarep mesem mantep sajak gelem Neng mburine ngelek-elek ra karuan E tuku piring duwite pas-pasan E sing dha eling urip mung sepisan Pak Rebo e e e pak Rebo Pak Rebo laire dina Kemis Yen Setu dodolan neng pasar Senen Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu  lirikcampursarinan.blogspot.com Randha pindho randha ping pindho Randha pindho aja sok ngaku gadis Yen lanang nduwe putu ngaku jaka Neng ndonyane edan rak uwis-uwis Pak Rebo e e e pak Rebo Pak Rebo laire dina Kemis Yen Setu dodolan neng pasar Senen Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu Duwitmu omahmu bandhamu ora bakal melu Yen uwis tekan...

Lirik Lagu Lara Branta

Lirik / Syair LaguLara BrantaYen kelingan mring sliramu adhuh kaya rinujud atiku Yen siyang tansah katon malelo dalu datan bisa nendra Apa sira uwis lali tenan ndek semana nate janji Nedya arep urip bebarengan bungah susah dilakoni  lirikcampursarinan.blogspot.com Nanging aku ora ngira yen sliramu bakal cidra Bareng saiki wis mulya banjur krama ora nganggo kandha kandha Wis pesthine lelakonku adhuh aku mung kudu narima Sapa kang bisa paring usada nggonku nandang lara bra...

Lirik Lagu Klinci Ucul

Lirik / Syair LaguKlinci UculBawa Gambuh: Adhuh klinciku ucul Mangka iku dadi katresnanku Ngalor ngidul tepung gelang mung kecelik Saiba bungah rasaku Yen mulih bakal tak pondhong Langgam: Ngubengi kutha sak teruse ing desa desa Marga aku anggoleki sing tak tresnani klinciku ucul Lunga mangetan Surabaya terus nyang Bali Mangulon lunga nyang Bandung ora ketemu Terus aku nyang Jakarta  lirikcampursarinan.blogspot.com Jebul ora ketemu adhuh klinciku aja mbeda aku Terus bali nyang Semarang klinciku wus ana ing kandhang Lha jebulane grusa-grusu keburu napsu Wekasane montang-manting ragate akeh Aku dhewe sing kebant...

Lirik Lagu Kuwi Apa Kuwi

Lirik / Syair LaguKuwi Apa KuwiPi: Kuwi apa kuwi e kembang melati Sing tak puja-puji aja dha korupsi Merga korupsi negarane rugi Piye mas piye aja ngona ngono-ngono kuwi Pa: Kuwi apa kuwi e kembange menur Sing tak puja-puji mbo ya padha jujur Amarga nek jujur negarane makmur Piye dhik piye iya ngona ngono-ngono kuwi Pi: Kuwi apa kuwi e kembange waru Sing tak puja-puji ayo dha bersatu Merga yen bersatu negarane maju Piye mas piye alah ngona ngono-ngono kuwi  lirikcampursarinan.blogspot.comKuwi apa kuwi e kembange melati Sing tak puja-puji aja dha korupsi Merga yen korupsi negarane rugi Piye mas piye aja ngona ngono-ngono kuwi Pa: Kuwi apa kuwi e kembange turi Sing tak puja-puji kudu dha memeti Amurih lestari kabudayan jawi Piye dhik piye alah ngona ngono-ngono k...

Lirik Lagu Jandaku

Lirik / Syair LaguJandaku(merga pepisahan iki, jawaban rasa kuciwa lamun gela sak jroning rasa, pepisaan amarga kuciwa) Amarga lara atiku ra sabar anggonku nunggu Amarga lara atiku ra sabar anggonku nunggu Tansah tak elingke sliramu ra kesusu ora enggal nesu Tansah tak elingke sliramu ra kesusu ora enggal cemburu  lirikcampursarinan.blogspot.com Anakku melu nyang aku Mung tansah kangen sliramu Tansah krasa ing atiku yen lagi takon sliramu Najan benci sak jroning ati Aja lali nyang putra kang siji Welingku wahai jandaku pancen kabeh wis bacut ngene 2x Aja banget anggonmu nelangsa mundhak atiku keranta-ra...

Lirik Lagu Ketar Ketir

Ketar KetirLaguku ngelingake naliko aku Ngeterke sliramu cah ayu Ketar ketir aku tansah ketar ketir Yen tak pikir aku koyo tanpo senter Kelap kelip mobat mabit Yen lagi keterak angin sing semribit  lirikcampursarinan.blogspot.com Dik aku gelo sliramu tak tresnani jebul mentolo Dek sliramu arep pamit lungo Jruning ati rasane keloro loro Najan tak penggak tetep ora biso Yen tak gagas lungamu jor golek opo Tak enteni nganti besok putih rambu...

