Suwung Pamrih Rame ing Gawe
Mbok menawa batine wong-wong sing isih resik banjur padha pengin
nangis nalika maca warta lamun meh separo gubernur ing Indonesia–17
gubernur –-duwe sipat durjana, ngapusi lan nyolong dhuwite rakyat
nganti cacahe atusan miliar rupiah. Bupati uga ora beda, ana 138 bupati/
walikota –saka 497 bupati/walikita sa-Indonesia –dadi koruptor.
Apa sejatine isi atine para panguwasa kasebut kang yektine nyangga
amanat, pangkat lan dipercaya rakyat, nanging malah khianat. Nalika
durung kepilih, padha ngumbar janji bakal ngudi katentreman urip lan
jejeging adil. Ora bakal njupuk lan nrima sing dudu hake, tumandang ing
gawe kanthi sipat jujur lan sregep, ora pamrih puja-puji utawa bandha
donya. Kanyatane?
”Ndeleng wong sing duwe pangkat ing jaman saiki pancen angel nemokake
sing duwe sipat sepi ing pamrih, rame ing gawe,” pratelane dhalang lan
dhosen ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra lan Seni Rupa
Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Imam Sutardjo, nalika disowani Espos, Senen (4/2), ing kantore.
Miturut Imam, sing mratah jaman saiki malah sepi ing gawe rame ing
pamrih. Jaman saiki, akeh wong wegah tumandang lamun ora ngasilake
bathi. Para panguwasa lan priyagung tumandang gawe, nanging ora
katumrapake rakyat. Tumandang gawene mung kanggi pribadi lan golongane.
Nglungguhi kursi panguwasa diwerdeni minangka sarana nggayuh bandha,
dhuwit saakeh-akehe lan nggayuh kuwasa sing luwih dhuwur. Kabeh
lelandhesang petungan tuna utawa bathi. Sing kaudi cetha mung bathi,
kanthi sarana lan dalan apa wae. Pangkat lan panguwasa dianggep barang
sing bisa didol lan dituku.
Dadi gubernur kudu metung duwe pawitan pirang atus miliar rupiah.
Wusana, nalika kasil dadi gubernur, sing dipikir saben dina mung kepriye
supaya pawitan puluhan utawa atusan miliar rupiah mau enggal bali. Dadi
panguwasa ora mikir kepriye supaya rakyat urip luwih tetrem lan makmur.
Imam nelakake ing buku-buku sejarah bisa didhudhah lamun jaman
ngrebut kamardikan para pejuwang wani toh nyawa lan ora ngeman bandha.
Para pejuwang kasebut ngrumangsani ora bakal ngrasakake rejaning jaman,
nanging mikir kepriye supaya anak, putu lan buyut urip tentrem ora ing
regemaning penjajah.
Dene ing jaman saiki, akeh prekara nalika panguwasa tumindak korupsi
ora mung jalaran pancen sipate kang ala. Korupsi katindakake uga jalaran
wangunan lan cakepan politik ing Indonesia kang pancen mbukak
kalodhangan, kepara nyengkuyung mratahe tumindak korupsi.
”Prabeya politik kuwi prasasat ora ana watese. Dadi calon anggota
legislatif utawa caleg kudu sangu dhuwit miliaran rupiyah. Arep nggayuh
kalungguhan bupati utawa walikota tangeh lamun kasil menawa tanpa
pawitan dhuwit atusan miliar rupiyah. Hla, kuwi dhuwit saka ngendi?
Kepriye carane mbalekake, sakorane bisa bak buk,” piterange Imam.
Mula ora nggumunake nalika wus nglungguhi kursi anggota DPR/DPRD
utawa dadi bupati, ing pikirane mung babagan piye carane dhuwit miliaran
sing wus diblanjakake mau bisa bali.