Lirik Lagu Jaranan

Lirik / Syair LaguJarananJaranan nganggo klambi abang Wong wis tuwo katik nunggang papah gedhang Aduh lae mbok yo golek dalan padang Ngelingono uripmu podho klambrangan Jaranan mangan beling wedi Mlebu warung kathik pesen wedang kopi Bakul ayu terus dicedhaki Bareng mbayar reko reko dadi Gibag gibig gibag gibig Wong wis tuwo ojo nggidit Gedag gedeg gedag gedeg Bujang rondo natap gedeg Jatilan si kromo leo Wong wis tuwo isih koyo joko Gandrung rondo sing denok deblong Bareng ditulak sirahe puyeng  lirikcampursarinan.blogspot.comTuku sewek batikan tuban Wong wis tuwek isih keranjingan Kasmaran atine bingung Bocah dolan dithungi penthung Ojo polah ojo obah Disorak kathoke bedah Jegat jegot jegat jegot Jaran mbandang kolore pe...

Lirik Lagu Gemes

Lirik / Syair LaguGemesOh gemes aku Gemes aku kelingan sliramu Oh nganyelake Bola-bali kok mung kuwi pitakone Oh gemes tenan Yen ngendika astane melu kluyuran Oh mangkelake Durung-durung wis werna-werna kersane  lirikcampursarinan.blogspot.comLo lo lo mengko dhisik Lo lo lo mundhak ora becik Lo lo lo jo kesusu Lo lo lo mundhak digeguyu Oh gemes aku Gemes aku yen moco meneh layangmu Oh mangkelake Ning jan-jane mung nambahi kangen ...

Lirik Lagu Kangen Rindu

Lirik / Syair LaguKangen RinduKaya ngene duh rasane wong yen lagi nandhang kasmaran Rina wengi tansah kelingan ing ati Rasa bungah yen wis tumeka ing janji Ati susah dadi ayem rasa panas dadi adem Pethuk sanetra ati wis krasa marem Ngguya ngguyu mesam mesem ati tentrem Yen ra ketemu seminggu rasane sewindu  lirikcampursarinan.blogspot.com Rindu kangenku banget mawantu wantu Kerepe ati tansah pengin cecaketan Duh wong bagus sumpah mati aku rindu Apa ra pirsa mas (mbuh ra weruh) Apa ra pirsa mas (mbuh-mbuh ra nger...

Lirik Lagu Hewes Hewes

Lirik / Syair LaguWes Hewes HewesWes hewes hewes Dikandhani ora ngrewes nganyelke ati Wes hewes hewes Ganti klambi langsung bablas tanpo bosa-basi Wes hewes hewes Mulur kaya permen karet rak mari-mari Janjine teka ditunggoni nganti wengi, rak bali-bali  lirikcampursarinan.blogspot.comJa ngono mas aja ngono Biyen ngono saiki kok ngene Pipa landa kacang dionceki Lunga terus sapa ta sing diparani Ja ngono mas aja ngono Pipa ledeng aja dithuthuki Ngakune aku sing ditresnani Nyatane aku ra tau dikanc...

Lirik Lagu Dompet Kulit

Lirik / Syair LaguDompet KulitNgalor ngidul potretmu isih tak kempit Ngetan ngulon tak simpen neng dompet kulit Ben ra tales yen udan tak bungkus plastik Mergo kowe wanita sing paling cantik Sopo wonge batine sing ora njerit Kowe malah ninggal lungo tanpo pamit Tak takokke wong pinter sing komat kamit Wangsulane jarene digondol demit Lungo tanpo pamit nuwun sewu amit amit Mbok yo ojo anggit dumeh ayumu selangit Lara atiku rasane pating clekit Bondo entek bojo ucul ucul tanpo pamit  lirikcampursarinan.blogspot.comPengen jajan nganti wis kentekan duwit Biyen trisno saiki dadi penyakit Lungo tanpo pamit… mit ora pamit Wohe manggis bedo isi seje kulit Lungo tanpo pamit… mit ora pamit Mbiyen legi saiki kok dadi pa...

Lirik Lagu Aja Neka-Neka

Lirik / Syair LaguAja Neka-NekaTekleke kayune nongko wong wis tuwek arep golek opo Kembang gedhang saupomo ora patut ojo werno-werno Ono kupu neng tegalan Retno ayu kok isih klametan Kolang-kaling mbok yo eling yen ra eling awakmu ndak gering  lirikcampursarinan.blogspot.comSelembar godonge waru Sing nyekar rada kemayu pancene kemayu Aku yen nyawang esemu Rasane copot jantungku aduh dik copot jantungku Udan ngriwis ojo dandan Wong manis dadi pikiran mung dadi pikiran Sopo sing ora klametan Sopo sing ora kedanan pancen manis manis tenan Elinga anak putumu Ojo mburu ubaling nepsu Wis ndungkap pathet manyura Wong wis tuwa aja neka-n...

Lirik Lagu Bebaya Marga

Lirik / Syair LaguBebaya MargaMalem minggu kutha Sala pancen rame Abang biru speda motor sak wernane Pating sliwer kaya padha rebut banter Nora bener tanpa tandha waton minger Ja sembrana gatekna tandha ing marga Dha elinga bebaya kang nggondhol nyawa Para mudha keh-akehe tanpa duga Dupeh bisa ora eling mring bebaya  lirikcampursarinan.blogspot.comTumrap para pengemudi apa wae Dha nindakna lalu lintas praturane Gambar cumplung njaban kutha wigatekna Aja mbambung mlebu kutha den elinga Praturane lalu lintas sak temene Mamrihake keslametan sapa wae Mendhak dene yen ta padha nindakake Negarane tete harja lan tentr...

Lirik Lagu Eling Eling Emut

Lirik / Syair LaguEling Eling EmutPa: Emut eling emut emut Raos pelem taksih pentil kok rodo kecut Yahut jempolan nggih yahut Lencir kuning alah-alh gawe sirah mumet Pilih cendol nopo dawet yen dirasak-rasakke podho enake Enak tur nganggo tenanan Roso penak alah-alah malah dadi tuman  lirikcampursarinan.blogspot.comNganti koyo manuk keno pulut Kadhung tresno dikapak kapakke manut Monggo monggo monggo monggo dilanjut Cinta ini ojo ojo nganti mrucut Pi: Jaman lagi susah buat apa susah Susah it tiada gunanya Jaman lagi susah buat apa susah Susah it tiada guna...

Lirik Lagu Aja Sembrana

Lirik / Syair LaguAja SembranaAmpyang gulane jawa ya mas ya Pilih kacang apa klapa Dadi wong lanang mbok aja sembrana Aja sembrana Glali jenange gula ya mas ya Wong lali ora rumangsa Sarwa-sarwi ngguyokake tingkahe Suwe-suwe kok mangkelake Adhuk dhik aku sing kleru Aja dadi atimu Durung-durung kowe wis nesu Neng kali nggawa pancingan Wong lali ora kelingan Wong lali ora kelingan  lirikcampursarinan.blogspot.comAdhuh dhik aku sing luput Ja pijer prengat-prengut Wong ayu dadi semrawut Sosor bebek disosor meri Salahku dhewek mohon disori Besuk-besuk nggak lagi-lagi Manis gulane batu ja kleru Sing dodol rupane ayu Janji kemis mesti dadine setu Yen kagol tak tinggal ml...

Lirik Lagu Ulo Sawah

Lirik / Syair LaguUlo SawahUlo sawah welut senengane neng ngendut Dicekel mrucat mrucut janjine biyen manut Piya piye mung manut Saiki kok plintat plintut Welut pancene lunyu sabane turut banyu Bisane mung mangan turu Kono sing tambah lemu kene sing malih kuru Welut ngapusi aku Welut ora nyawel nanging mulut Ati-ati sing kepulut mesti katut Welut senengane mangan lumut Klesar-kleser yen wis wareg terus ngendhut  lirikcampursarinan.blogspot.comWelut tanpo sisik tanpo sungut Biyen becik kok saiki ngowat awu Welut wanine mung karo semut Pinter ngappusi kuwi jenenge welut Lut welut welut senengane turut ngendut Welut welut welut dicekel mrucat mrucut Lut welut welut senengane turut banyu Welut welut welut cekelane pancen lu...

Lirik Lagu Sengkuni Leda Lede

Lirik / Syair LaguSengkuni Leda LedeKurang bagus brengose ditambah angus Gandrung randha ambegane melar mingkus Balung nangka katon ayu randha kembang Jalan lenggang sengkuni terus terangsang Bathok bolu manise ngungkuli madu Pringas-pringis randha ayu gawe miris Pikir bingung njupuk keris kleru irus Lagi ngalamun sengkuni diambung wedhus Jangkrike upa mencok ana lawang Dhasar mata kranjang durung randha kok diserang Ja kaya ngono kaya uwak toma Jarene wis tobat jebulane malah kumat Sengkuni leda-lede mimpin baris terik tempe E barise menggok Sengkuni kathoke mlotrok Sengkuni leda-lede mimpin baris terik tempe E barise menggok Sengkuni kok malah deprok  lirikcampursarinan.blogspot.comWanci awan Sengkuni uwis arep sowan Jelalatan weruh prawan menggok dalan Nunggang jaran lakune kok jondhal-jandhil...

Lirik Lagu Teh Poci

Lirik / Syair LaguTeh PociTeh poci mas manis gulo jowo Mampir mriki bakule mbak ayu Kerso ngunjuk teh poci biso kagem jampi Jampi wuyung sing lagi gandrung E sajake mas ono sing dikarepke Milih mriki nopo milik kae Pripun mas pie yen arep naksir bloko wae Akeh liyane malah milik bakule Pripun badhe manut wae  lirikcampursarinan.blogspot.comTeh poci dik manis gulo jowo Pados jampi malah nemu rondo Rondo soko brang wetan duwite segudang Ngajak dolan pados hiburan E sajake ono sing dikarepke Pingin disko opo karaqoke E pripun, e piye yen kesel ayo bali wae Mumpung isih sore penake diteruske Pripun aku manut ...