Miturut parampara kabudayan Jawa, KP Sontodipuro utawa Wa Sonto,
kajaba wangunan lan cakepan politik, tatacara sumpah jabatan uga prelu
didandani. Panguwasa utawa pejabat salebare ngucap sumpah jabatan
prayogane diwenehi sertifikat kang isine tetembungan isi sumpah jabatan
kuwi mau. Sertifikat kasebut bisa dicenthelake ing omah dhines lan omah
pribadi supaya tansah kelingan.
”Tulisan ing sertifikat kuwi janji ora bakal nampa utawa menehi
dhuwit utawa barang kang gegayutan kalawan panguwasane,” ujare Wa Sonto.
Ing kahanan saiki, mratah nalika pengin munggah pangkat kudu cucul
dhuwit. Mula, nampa utawa menehi gegayutan panguwasa yang sejatine
tumindak ala kuwi saiki dianggep lumrah ing jagad politik lan birokrasi
ing negara iki.
Nalika dhuwit bisa dadi sarana ngundhakake pangkat, wong bodho
nanging sugih bakal bisa munggah pangkat. Suwalikane, wong pinter
nanging mlarat panggonane yang mung ing ngisor, ora duwe kuwasa mrentah.
”Kudu ada wong sing kuwat lan wani ndandani kahanan iki supaya ora
tambah rusak lan semrawut,” pratelane Wa Sonto.
Apa kang dumadi ing titi wanci pungkasan iki, miturut Wa Sonto
nandhesake lamun wulangan ”suwung pamrih tebih ajrih” warisane Raden Mas
Panji (RMP) Sosrokartono (kakange RA Kartini) wus ora dadi landhesan
tumrap uripe warga bebrayan agung, mligine bebrayan agung Jawa.
”Para panguwasa negara iki akeh-akehe wong Jawa, sakorane duwe oyot
kabudayan Jawa. Nanging, prasasat kabeh wus lali malang jati dhirine.
Suwung pamrih tebih ajrih utawa sepi ing pamrih rame ing gawe wus
dianggep kuno, ora njamani,” piterange Wa Sonto.
Miturut Imam Sutardjo, panguwasa ora prelu ajrih utawa wedi nalika
tumindak bener lan pener, ora khianat marang rakyat lan tansah ngudi
karaharjaning rakyat. “Tebih ajrih” kuwi bakal kagayuh lamun saben dina
tansah tumindak nut paugeran lan tansah ngudi kabecikan.
Tumrap para panguwasa, ”tebih ajrih” bakal kagayuh lamun dheweke bisa
ngecakake panguwasane ora mung kanggo mburu pamrih pribadi: mbalekake
pawitan sing diblanjakake ing pemilihan umum utawa ing pemilihan kepala
dhaerah.
Imam lan Wa Sonto isih yakin lamun yang titi wanci pungkasan iki isih
ana wong sing nalika dipercaya dadi pemimpin bakal ngadeg jejeg ing
dalan jujur lan amanat. Wong siji nanging jujur ing wewengkon papan
dununge maling bakal nampa pacoban lan akeh mungsuhe. Dheweke bakal
nampa maneka pitnah supaya ora ngganggu sing padha tumindak korupsi.
”Becik ketitik, ala ketara,” ujare Wa Santa. Tegese, sanajan antuk
pitnah, wong kang jujur bakal dituduhake marang dalan kabecikan dening
Gusti Allah. Wong kang tumindak ala uga bakal antuk piwales. Suwung
pamrih tebih ajrih dadi laku kang abot ing madyaning urip kang kabeh
sarwa kapetung kudu bathi lan ora kena tuna.
“Payungku Gustiku, tamengku ya Gustiku. Iki dalan spiritual kang
dhuwur kanggo nggayuh wredine suwung pamrih tebih ajrih. Sumendhe marang
Gusti Allah, pasrah,” pratelane Imam. Kanggo nggayuh tataran spiritual
kuwi mau wajib ngugemi sipat lan laku prasaja lan walaka. Prasaja yaiku
sakmadya. Walaka yaiku blak-blakan, apa anane, ora ana sing
ditutup-tutupi.
0 komentar:
Posting Komentar