Lirik Lagu Semarang – Sala

Lirik / Syair LaguSemarang – SalaSepira adohe sepira suwene Semarang – Sala suwene pira wene Sliramu wis janji arep teka nyambang menyang Sala Pengin kenal kulawarga nyatamu sliramu cidra  lirikcampursarinan.blogspot.comDurung wae dadi wis tega blenjani Apa maneh besok yen urip nyawiji Tinimbang gela ing tembe mburi Tansah panas ati tansah panas ati Becike ora nyawiji Sapa wonge sing ora lara atine Ketresnane kang tulus disepeleke Cuwaning gela rasane ati iki Kenapa tresna marang sliramu cuwaning at...

Lirik Lagu Ngidham Sari

Lirik / Syair LaguNgidham SariBawa: Dhuh wong ayu pepujaning ati Kaya ngene wong nandang asmara Apata awakku dewe Ahuh dewa jawata gung Welasa mring awak mami Besuk kapan katekan Jejer lan wong ayu Umpamakna nahkoda Tanpa prau sasadra den pepetri Ngidan sari asmara Langgam: Upama sliramu sekar melati Aku kombang ngidham sari Upama sliramu margi wong manis Aku sing bakal ngliwati  lirikcampursarinan.blogspot.comSineksen lintange luku semana Janji prasetyaning ati Tansah kumanthil ing netra rinasa Karasa rasaning driya Midera sajagad raya kalingana wukir lan samodra Ora ilang memanise aduh dadi ati sak lawase Nalikanira ing wengi atiku lam lamen si rupa ayu Nganti mati ora bakal lali lha kae lintange ml...

Lirik Lagu Ela Elo

Lirik / Syair LaguEla EloEla elo mbiyen kowe ngomong benci karo aku Sengit sebel apa maneh tresna Nanging saikine ra dinyana kowe malah mbalik tresna Ela elo ela ela elo Ela elo mbok ya aja ngono ngomong sapenake Ora gelem karo karo aku Nanging saikine saben dina kowe sibuk ngrayu aku Ela elo ela ela elo  lirikcampursarinan.blogspot.comPitik cilik ana ngembong Mikir dhisik lagi ngomong Isin isin ya mas Kopat kapit ngiwa nengen Ngaku benci nanging seneng Isin isin ya mas Mlaku mlaku tuku srandhal Karo aku jual mahal Isin isin ya ...

Lirik Lagu Ali Ali

Lirik / Syair LaguAli AliBawa Dhandanggula: Jenang gula glali aja lali Ali ali niki sulih kula Aja dianggep sepele Kula mbotena melu Amung ati tansah nggondheli Yen dadi lara gela Sedih rinten dalu Ketok ketoken kewala Nganti anti mbesuk apa bakal bali Yen bali beja kula  lirikcampursarinan.blogspot.comLanggam: Ngagema ali aliku pamrihe aja lali marang aku Nadyan kula mboten melu mbesuke Ngelingana lelabetku Lamun embane cepaka emane amung tansah gawe cuwa Iki embane kencana pamrihe tansah manggiha raharja Yen nganti ilang mripate jarene nemahi rubeda Yen nganti dinggo wong seje mbesuke wis mangsa bodhowa Pilihanku mripat biru pamrihe mrih sulistya ingkang warni Yen takon isi atiku mbesuke mrisakna ali ...

Lirik Lagu Mbah Dukun

Lirik Lagu / SyairMbah DukunPermisi mbah kula nuwun Napa mriki daleme mbah Mangun Sing kondhang dados dukun Mertamba mesti mantun Gadhah putri namine Atun Kula mriki mbah estu badhe pados jampi Jampi wuyung sanes jampi wudun Pripun mbah pripun Mbah dhukun kersa paring pitulung Keng putra Atun kados kula nggih purun mesthi enggal mantun  lirikcampursarinan.blogspot.comPermisi mbah simbah dhukun terima kasih alias matur nuwun sakit kula pun mantun Diparingi Atun Sak niki kersane kepripun Kula niki mbah anake wong tani utun Sugih beras sugih pantun Pripun mbah pripun mbah dhukun Ampun ngalamun Dhuh adhuh adhuh pripun mbah niki tumbasanipun Andhuk kalih sa...

Lirik Lagu Nonong

Lirik / Syair LaguNonongNonong sing nonong sapa sing nduwe Nonong sing nonong sing ayu dhewe Nonong nambahi ayu ayu ayu dhewe Nononge nambahi manis manis manis dhewe Nonong sing nonong dudu bathuke Nonong sing nonong larang regane Nononge sing mesam-mesem kabeh-kabeh kangen Nononge yen ngguyu merem kabeh-kabeh gelem  lirikcampursarinan.blogspot.comDasar ayu tetep ayu nadyan nonong tambah ayu Dasar manis tetep manis ndyan nonong tambah manis Nonong sing nonong ngendi omahe Nonong sing nonong angel tandhinge Sing nonong dudu bathuke, adhuh-adhuh sayang Sing nonong nyedhaka mrene adhuh-adhuh say...

Lirik Lagu Resepsi

Lirik Lagu / SyairResepsiYen pinuju angrawuhi ing malam resepsiKakung putri ngagem busana kang edi peni Para putri sami lenggah jejer katon rapi Yen sinawang nganti koyo kontes widodari  lirikcampursarinan.blogspot.comPara priya lenggahe rada rada adoh sawetara Uthak-uthik lirak lirik mesam-mesem Ngguya-ngguyu sajak arep mundhut lagu Sinten niku lenggah pojok ndelik ana mburi Menga-mengo sajake ana sing diwed...

Lirik Lagu Lencir Kuning

Lirik / Syair LaguLencir KuningPring gading dinggo sulingan Lencir kuning mung tansah dadi pikiran Yen ketemu jantungku nganti deg-degan Wiwitane deweke ngajak tepungan Lambene sinigar jambe Lencir kuning apa wis ana sing duwe Adhuh lae atiku lha kok magkene yen kelingan Kelingan esem ngguyune Godhong suruh ketemu rose Yen ginigit tunggal rasane ya mas ya pait rasane Yen ra weruh karo deweke Sanadyan sedina wae atiku banget kangene  lirikcampursarinan.blogspot.comGedhang klutuk nggo pakan manuk Manuk manyar banter mabure ya mas ya banter abure Yen kepethuk jebule mung manthuk tapi samar Piye dadine dheweke uwis ana sing nd...

Lirik Lagu Melathi Rinonce

Lirik / Syair LaguMelathi RinonceBawa Mijil: Kang kadulu reroncen melathi Malela katongton Rina wengi amung dadi impen Pepuntone pantes digoleki Dununge wong manis Ingkang maneh wuyung  lirikcampursarinan.blogspot.comLanggam: Lha kae wus mrene nyangking kembang melathi rinonce Tanda yekti teteping kasaguhane Nuli masrahke tak tampa nuli dikalungake Saya tresna tak sawang katon eseme Ing nguni prasetya tan nedya ginggang sarema Uwis nyata bisa gawe rasa mulya Iki pasangonku mawar kuning kang kudu sumanding Pangajabku asih lahir trusing ka...

Lirik Lagu Pitik Kampung

Lirik / Syair LaguPitik KampungMas mbok jangan begitu Ojo grusa grusu Malu ah malu mas Yen ngerti koncoku malu malu Dik nyedako aku Ojo mloya mlayu Terus nglimpeke aku Tak lelo ledung Gandrung aku gandrung Senajan kowe wong kampung Iwak ingkung mas jago wareng Aku isih seneng urip ijen Iwak ingkung dik dodone mentok Wis pantese wong lanang gandrung wong wedok Iwak ingkung mas kanggo bancakan Aku iki durung wani pacaran Iwak ingkung dik pitike kampung Laganono atiku sing nandang wuyung Go wareng bertik kampung Jago wareng nguber uber pitik kampung Kang mas Herman o he sing bagus rupane Opo kowe tetep kelingan aku Kangmas Herman o he sing becik atine Opo kowe pancen tresno aku Bagus rupamu becik atimu Iku sing nggawe tresno neng ati Ojo lali karo ali ali Tondo tresno nganti tekane pati  lirikcampursarinan.blogspot.comKangmas...

Lirik Lagu Nawala

Lirik / Syair LaguNawalaWis tak tampa nawalane surasane uga wis mangerti Warna-warna pamuwuse temahane bisa ndudut ati Ngantiya tekan seprene saya gawe ewuh ing pambudi Nggonku kirim wangsulane sing mesthine dhewekke ngenteni  lirikcampursarinan.blogspot.comNora gampang sanadyan ta mung nulisa layang Amrih padhang yen diwaca wong sing lagi nandang Ora sepira wujude dirasakna abote kepati Nawala mung dluwang wae diguwanga anggondheli ...

Lirik Lagu Sekonyong Konyong Kodher

Lirik / Syair LaguSekonyong Konyong KodherCintaku sekonyong-konyong kodher Karo kowe cah ayu sing bakul lemper Lempermu pancen super resik tur anti laler Yen ra pethuk sedina neng sirah ngliyer Cintaku sekonyong-konyong koder Paribasan during ndemok wani panjer Modal bensin seliter motorku tak setater Tak ampiri ayo tak jak muter-muter Tiwas aku dandan mlipit Rambutku lengane pomit Malah kowe lunga plencing Ora pamit mit mit mit mit  lirikcampursarinan.blogspot.comBir temulawak Nggonku mikir neng awak nganti rusak Rusak njaja njero Sing tak pikir jebule kaya ngono Kembang jambu gogrok dipangan uler Cintaku sekonyong konyong kodher Uler keket mlakune klogat kloget Jabang bayi jebul aku kena pe...

Lirik Lagu Yen Ing Tawang

Lirik / Syair LaguYen Ing TawangBawa Sinom: Yen ing tawang ana lintang Cah ayu aku ngenteni Marang mega ing akasa Sun takon wartane reki Janji janji ku eling Sumedot rasane tyas ingsun Nimas ingsun mersapa Sineksen bumi langit Tangising tyas ngenteni padang rembulan Langgam: Yen ing tawang ana lintang cah ayu Aku ngenteni tekamu Marang mega ing angkasa nimas Sun takokke pawartamu  lirikcampursarinan.blogspot.comJanji janji aku eling cah ayu Sumedhot rasaning ati Lintang lintang ngiwi iwi nimas Tresnaku sundul wiyati Dhek semana janjiku disekseni Mega kartika kairing rasa tresna asih Yeng ing tawang ana lintang cah ayu Rungokna tangising ati Binarung swaraning ratri nimas Ngenteni mbulan ndad...

Lirik Lagu Sluman Slumun Slamet

Lirik / Syair LaguSluman Slumun SlametSluman slumun watone slamet Ngarep arep rejeki aja nganti seret Pinter srawung tundhone wis mesthi untung Ora wurung, yen tinulung becike ojo tanggung-tanggung Sluman slumun sing penting slamet Eling-eling ro kanca ora perlu njimet Etung-etung ben sithik watone untung Modal jujur sing penting sugih sugih sedulur  lirikcampursarinan.blogspot.comSluman slumun slamet dasar wasis lan ubet Aja samar saben dina wis mesthi ngliwet Sluman slumun slamet ora dhemen nyimpet Alah srimpat srimpet tundhone wis mesthi ruwet Eman jo samar yen ra keduman Nyasar nyusur wong sabar wis mesthi su...

Lirik Lagu Sembranan

Lirik / Syair LaguSembrananPa: Enake dhik ayo mlaku-mlaku Tur dhasare iki malem Minggu Katone kowe ngguya-ngguyu Karo mesem sajake kowe setuju Pi: Saiki mas aku nagih janji Yen jarene arep mbok turuti Kepengin gelang sing sak driji Tur ya emas aja mung imitasi Pa: Apa edan yen kowe wis ra kelingan Blonjo sithik wae tur akeh potongan Ya suk emben yen oleh tunjangan Tuku gelang sing gedene ra ukuran  lirikcampursarinan.blogspot.comPi: Aja duka mas yen aku mung sembranan Pora pisan yen aku ngajak guyonan Yen wis suwe aku ngerti dewe Yen blonjone cukup dinggo mangan ...

Lirik Lagu Randha Kempling

Lirik / Syair LaguRandha KemplingNdak pundi mbak ayu badhe tindak pundi Dingaren tindak wae ora numpak taksi Dewekan opo ora wedi Timbang nganggur kula gelem ngancani Kleresan mas alias kebetulan Blanjane kathah rada kabotan Yen purun enggal-enggal ngrencangi Tekan ngomah mangke kula opahi E e tobil wong legan golek momongan Niki blonjo napa mbakyu badhe pindahan  lirikcampursarinan.blogspot.comAmpun gela mas sampeyan ampun kuciwa Kula randha anyaran ditinggal lunga Awan awan lunga blanja neng pasar pahing Prawan randha bagiku ora pati penting Neng Semarang mas tuku gelang opo anting-anting Jo sumelang ya ben randha dijamin kempl...

Lirik Lagu Ngelam Lami

Lirik / Syair LaguNgelam LamiBawa Pucung: Nadyan aku Nora lali mring labuhmu Kumledanging netra Tiwas tiwas hanglam lami Suwe suwe yen digagas gawe gela  lirikcampursarinan.blogspot.comLanggam: Pancen ora disedya wong wis lali teka nyela-nyela Katon kumledanging netra mula ati banjur melu krasa Nadyan laliya wonge ora lali marang lelabete Nalika padha tresnane ninggal bekti angel dilalekake Suwe suwe yen digagas gawe gela ati Wekasane tiwas tiwas anglam lami Paribasan upami sambuk cilik kebacut nemahi Sapa sing gelem nglakoni yen ditari tageh yen nyag...

Lirik Lagu Kasmaran

Lirik / Syair LaguKasmaranYen arep crita karo sopo Yen ora crita kok tmbah nelangsa O soyo suwe kok ngene rasane Sedino-dino kok nglakoni wae Yen ora sambat wis ra kuat Arep njaluk tulung bingung olehku nembung Nganti suk kapan bisa ngedem iki Kasmaran kenyo kang kepati-pati  lirikcampursarinan.blogspot.comTindak-tanduke kalem pra digawe Laran eseme nggregetake Yoben mung mgimpi ora popo Yen ati iki bisa dadi lega Deweke teko lan kondo yen trisna Piya-piye aku pasrah lan l...

Lirik Lagu Kencling

Lirik / Syair LaguKenclingUpomo kowe kembang melati aku keris tak sampiri Tresnamu tresnaku dadi siji tak jaluk jo nganti lali Para tamu kakung miwah putri pada lenggah anyekseni Kinalungan reroncen melati rama ibu mangestoni Lamun pendhok tembaga bisa malih ingkang rupi  lirikcampursarinan.blogspot.com Lamun pendhok kencana iku lambang suci murni Kinclong kinclong ayune tambah mencorong Kencling kencling alah kencling dasar ayu lencir kuning Kinclong alah kinclong cah manis ayo tak bopong E buah kedhondhong saben wengi disobo kalong Aku wedi yen digondhol uw...

Lirik Lagu Impenku

Lirik / SyairLaguImpenkuDhek mau bengi wancine jam siji Kadadak tangi krungu uwong notok kori Tak rungokake keprungu guyune Tak bagekake mangsuli mesem angawe  lirikcampursarinan.blogspot.com Alon-alon aku ngajak guyon Terus sumandhing wonge ilang jebul guling Adhuh impenku suwe tan ketemu Tega mring aku kabarmu piye wong ...

Lirik Lagu Kadhung Tresna

Lirik / Syair LaguKadhung TresnaLamat wus katon tejane yen mbombrong katon mencrong Adhuh wiragane sinawang tan amboseni yen mboseni yen mbesengut wimbuh patut nyata jatmika mrak ati  lirikcampursarinan.blogspot.com Adhuh Lestariya lan lila pisah serema Nadyan bebasane kelingan godhong sak lembar Nimas Kaya wus koncatan rasa sengseming atiku Pacakane sarwa asri jro batinku tansah kuwur Eman Wus lumayan amung nimas para ning...

Lirik Lagu Bengawan Sore

Lirik / Syair LaguBengawan SoreNeng pinggiring bengawan tansah setya ngenteni sliramu Eling eling jamane semana wus ngudap pitung ketiga Neng pinggiring bengawan saben-saben mung munggah tansah kelingan Wus prasetya ing janji kang suci ing lahir terusing ati  lirikcampursarinan.blogspot.comSanajan kaya ngapa manungsa mung bakal isa ngreka lan njangka Gusti kang paring idi lan pesthi kita sak derma nglampahi Neng pinggiring bengawan wayah sore sansaya kelingan Gawang-gawang esemu cah ayu gawe sedhing at...

Lirik Lagu Gantilaning Ati

Lirik / Syair LaguGantilaning AtiSepi rasa batinku iki saben dina tansah dewekan Lungguh ing margi ra dilewati Upama kembang ra disirami Rasa kangen ra bisa dibendung Awan bengi tansah kelisikan  lirikcampursarinan.blogspot.com Ana neng endi papan panggonanne Kok nganti saiki ra ana kabare Apa pancen ra ngrasa aku nunggu nggonmu teka Gantilaning ati mung sliramu Nganti kapan ku nunggu tek...

Lirik Lagu Bagus Adine

Lirik / Syair LaguBagus AdineAku bingung pilih endi Bocah loro sarwo edi peni Siji kakang siji adi kabeh bagus gus bagus gus bagus Gawe bingung atiku Cah loro padha gagahe Yen sinawang kabeh nyenengake Mesthine ana bedhane Yen kon milih lih milih lih milih Aku milih adine  lirikcampursarinan.blogspot.comTuku jagung neng sal legi Aku bingung pilih endi Kebacut mlebu ning ati Tuku kerdus neng sar gedhe Sing bagus bagus adine Sing gantheng gantheng kangm...

Lirik Lagu Setasiun Balapan

Lirik / Syair LaguSetasiun Balapan Ing setasiun mbalapan kutho Solo sing dadi kenangan Kowe karo aku nalika ngterke lungamu Ing setasiun mbalapan rasane kaya wong kelangan Kowe ninggal aku rakroso netes eluh ning pipiku Da… da da sayang Da… slamat jalan Janji lunga mung sedhela jare sewulan ra ono Pamitmu nalika smana neng setasiun mbalapan Solo Jare lunga mung sedhela malah tanpa kirim warta Lali apa pancen nglali yen eling ya enggal bali  lirikcampursarinan.blogspot.comNing setasiun mbalapan kutho Solo sing dadi kenan...

Lirik Lagu Senthir Lenga Patra

Lirik / Syair LaguSenthir Lenga PatraWarunge dibukak (byak) ditata sendok cankire Panas kebul-kebul nyamleng tenan wedang rondhene Peteng remeng-remeng manis-manis pelayane Senthir lenga patra sing dipikir kok ora rumangsa  lirikcampursarinan.blogspot.comEsemane bakule gawe bingung atiku Lirikane mripate gawe mriyang awakku Iki piye iki piye iki piye (piye piye piye) Senthir lenga patra sing tak pikir kok ora rumangsa Alah sethir lenga patra tiwas naksir ora bisa ngg...

Lirik Lagu Sapu Tangan

Lirik / Syair LaguSapu TanganIki sapu tanganmu ganda arum kanggo pepelingku Kamban mlathi mung sawiji tur dadi ati rina lan wengi Tak puja-puji gunane dadi tambane brantane Ya iye iya iye  lirikcampursarinan.blogspot.comNadyan adoh yen kadulu nanging caket jroning ati Wohing aren sela ageng ngejur patra Mbok ya eling prasetyamu sepisanan Gilo iki sapu tanganmu tansah dadi tali katresnanku Terong alit mung sira tak anti-a...

Lirik Lagu Nusul

Lirik / Syair LaguNusulBawa: Galo kae teka nusul Ndhesel ndhesel jowal jawil Padune gemang ditinggal Andhek puna sengal sengil Sumbar sumbar njaluk pethal Ora wurung kinthil kinthil  lirikcampursarinan.blogspot.comLanggam: Lha kae nusul teka teka ulate njegadul Mripate brebes mili anehe nyedhaki njiwiti Tekate nusul watone bisa mbalik kumpul Galake dimareni rewele ora dipindoni Godha neng ndalan eman eman yen mulih dhewe Bisa kelangan katut setan sing ngganggu gawe Lumrahe kaul jenenge dumeh meh disusul Solahe ngrangkul ngrangkul padune sumelang disu...

Lirik Lagu Mleset Janjine

Lirik / Syair LaguMleset JanjinePi: Jare janjine awan malah tekane sore Pa: Aku ra iso awan isone iki sore Pi: He mesthi tekane sore Biyen nganti sak yahene mesthi molor janjine Jare janji awan malah tekane sore Kesel-kesel nggonku nunggu ngenteni teka sliramu Pa: Aku ra bisa awan bisane iki sore Aja kesusu nesu iki lho mendhoan tempe Pi: Kuciwane atiku mangkel rasane Mung nunggu ngarep tekamu kok mleset janjine Pa: Kabeh iki ra sengaja njaluk pangapura Aja dadi atimu kabeh merga arta Pi: Jare janji awan malah tekane sore Biyen nganti sak yahene mesthi molor janjine Pa+Pi (kabeh ra ana bedane awan sore pada wae)  lirikcampursarinan.blogspot.com Pa: Oh oh oh aku Ra isa awan bisaku iki sore Ja banget anggonmu nesu Awan sore pada ...

Lirik Lagu Lingsir Wengi

Lirik / Syair LaguLingsir WengiLingsir wengi sepi durung bisa nendra Kagoda mring wewayang kang ngerindhu ati Kawitane mung sembrana njur kulina Ra ngira yen bakal nuwuhke tresna  lirikcampursarinan.blogspot.comNanging dhuh tibaning aku dhewe kang nemahi Nandang branta kadung lara sambat-sambat sapa Rina wengi sing tak puji aja lali Janjine muga bisa tak ug...

Sabtu, 26 Oktober 2013

"Rukun Agawe Santoso"

Ajining diri pribadiMung gumantung ing wedaling lathiOjo dianggep sepele nyataneGede pigunaneSesanggemaning bebrayanOra cukup pangkat sarto bondoPinongko jangkeping sesrawunganKudu sing waspodoOjo nganti gawe gelo mring sapodo-podoBecik ngalah sawetoro pamriheMurih tentrem sakkabeheYo mas... Yo mas....Kang pantes sinudarsonoAtut runtut tentrem lan raharjoRukun biso agawe santosoYekti kang jinongko...

Jumat, 30 Agustus 2013

"Ora Kudu Nduweni"

Yen tak roso lan tak duluSliramu opo tresno akuNanging ora sak mesthineYen ditempuh mbuh dadineSliramu kudu percoyoYen tresno ra keno dioyoLan ora kudu nduweniYo mung Gusti kang agawe pesthiNanging aku ra rumongsoOjo banget anggonmu tresnoAku njur kudune piyeRoso ewuh ing atikuMulo lilakno tak maturTresnamu ojo nganti nglanturEnggalo antuk panglipurMundhak atimu sansoyo ajur...

Kamis, 09 Mei 2013

Ojo Digondeli

Janjine ora tenananJebule kriwikan dadi grojoganSaben-saben dielingkeNanging sajake kok anteng wae    Pulo-pulo wis mbejagung yo dik to    Wis pancen dadi nasibmu    Tak suwun marang sliramu    Ojo dadi runtik ing atimuIwak cucut wadahe karungBecik mbacut tinimbang wurungAduh mas tinimbang wurung    Ning pasar kok tuku cipir    Ojo samar yen ora tak pikir    Aduh dik ojo kuatirManuk gagak kok ngaku merakPancen sengojo pancen dijarakAduh mas sakit hatiku    Ono kadal mangani roti    Arep budal ojo digondeli    Aduh dik ojo digondeliKembang kacang kembang kedele elae...Glopa glape dadi gaweYen pancen dikarepakeAyo enggal aku terno mulih wae...
Page 1 of 10212345Next

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Web Hosting